Rahmat Allah, Sumber Energi Jagad Raya (5)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 159 kali

4. Srengenge digulung.

Samubarang kang dumunung ana ing Jagad Raya iku ora ana sing langgeng. Kabeh padha ndarbeni tataran panguri­pan. Wiwit saka maune ora ana, banjur da­di ana, nuli bali menyang ora ana. Tata­ran panguripan kang kaya mangkono iku, uga lumaku tumraping srengenge. Trep karo dhawuhe Allah, mangkene maksude:

“Apa sira Muhammad durung su­murup! yen sanyata Allah nglebokake wengi ana ing rina, lan kepareng ngle­bokake rina ana ing wengi! Lan Pan­je­nengane kepareng nglakokake Sre­nge­nge lan Rembulan, kabeh padha lumaku nganti tumeka mangsa kang wus katamtokake! Lan sanyata Allah iku Maha Waspada ing sekabe­hing barang kang padha sira tindak­ake.” (QS. Luqman (31):20).

Ayat kang katur ing ndhuwur nerang­ake, nganti tumekan waktu kang katemtok­ake iku ateges nuduhake wektu panguripan pungkasaning samubarang, trep karo apa kang kepareng katetepake ajale (pung­ka­sa­ne). Mangkene maksud dhawuhe Allah:

(a) “Lan tumrap siji-sijining umat iku wus ana titi wanci ajale (tafsir, sa­ben-saben bangsa Iku darbe wa­tesing jaman mulyane lan jaman am­bruke) dhewe-dhewe, samangsa wus titi wancine ajale, dheweke ora bakal bisa nyuwun mundur utawa nyuwun maju senajan ta sak saat, se­dhela bae.” (QS. Al-Makruf (7):34).

(b). Dhawuha sira Muhammad! Aku ora bisa nulak bebaya kang ngenani awaku, ora bisa nekakake manfa’at, kaja­ba miturut kepareng karsaning Allah. Sa­ben-saben umat iku ana katemtuan ajale, manawa wus tekaning mangsane, sak jam bae dheweke ora bisa nyuwun diundurake lan ora bisa nyuwun diajokake.” (Q.S. Yunus (10):49).

Surat Luqman (31):29 kang katur ana  ing ndhuwur iku ngandhut makna, yen sre­ngenge lan rembulan iku ndarbeni wektu kang winates, ing sajeroning ngestokake dhawuh (tunduk) nyantuni kaperluan lan kebutuhaning manungsa ana ing lumahing bumi. Nalika wektu titi wanci kang wus katemtokake iku mungkasi (berakhir), aki­bate bakal ngedab-edabi. Dhawuhing Allah, mangkene maksude:

“Manawa Rawikara (Srengenge) wus kepareng digulung (lan kahana­ne dadi surem).” (Q.S. At-Takwir (81) : 1). Miturut Ibnu Abbas (sahabat ahli tafsir), makna digulung iku bisa ateges disirep (dipadamkan). Hiya ana ing kene iki tataran wiwite rawikara (srengenge) ora bisa dadi sumber energy, krana ora ana maneh cah­ya sing dipancarake, saengga pung­ka­sa­ning panguripan ing donya, mbaka sethi­thik bakal dadi ancur mungkasi (punah), banjur dumadi dina Qiyamat.

5. Ratih (Rembulan).

Mula bukane dumadi ratih (rembulan). Jagad Raya iki miturut dhawuhe Allah wus sinebut ana ing Al-Qur’anul Karim wiwit abad 5 Masehi. Mangkene maksud dha­wuhe Allah;

“Apa wong-wong kafir iku ora pa­dha sumurup, yen satemene Langit-langit lan Bumi iku asale dhempet  (gembel), dadi siji, nuli Ingsun pisah­ake? Lan Ingsun wus kepareng nitah­ake  kabeh barang kang urip iku saka bayu. Apa dheweke padha ora gelem iman? (Q.S. Al-Anbiyaa (21):30).

Para ilmuwan Muslim ndarbeni pane­mu (ngentha-entha), ayat iki karo sawiji­ning teori kang kondhang kaloka, tinampa dening masyarakat ilmiyah bab mula bu­kane (asal-usule) Jagad Raya iki, yaiku sing kawong karan teori “BIG BANG” (bledho­san kang banget nggegirisi (ngedab-edabi). Iku kabeh esensi (sari pathi) meh padha.

Teori iku nerangake, manawa Jagad Raya iku asal-usule saka sawijining materi sing panase ngedab-edabi, padhet nuli dumadi bledhosan kang agung (maha dah­syat), ledagan kosmik Big Bang, watara  13,7 miliar taun kepungkur. Jagad Raya iku terus saya molor (mengembang), mun­dhak amba sarta saya adhem. Lha sisa-sisane bledhosan mau, sebagian ngalami kondensasi, nuli awujud planet angkasa, antara liya planet bumi, binarung karo pla­net-planet liyane sing ana ing sakiwa –tengene rawikara (srengnge).

Lha krana ngrembkane llmu pengeta­huan lan teknologi, salah sawjining hepo­tese kang kaloka wektu iki, nerangake, ma­nawa mula bukane (asal-usule) duma­dine (terbentuknya) ratih (rembulan), ya­iku karana dumadine tabrakan (benturan) antarane planet bumi karo sawijining pla­net sing sak ukur gedhene karo planet Mars. Sing cetha, hepotese sing paling kon­dhang, babagan mula bukane (terbentuk­nya) ratih (rembulan), yaiku sing karan GIANE IMPACT (tabrakan agung). Dene miturut teori iki, ratih (rembulan) mono asale saka sisa-sisa tabrakan antara bumi kalawan protoplanet sing saukuran karo planet Mars, kang dumadi nalika wektu awal bumi lan tata surya lagi dumadi (ter­bentuk), watara 4,5 miliar taun kepungkur.

Protoplanet sing nabrak bumi iku,  karan “THEIA” watara 30 nganti 50 yuta taun sawuse tata surya dumadi (terbentuk). Mang­kono jlentrehe. THEIA iku ndarbeni kaya dene planet Mars sing lumaku (ngu­bengi) ing orbit bumi, banjur nabrak bumi. Lha nalika nabrak bumi iku, ana ing posisi miring 45 derjat, nalika bumi meh sampur­na dumadi (terbentuk). Tabrakan iku njalari protoplanet THEIA ancur lebur. Sebagian inti wesine ambles (tenggelam) lan nambah kandhele inti wesi bumi. Se­mono uga mantele ambles (tenggelam) sa­jerone mantel bumi.

Hiya tabrakan kang ngedab-edabi iku material saben-saben obyek (Theia lan Bumi) metu lan ngambang sakiwa tengene orbit bumi. Lha akibat tabrakan mau posisi bumi dadi miring 23, 40 derajat, marang garis datar orbit. Mula saka iku watara 20% massa material Theia misah (terlem­par) nuli dadi cincin abu/debu sing ngube­ngi bumi. Dene  separo liyane nuli mlum­puk banjur awujud rembulan. Dene sing 80% liyane dadi bagian saka bumi. Inti utama protoplanet Theia, krana ndarbeni gaya gravitasi kadi dene bumi, nuli dadi gaya tolak-menolak (lelawanan),

saengga ngambang ana ing sakiwa tengene bumi, binarung karo sisa material tabrakan mau. Lha sinambi mubeng lumaku ing orbit bumi, sisa inti THEIA iku nuli narik awu (debu) lan sisa-sisa material (sisa tabrakan) iku, saengga mujudake  badan (tubuh) rembulan. Mangkono ge­nahe dumadine rembulan.

Kekarone  planet rawikara (srengenge) lan ratih (rembulan) iku, mujudake barang (benda) akasa kang kerep sinebut ana ing Al-Qur’anul Karim, antara liya nerangake,  fenomena alam sing dilakoni dening keka­rone planet mau, minangka tandha bakal dumadine dina  Qiyamat. Al-Qur’an malah nglanggengake jenenge kekarone ing surat Al-Qur’an. Rasulullah dhawuh ana ing pa­ngandikane sing diriwayatake dening Imam  Bukhari lan Imam Muslim, manawa rawikara lan ratih (srengenge lan rem­bulan) iku mujudake tandha Keagunganing Allah. Surat Asy’Syamsu (srengenge), surat iki nuzul (tumurun)ana ing Makkah sawuse surat Al-Qadar. Mapan ana ing Jus 30, mujudake surat kang kaping 91, du­madi saka 15 ayat. Dene surat Al-Qamaru (rembulan), surat iki uga nuzul (tumurun) ing Makkah sawuse surat Ath-Thariq, ma­pan ana ing Jus 27, mujudake surat kang ka­ping 54, dumadi saka 54 ayat. Ayat ka­pisan surat iki nyebutake bab dina Qiyamat sing saya cedhak, kang mawa tandha sa­wijining fenomena rembulan sigar (terbe­lah).  (Ana Candhake)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Aja gumedhe mung merga ayu-ne rupa, amarga kuwi bakal luntur dening wektu. Nanging elinga, ayune kridha ora bakal luntur senajan digawa mati pisan...

Klik

NGANTUK

Ora kober ndlosor, semendhe ing tembok uga ora apa-apa. Mangkono mbokmenawa ujare si meong iki. (d/sit)***

Pethilan

Trilyunan rupiah dhuwit negara mili menyang desa

Koruptore aja nganti katut keli

Lumantar gerakan #2019Pilpres Ceria, Mahfud MD ngajak publik milih kanthi cerdas

Amarga kecerdasan kita wis saya ilang akibat memusuhan

Golkar ngukuhi caleg mantan koruptor

Ngajab para pemilihe padha pikun!