Kasudibyane kang Namur Laku (11)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Rakyat - Dibaca: 384 kali

Warga desa iku rumangsa ketrucut omongan. Merga dikayangapa wae sing diarani sesepuhe desa mono wong kang elmune ngluwihi tinimbang warga umume. Ya elmu kanuragan, ya elmu kawruh agal alus. Nanging wektu kuwi sa-jake sesepuh desa mau kaya wis ora bisa menehi pamudharan kasangsa-rane warga ing babagan larang ba-nyu. Yen nganti diweruhi dening wong liya desa, awit wis ngerti me-nawa wong kang melu leren takon akeh-akeh mau dudu wong desa kang klebu tlatah kono, mula aja nganti sing dadi sesepuhe desane mau diremehake merga ora bisa ngentasake kasangsarane wong sadesa.

Wong lelaku kuwi meneng sedhela, nanging banjur ngucap gawe sing padha ora nerusake gunem mau ngrungokake kanthi sajak migatekake, “Ngaten lho Ki Sanak sedaya, kula mireng menawi dhusun mriki pendhak mangsa ketiga awis toya, kadospundi sengsaranipun tiyang dhusun mriki kula saged mangertosi. Mila, menawi sampeyan sedaya purun nedahaken sesepuhipun dhusun mriki, kula mangke mbokmenawi saged urun pamanggih amrih kasengsaran tiyang dhusun mriki mboten kedlarung-dlarung. Sinten ngertos, mangke kula saged...”

Tekan kono anggone caturan wis diendheg dening salah sijine warga kang sajak ngerti karepe wong neneka kuwi, “Inggih, kula ngertos.”

 Sawise ngucap ngono warga desa iku banjur bisik-bisik lan rowange. Sing dibisiki mesem karo manthuk-manthuk. Sing mbisiki banjur ganti omong karo wong lelaku kuwi, “Nggih, mangga kula tedahi sesepuhe dhusun.”

Wong lelaku mau rumangsa bakal ketemu wong kang dianggep sesepuhe desa kono lan bisa oleh keterangan luwih jlentreh. Wong lelaku iku kober malah tawa-tawa ngrewangi mikul bumbung banyu, kepengin ngentheng­ake sesanggane wong-wong desa kuwi.

“Sinambi mbacutaken lampah, mangga kula gentosi. Sinten ingkang sampun sayah, mboten punapa-punapa kok.”

Salah sijine sing mikul grenengan karo kancane sing jenenge Sariman. “Man, jarene awakmu rada ora penak, direwangi Mase iki wong sajake kepengin ngrasakne mikul bumbung.”

“Ya wis. Mangga Mase, ning awrat lho,” ujare Sariman.

Warga desa iku gumun, awit tangkebe lelaku kuwi mriyayeni najan menganggone prasaja. Solah bawa lan omongane ora bisa dicolong. Genah dudu wong padesan umume. Sajake oleh nggenteni mikul bumbunge Sariman kok sajak penak wae, kaya ora mikul barang abot.  Lakune barang ya rikat. Ning kabeh mau mung dibatin, ora wani ngomong apa-apa.

Saya gumun maneh bareng wong anyar katon kuwi tawa-tawa nggenteni kanthi gentenan kabeh direwangi mikul bumbung. Embuh kena prabawane apa, kok ya manut bae ngiyani tur maneh ya kebeneran ana sing ngrewangi nyuda abote sanggan mikul bumbung loro isi banyu kebak, kathik panggonan sing dituju isih adoh.

Tekan dalan nikung, warga desa kuwi aweh weruh marang……..

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saya tambah umur saya kabur mripat kita...Iki ora liya merga satemene Gusti Allah lagi madhangake mata batin kita kanggo ndeleng akhirat.

Klik

PASRAH DIPRIKSA DOKTER CILIK

Saperangan ing antarane kita ana kang duwe ingon-ingon ing omah. Apa kuwi asu, kucing, manuk, bebek, pitik lsp. Kerep kewan-kewan ksb nganti dianggep minangka perangan kulawargane dhewe. Malah saking rakete karo kewan ingon-ingone, kerep kewan ingon-ingone ksb pasrah nalika arep diapakake wae dening sing duwe. Kaya ing gambar iki contone. (d/ist)***

Pethilan

Ewonan seniman bakal dikerigake menyang sekolahan

Ngasah uteg tengene siswa

Uji materi nyalon presiden kemungkinan gagal

Calon akeh, patut ora?

Parpol ngerigake kekuwatan penuh ing Pilkada 2018

Ana sing pengin ngganti presiden pisan