Rahmat Allah, Sumber Energi Jagad Raya (3)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 206 kali

(b). Qabil lan manuk Gagak

Rajapati kang kawitan, yaiku nalika Si Habil (putrane Nabi Adam) dipateni de­ning Qabil ya (putrane Nabi Adam). Lha nalika Qabil merjaya (mateni) Si Ha­bil, dheweke bingung atine, kepriye pa­ngudine sawise sedulure tumekeng ing pati. Allah nuli kepareng ngutus manuk  Ga­gak, kanggo menehe tuladha ngupa­kara jenazah sedulure. Manuk gagak mau nuli ndhudhuk lemah, kanggo ngu­bur sedulure sing tumekeng ing pati iku. Kanthi  mangkono Qabil pikoleh piwulang ngupakara mayite sedulure kasebut. (Ma­nuk Gagak iku miturut  ahli Ornitologi saka Mc. Gill University Kanada, kalebu ma­nuk sing ndarbeni kecerdhasan  dhu­wur).

Swasana piwulang dening manuk ga­gak iku trep karo dhawuhe Allah, mang­kene maksude: “Allah nuli ngutus manuk gagak kang aceceker lemah, krana Panjenengane karsa meruha­ke marang dheweke, si Qabil, ke­priye carane (bisa) mendhem bang­kene sedulure. Dheweke, si Qabil, ngucap: “Adhuh cilaka banget aku, ya gene aku ora bisa tumandang ga­we kaya dene manuk gagak iku. Nuli aku bias ngubur jenazahe se­dulurku iki. Nuli dheweke dadi wong kang padha getun keduwung.” (QS. Al-Maidah (5):31).

 

(c). Nabi Isa a.s:

Nabi Isa uga ndarbeni kisah, sing ge­gayudan karo manuk. Sing nganti saiki isih dadi lukisan utawa gambar simbolis tumrap wong-wong Kristen. Nalika se­mana kaum Nabi Isa, nyuwun tandha yekti (bukti), manawa Nabi Isa iku bener-bener utusane Allah. Allah nuli kepareng paring dhawuh marang Nabi Isa, supaya golek lempung (tanah liat), supaya dike­pel-kepel, lan dientha kadi dene manuk. Nabi Isa nuli nyebul adonan lempung sing wus dientha kadi dene manuk iku, nuli sa­nalika adonan lempung sing wus kaen­tha kadi dene manuk iku owah, malih dadi manuk sing sabenere. Trep karo dhawuhe Allah. Mangkene maksude:

“Elinga! Nalika Allah kepareng paring dhawuh! He Isa putra Ma­riyam! Sira ngelingana kanikmatan Ingsun kang tumrap sira lan Ibunira, yaiku nalika Ingsun ngukuhake ing sira kalawan Ruh Suci, Jibril, sira guneman karo para manungsa, ing nalika sira isih ana ing ngembanan lan nalika wus tuwa, sarta nalika Ingsun wus ngertekake marang sira Kitab lan kawicaksanan, Taurat lan Injil, lan sanalika sira nggawe  ma­nukan  lempung kanthi izinIngsun. Tumuli sawuse sira damu, duma­dakan banjur dadi manuk temenan kalawan izinIngsun.” (QS. Al-Maidah (5):110).

 

(d). Nabi Sulaiman lan Nabi Dawud.

Kekarone utusane Allah, yaiku Nabi Dawud lan Nabi Sulaiman, iku kalebu sing akeh wawan wicara (inter aksi) karo makhluk Allah sing bisa mabur. Kekarone hamba Allah iku yen lagi dzikir (mane­kung manungku qalbu), gunung-gunung lan manuk-manuk serta tetuwuhan pa­dha sahiyeg saeka praya padha melu dzikir.

Manuk Hud-hud, tumraping Nabi Sulaiman, ora mung dadi wadya balane, nanging uga dadi telik sandi (spionase), kang ngupadi informasi utawa kulak war­ta adol prungon marang kraton-kraton sakiwa tengene. Kerajaan Sabak kelakon takluk marang Nabi Sulaiman, krana info kang mirungan sing dikumpulake dening manuk Hud-hud. Trep karo dhawhe Allah sing ana ing QS. An-Naml (27):20-28) kaya kang wus katur ana ing ndhuwur.

 

II. JAGAD RAYA.

1. Srengenge lan rembulan. Srenge­nge (rawikara) iku ndarbeni jejibahan nyedhiyakake cahya tumraping bumi  sarta dadi sumber energy kang mirung­gan. Hiya krana srengenge iku, tetuwu­han bisa thukul lan nyediyakake oksigen (hawa resik) tumraping makhluk kang urip ana ing salumahing bumi. Trep karo dhawuhe Allah, mangkene maksude:

Surya lan Candra iku wus  ka­tem­tokake (dening Allah) mawa etungan kang patitis. Lan thethu­kulan sarta kekayon padha su­mung­­kem ing (ngarsaning) Allah. Sarta Allah wus kepareng ndamel Langit sap pitu ana ing ndhuwur. Lan Panjenengane ndokokake traju (timbangan) keadilan, supaya aja padha leluwihan tumrap perkara traju (timbangan). Lan  sira pdha nge­trepna adil ing timbangan, lan aja sira kurangi. Lan Allah uga wus kepareng nitahake bumi kang di­eng­goni para manungsa. Ing bumi kono ana woh-wohan lan wit kurma, kang ing kono ana manggare. Lan ana wiji kang padha garing go­dhonge. He manungsa lan jin! Sebab apa sekaronira padha maido nikmat peparingane Allah Pangeranira?”  (QS. Ar-Raahman (55):5-13).

Surya lan candra iku  kekarone (ben­da angkasa) padha ndarbeni daya (pe­ngaruh) marang bumi. Senajan ukurane srengenge iku tikel kaping 400 luwih ge­dhene katimbang rembulan. Kekarone iku ndarbeni jejibahan (fungsi) kang agung tumraping fenomena alam ana ing bumi. Kaya ta gilir gumantine awan lan bengi, gumantine mangsa (musim), gelombang pasang (rob) laut lan liya-liyane.

Al-Qur’an nerangake, manawa  keka­rone (surya lan candra) iku mujudake tandha yekti keagungane Allah, Dzat kang Maha Agung. Malah kekarone iku dadi jenenge Surat ana ing Al-Qur’anul Karim. Iku ateges nuduhake sepira ge­dhe­ne manfa’at kekarone marang pa­nguripaning makhluk Allah ing saluma­hing bumi. Tembung Syamsu (srenge­nge) iku kasebut  ana ing Al-Qr’anul Ka­rim nganti ambal kaping 30. Dene Al-Qa­maru (rembulan) sinebut nganti am­bal kaping 25. Surya lan candra iku ngor­bit (beredar) miturut etungan  tinamtu (bi husban), iku ngandhut makna, ma­nawa samubarang (benda-benda  la­ngit) sing gegandhengan karo surya lan candra, wiwit ukurane, materi susu­nane, posisine nganti lumakune (gerak­nya) iku kabeh ndarbeni etungan, uku­ran. Kanthi mangkono, manungsa bisa ne­tepake etungan, wektu, nganti wila­ngan sasi, taun sarta abad. Trep karo dhawuhe Allah, mangkene  maksude:

“Panjenengane kang wus kepa­reng ndadekake Srengenge (Rawi­kara) kanggo pepadhang, lan wus kepareng ndadekake Rembulan (Ratih) kang mawa cahya-cahya, lan Panjenengane kang wus kepa­reng netepake panggonan riling (orbit) siji-sijine Surya lan Candra, supaya sira  padha mangerteni wi­langane umuring taun lan etunga­ne sasi. Allah ora kepareng nitah­ake kang mangkono iku, kajaba kalawan haq (kanggo nuduhake barang haq lan batal). Panjeneng­a­ne nerangakae ayat-ayat tumrap wong-wong kang padha manger­teni.” (Q.S. Yunus (10).

Kajaba ayat iki, jejibahan (fungsi) sing padha saka surya lan candra uga didhawuhake dening Allah ana ing Q.S. Al-Isra 917):12. Mangkene maksude:

“La Ingsun wus kepareng nda­dekake rina lan wengi iku, dadi ayat kekarone kang nuduhake Kuwa­san­ Ingsun. Ingsun nuli mbusek ayating tandha wengi (Rembulan) lan Ingsun wus kepareng ndadekake ayating tandha awan, iku Srenge­nge iku padhang, supaya sira kabeh padha golek (ngupadi) kanugrahan saka ngarsane Pangeranira, lan supaya sira kabeh padha manger­teni wilangan taun lan ilmu etung (hisab), lan kabeh perkara agama sarta panguripan ana ing donya­nira, yekti wus Ingsun pratelakake princi-princi kalawan terang sarta gamblang.” (Q.S. Al-Isra (17): 12).

(Ana Candhake)

 

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Aja gumedhe mung merga ayu-ne rupa, amarga kuwi bakal luntur dening wektu. Nanging elinga, ayune kridha ora bakal luntur senajan digawa mati pisan...

Klik

NGANTUK

Ora kober ndlosor, semendhe ing tembok uga ora apa-apa. Mangkono mbokmenawa ujare si meong iki. (d/sit)***

Pethilan

Trilyunan rupiah dhuwit negara mili menyang desa

Koruptore aja nganti katut keli

Lumantar gerakan #2019Pilpres Ceria, Mahfud MD ngajak publik milih kanthi cerdas

Amarga kecerdasan kita wis saya ilang akibat memusuhan

Golkar ngukuhi caleg mantan koruptor

Ngajab para pemilihe padha pikun!