Rahmat Allah, Sumber Energi Jagad Raya (4)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 210 kali

Sengenge (surya) lan rembulan (can­dra), iku ora mung dadi takeran (tolok ukur) manungsa sajerone nemtokake etungan (wilangan) wektu. Asil sing (ana) gegayu­tan karo daya (inter aksi) antara srengenge, bumi lan rembulan binarung karo daya gra­vitasi saben-saben  planet mau, bisa njalari nuwuhkake keseimbangan ana ing orbite (pergerakan)  bumi, ngorbit (lumaku ngu­-be­ngi) srengenge sarta lumakune rembu­lan ngorbit bumi, saengga saben-saben  lu­maku (bergerak) mapan ana ing kece­petan kang ajeg, ana ing garis orbit kang uga tetep. Trep ing dhawuhe Allah, mang­kene maksude: “Ora bisa ubenging laku Rawikara (Srengenge) iku nututi ube­nging laku Ratih (Rembulan), lan ora bisa wengi iku ndhisiki rina. Kabeh padha lumaku ana ing tanggal pra­tama.” (QS. Yaa Siin (36):40).

Ayat kasebut ing ndhuwur,  nerangake pola gerak rawikara (srengenge) lan ratih (rembulan), miturut  wawasan manungsa ana ing bumi, kekarone kaya lumaku (ber­-ge­rak) saka wetan menyang arah kulon, ana ing langit, awan. Ing babagan iki Al-Qur’an wus nerangake kanthi terwaca (te­rang), mawa dhawuhe Allah; Wa kullun fii falaky yas bahuun (saben-saben mapan ana ing garis edhare, sing ndarbeni mak­sud, manawa srengenge lan rembulan iku terus lumaku (bergerak).

Jagad Raya mono dumadi saka millia­ran galaksi. Lha saben galaksi ndarbeni milliaran  lintang. Dene  sekabehing lintang  ing sajeroning galaksi uga lumaku (berge­rak) ngorbit pusat galaksi sing karan black hole (bolongan ireng). Dene srengenge mapan ana ing galaksi bima sakti. Ana sa­watara planet sing ngorbit ing srenge­nge, salah sijine yaiku bumi, sing ndarbeni satelit alami, sing terus ngorbit, yaiku rem­bulan (ratih). Lha bumi lan rembulan iku lumaku ngubengi srengenge. Ing kene ga­ya gravitasi srengenge iku nahan sekabe­hing planet, saengga tetep mapan ana ing sacedhake. Tumraping gravitasi sarta ge­rake saben-saben planet iku nuwuhake gaya sentry fugal, sing nahan supaya ora diuntal (di telan) dening gravitasi sregenge sarta tetep mapan ana garis orbite.

Dimangerteni, nalika abad kang kapitu, Al-Qur’anul Surat Ar-Rahman wus ne­rang­ake, manawa langit kang wus didhu­wurake dening Allah sarta wus kepareng milang (menghitung) kanthi mirunggan (aku­rat) samubarang sing ndarbeni daya ngatur keseimbangan Jagat Raya. Ora ana kang luput utawa ketliwar saka wilangan.

(Lha) samungguha sakarone iku ging­sir, yekti ora ana siji-sijia saliyane Allah kang bisa ngeker, sanyata Allah, Panjene­ngane iku Maha Aris tur Maha Ngapura.” (QS. Fathir (35):41).

 

2. Prodhuksi cahya.

Dhawuhe Allah, mangkene maksude: Lan Allah wus kepareng nitahake Rem­bulan madhangi ana ing Langit, lan nitahake Srengenge mencorong (pindha dian mencorong agung) (QS. Nuh (71):16). Ayat kasebut nyebutake cahya rembulan kanthi sebutan “Nur”. De­ne cahya srengenge disebut “Siraj”. Para ahli tafsir (mufassiriin) nerangake, mana­wa cahya rembulan iku sipate luwih ayom (teduh), ora padhang kadi dene siraj (cah­ya srengenge). Cahya rembulan iku mu­jud­ake pantulan saka siraj (cahya sre­ngenge).

Sebabe rembulan ora ngasilake  cahya dhewe. Dene cahya srengenge sing karan siraj, krana padhang banget, sumbere saka awake dhewe. Lha cahya srengenge sing katon tumraping pendudhuk bumi, iku mujudake asil saka pelepasan energy, nali­ka dumadine proses fusi (nyawijine) atom hydrogen dadi helium ana ing bagean pun­jere (inti)  srengenge. Dene tarikan gravi­tasi kang kuwat banget iku, nuwuhake tekanan kang abot sarta temperature (pa­nas) sing banget ngedab-edabi, ing papan watara 15 yuta derajat celsius. Dene teka­nan kang mangkono

hebate iku, darbe fungsi (jejibahan) ing dalem proses nyawijine (fusi) helium, sa­engga ngasilake energy kang maha agung, sing dipancarake tumuju meyang saindenging Jagad Raya, kang arupa ge­lombang panas. Lha hiya gelombang panas iki sing katon minangka cahya sing nyoroti (menyinari) bumi nalika wektu awan. (Sub­ha­nalah, rahmat Allah kang mujudake energy kang murakabi).

 

3. Orbit (gerakan) Srengenge.

Sadurunge abad 20, para manungsa padha ndarbeni kapitayan, manawa sre­ngenge Iku meneng bae, mapan ana ing pangonane lan ora lumaku (bergerak). De­ne bumi sing mujudake salah sijinine pla­net sing ana ing sacedhake srengenge, iku sing lumaku ngubengi (ngorbit)  sre­ngenge. Panganggep kang kaya mangkono mau, dadi owah sawuse ilmu  pengeta­huan manungsa bisa nyipta teleskop sing ndarbeni jangkauan luwih bawera, saeng­ga obyek pengamatan luwih akeh.

Pranyata, jebul srengenge iku uga lu­maku (bergerak). Sadurunge ilmu ma­nung­sa (Ilmu pengetahuan modern) ma­ngerteni, ana  ing abad 20 Al-Qur’anul Ka­rim wus nerangake, manawa srengenge iku uga lumaku (bergerak) ana ing orbite. Trep karo dawuhe Allah, mangkene mak­sude:

“Ora bisa ubenging laku Rawikara (Srengenge) iku nututi ubenging laku Ratri (Rembulan), lan ora bisa wengi iku ndhisiki rina. Kabeh padha lumaku ana ing Cakrawalane dhewe-dewe.” (QS. Yaa Siin (36):40).

Dhawuhing Allah ing ayat kasebut,  saben-saben (benda diluar angkasa) iku lu­maku ana ing cakrawalane dhewe-dhe­we. Iki ndarbeni makna, kabeh samuba­rang (benda-benda diluar angkasa) iku lumaku ana ing garis orbite, cakrawalane. Ora kok mung rawikara (srengenge) lan ratih (rembulan) bae sing lumaku ana ing garis orbite. Kajaba saka iku, perlu dima­ngerteni, galaksi bima sakti iku mujudake galaksi spiral sing dumunung ana ing sa­nje­rone iku, ana rawikara (srengenge) sing dadi punjere tata surya. Galaksi iku ndar­beni watara 400 miliar lintang. Salah siji­ne, yaiku rawikara (srengenge). Sekabe­hing (benda) kang dumunung ana ing ga­laksi iku, lumaku ngubengi pusat galaksi sing kawong karan (arane) Black Hole, uta­wa bolongan ireng. Rawikara (srengenge) dalah sekabehing elemen tata surya, luma­ku ngubengi pusat (central) galaksi, mawa kecepetan watara 828.000 km/jam. Sana­jan ta rinasa  cepet banget, nanging kanggo nuntasake sak puteran srengenge mbutuh­ake wektu sasuwene 23.000 yuta taun. (Subhanallah).

Garis tengahe bima sekti iku watara 100.000 taun cahya. Dene srengenge ana sawatara 28.000 taun cahya saka pusat (sentral) bima sakti. 

(Ana Candhake)

 

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Aja gumedhe mung merga ayu-ne rupa, amarga kuwi bakal luntur dening wektu. Nanging elinga, ayune kridha ora bakal luntur senajan digawa mati pisan...

Klik

NGANTUK

Ora kober ndlosor, semendhe ing tembok uga ora apa-apa. Mangkono mbokmenawa ujare si meong iki. (d/sit)***

Pethilan

Trilyunan rupiah dhuwit negara mili menyang desa

Koruptore aja nganti katut keli

Lumantar gerakan #2019Pilpres Ceria, Mahfud MD ngajak publik milih kanthi cerdas

Amarga kecerdasan kita wis saya ilang akibat memusuhan

Golkar ngukuhi caleg mantan koruptor

Ngajab para pemilihe padha pikun!