Kedadeyan Sanga ing Al-Furqan Ngukuhake Iman (2)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 234 kali

2). Fenomena srengenge bakal sirna.

Sekabehing makhluk bakal sirna, mung Allah Dzat kang Maha Agung kang lang­geng, abadi. Srengenge sing mujudake salah sijining lintang sing bakal sirna lan musna. Semono uga lintang-lintang liyane bakal sirna lan musna. Trep karo dhawuhe Allah mangkene maksude:

Lan maneh, srengenge iku lumaku ana ing lakune (orbite). Kang mang­kono mau (minangka) katetepaning Pangeran kang Maha Gagah Prakosa tur Maha Suwignya. (Q.S. Yaa Siin (36) : 38).

Ana ing Al-Qur’an Surat Yaa Siin kase­but ing ndhuwur, wus ditetepake papan lan wektu kang wus katamtokake. Pirang-pirang abad kepungkur, Al-Qur’an wus ne­rangake, manawa surya (srengenge) lu­ma­ku tumuju marang papan kang wus di­tem­tokake. Kahanan kang mangkono mau lumaku terus nganti tumapak ing wek­tu kang wus katetepake sadurunge. Iki ateges bakal mungkasi (mengakhiri) uta­wa sirna lan musna. Lha kok bisa mangko­no mau kepriye nalare? Mangkene jlentre­he. Srengenge iku darbe massa (bobot) lan volume. Srengenge iku uga mujudake kumpulan atom-atom. Mapan ana ing sa­nje­rone srengenge iku ana reaksi nuklir. Hiya reaksi nuklir iku sing ndadekake panas (melepas panas) lan cahya. Lha krana mu­judakke kumpulan atom sing njalari reaklsi nuklir, bobot (massa) sarta voume (isi) srengenge, saya suwe saya entek. Banjur  sa­wi­jining wektu bakal ilang lan musna (le­nyap). Reaksi nuklir  iku pindha bom atom  kang banget ngedab-edabi (bermega-billiun) ledakan bom atom milliunan. Lha dumunung ana ing njerone srengenge iku, bledhosan (ledakan) akeh banget. Becik ble­dhosan kang ngedab-edabi utawa ble­dhosan kang samadya.

Bledhosan kang nuwuhake panas (ener­gi). Kanthi anane (tuwuhe) iku zat-zat bahan baku sing dadi sumber ble­dhosan atom-atom iku, saya suwe bakal paripurna, ludhes. Dene Srengenge sing darbe massa (bobot) sarta volume (isi) sing gedhe banget iku, nganti tumapak pungkasane (habis), wektune uga ewon taunan.

 

3). Fenomena jagad raya ginulung.

Sok sapa wonge kang tansah muji syu­kur marang Allah, Allah bakal paring tam­bahan nikmat. Semono uga suwalike, sok sapa wonge kang kufur (kufur nikamat) ba­kal kapatrapan siksa. Trep karo dha­wuhe Allah mangkene maksude:

“Satemene manawa sira padha (muji) syukur marang ngarsane Allah, yekti Allah bakal nambah nikmat marang sira. Dene yen sira kufur (mengingkari nikmat paringe Allah), satemene siksa Allah iku sayekti ba­nget larane.” (Q.S.Ibrahim (14):7).

Bajur nikmat sing endi bae sing sira paido? Dhawuhe Alah mangkene mak­sude: “He para manungsa lan jin! Sebab apa sekaronira padha maido (ingkar) marang nikmat paringe Allah pange­ranira? (Q.S. Ar-Rahman (55): 130.

Allah wus kepareng nggelar jagad raya iku, supaya bisa dadi piwulang (pelajaran) tumrap sira kabeh kang padha gelem mi­gunakake pikirane. Kanthi mangkono kita bisa paham utawa mangerteni werdine (dho­­dhok selehe) urip iku, minangka (da­di) kawulane Allah sing tansah makrifat (mengenal) marang Allah. Bener-bener ora ana nikmat kang luwih agung, yen ditandhing karo nikmat makrifat Allah liwat ciptaaNe. Banjur tuwuh ing ati sanubarine keyakinan iman kang nunjem sarta islam, pasrah (taslim) marang  ngarsane Allah. Lha ing babagan iki bakal diaturake wer­dine langit, ing sawijining wektu bakal di­gulung kadi

dene (pindha) kertas kang digulung. Dhawuhe Allah, mankene maksude: “Dhe­weke si kafir iku, ora ngegung­ake marang Allah klawan samesthine KaagungaNe. Ing mbesuk dina Qiya­mat. Bumi iku Ingsun kepel kabeh bae. Sarta langit-langit Ingsun gulung kalempit klawan asta tengen (kodrat lan iradat Allah). Allah iku kang Maha Suci lan Maha Luhur saka brahala kang (dadi) sekuthone.” (Q.S. Az-Zumar ( 39):67).

Langit bakal digulung, miturut dha­wuhe Allah kasebut. Apa lan kepriye langit iku bakal digulung? Mangkene jlentrehe: Tandha-tandha utawa gejala astronomi iku wus dimangerteni (didheteksi) dening para ilmuwan kang nggiluti astronomi, ilmu babagan antariksa (alam semsta). Nalika pur­wakaning (awal) abad 20 para ilmu­wan wus kasil nemokake paugeran utawa  rumusan, manawa jagad raya iku melar uta­wa ganti-gumanti padha ngedoh (nge­dohi) antara planet siji lan sijine, pindha balon kang sinebul. Ana ing kahanan kang kaya mamgkene iki banjur tuwuh pita­konan. Bakal ana kedadeyan apa bae? Apa jagad raya iki bakal molor (mengembang)  terus-terusan? Ing babagan iki para ahli ilmu (ilmuwan) ana sing beda panemu. Ana sing ndarbeni  panemu, manawa jagad raya iki terus molor (mengembang) nganti tumekan wektu kang ora ana pungkasane (tiada berakhir), saengga dinuga (dipre­diksi) bakal ora dumadi swasana jagad raya iki bakal digulung. Kanthi mangkono  dina Qiyamat bakal ora ora tumapak (ora dumadi). Lha kajaba saka iku ana golo­ngan ilmuwan kang darbe panemu (mem­prediksi), manawa jagad raya iku bakal digulung, trep karo maksud dhawuhe Allah, kaya kang wus katur ana ing Q.S. Az-Zumar (39);67) ing ndhuwur. Miturut ilmu astronomi, lintang-lintang iku uga bakal nga­lami kematian. Bisa uga dumadi planet-planet lan asteroid padha saling tubrukan ing  Akasa (Angkasa) antara siji lan sijine. Ana pitakonan maneh, banjur kepriye  ge­nahe, munguhing wong (pawongan) kang nerangake, manawa dina Qiyamat iku bakal ora dumadi? Utawa jagad raya iku ora bakal digulung? Mangkene genahe: Perlu kinaweruhan. Donya iku ndarbeni sipat kang winates (terbatas). Donya iku  ndarbeni wektu, ruang sarta urip kang wi­nates. Supaya gampang dimangerteni, ing kene bakal diaturake conto kang sa­madya, yaiku pindhane krupuk mentah kang digo­reng. Nalika krupuk mentah ka­ton cilik. Sa­wuse digoreng dadi mundhak gedhe. Lha apa krupuk iku bakal mun­dhak terus-te­rusan (dadi luwih gedhe)?. Pranyata kru­puk iku ora bakal mundhak gedhe trep karo wates gedhene. Krana sa­wijning se­bab, krupuk iku bakal mim­pes, mengkeret, dadi cilik. Wusana nuli ilang, (rusak). Se­mono uga jagad raya iki. Ing sawijning wek­tu digulung nganti dadi sapringkil. Gum­palan kang sapring­kil iku bakal (nuli) mblodhos (meledhak), Qiyamat Kubra du­madi. Subhanallah!  

(Ana Candhake)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)