Titis Wisnu Mantu (1)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Padhalangan - Dibaca: 665 kali

Swuh rep data pitana, anenggih negari pundi ta ingkang kaeka adi dasa purwa. Eka sawiji, adi linuwih, dasa sepuluh purwa wiwitan. Nadyan kathah titahing jawata ingkang kasongan akasa, sinangga pratiwi, kapit ing samodra, kathah kang anggana raras, nanging datan kadinegari Purwacarita ya Medhangkamolan. Mila kinarya bebukaning kandha, ngupaya nagari satus datan antuk kalih, sewu tan jangkep sadasa. Dhasar nagari panjang punjung pasir wukir loh jinawi, gemah ripah tata tur raharja.

Panjang dawa pocap ane, punjung luhur kawiba­wane,  negara kang ngung­kur­ake pagunungan ne­ngen­aken pasabinan, ngering­aken pategalan, ngayunakake bandaran agung. Loh tulus kang sarwa tinandur, jinawi murah kang sarwa tinuku. Gemah lampahe para nangkodha surya madya ratri datan ana pedhote labet datan ana sangsayaning margi.

Aripah, janma manca kang samya be­badra, jejel apipit, aben cukit tepung taritis, papan wiyar katingal rupak awit saking raharjaning nagari. Ingon-ingon kebo sapi pitik iwen tan ana kang cinan­cangan, yen awan padha aglar ing pa­ngonan, yen sore mulih mring kandha­nge dhewe-dhewe. Sanadyan para nara kisma, padha tentrem atine nungkul pangolahing tetanen.

Ingkang madeg naredra ing Pur­wa­carita yaiku Prabu Sri Maha Punggung, Dermamikukuhan ya Sang Maharaja Ka­no. Narendra kang hambeg darmahita, tanuhita, samahita lan sarahita. Lire: karem ulah kapandhitan, remen ulah pangadilan, sengsem ulah kaprajuritan, marsudi reh ing tata krama. Marma si­nisihan para dewa, kinemulan para ma­harsi, kinacek sasamining ratu. Luhur datan ngungkul-ungkuli, andhap tan kena kengisoren. Ratu miguna ing aguna, tan ngendhak gunaning janma.

Dene kaluhurane sang nata paring sandhang marang wong kawudan, asung pangan wong keluwen, aweh banyu wong kasatan, paring teken wong kalu­nyon. Asung kudhung wong kepanasan, aweh payung wong kudanan. Karya su­kane wong prihatin, amulyakaken wong kang sakit, sarta anindakake sama beda dana dhendha. Lampahing kapradatan anindakaken dana wesi asat, lire datan ambau kapine, yen wus lerese kapidana datan mawa wigih. Sanadyan putra sen­tana warga, ugi kapatrapan pamisesa. Sang nata netepi berbudi bawa leksana, lire remen angganjar angawula wisudha. Punapa ingkang kadhawuhake datan kena ewah, kedah kaleksanan.

Sinigeg kang murweng kawi, nuju ing ari Soma Manis sang nata miyos siniwaka ing sitinggil binatu rata, lenggah dhampar denta pinalipit ing kencana, pinatik ing nawa retna, lemek babut prang wedani sinebaran sari-sari, ginan­da wida ing jebat kasturi. Ginarebeg ing bedhaya srimpi, biyada manggung ke­tanggung jaka palara-lara sami ngampil upacara, banyak dhalang, hardawalika katemas sawunggaling, dwipangga kang sarwa retna. Kinebutan lar badhak kanan kering kongasing gandaning nata dumugi ing pangurakan. Sirna sipating narendra, pindha Sang Hyang Wisnu mangeja­wantah den ayap para widadari.

Ingkang  sowan ngabyantara mring ratu lah iku warangka nata……….

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Urip iki cekak banget yen mung trima diisi karo rasa gela lan benci.

Klik

TRADHISI KAUL LAN ABDA’U ING MALUKU TENGAH

Iki sawijining tradhisi mbeleh wedhus ngarepake Idul Qurban. Ditindakake kaping pindho, yakuwi sing umum sawise shalat idul adha, lan ana maneh sing khusus. Sing khusus kanthi mbeleh wedhus 3. Sadurunge dibeleh, tetelune wedhus iki digendhong jarit dening tetuwane adat lan diarak keliling sinambi sholawatan nuju pelataran masjid Negeri Tulehu sawise Ashar. Tujuane ritual iki kanggo tolak balak lan nyenyuwun panga-yomane Gusti Allah kanggo masyarakat Tulehu. (d/ist)

Pethilan

Polri wiwit ngrasakake anane konflik pemilu

Digulung wae pak

Pasangan capres-cawapres setuju pemilu dhame

Pendhukunge sing dikon gontok-gon­tokan

Capres-cawapres nyiapake tim sukses

Sukarelawan, nanging ana pamrih