Rahmat Allah, Sumber Energi Jagad Raya (2)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 234 kali

(2). Pemahaman kang nalisir

Allah kepareng paring dhawuh, mang­kene maksude: “Lan manawa sira pitakon marang wong-wong kafir (ka­fir Makkah), sapa ta sing ni­tahake langit-langit lan bumi, lan kang ke­pareng nglakokake rawikara (sre­nge­nge) sarta ratih (rembu­lan)? Wong-wong mau mesthi bakal mang­suli, Allah. Geneya sira kabeh padha mlengos saka manembah ma­rang Ingsun? (QS. Al-Ankabut (29) : 61).

Supaya dimangerteni, manawa sa­du­runge Rasulullah diutus dening Allah kang Maha Wicaksana, medharake (me­nyampaikan) risalah, wong-wong kafir Makkah satemene sadurunge wus nge­nal (mangerteni) marang Allah. Ayat kang katur ing ndhuwur nerangake (mbuk­tekake), manawa wong-wong mau wus padha mangerteni sing nyipta Jagad Raya lan saisine yaiku Allah, sa­engga manawa wong-wong mau dita­koni sapa sing nyipta langit-langit lan bumi? Wong-wong mau asung wangsu­lan, Allah, kang nyipta.

Ilmune wong-wong nalika semana mbuk­tekake, manawa Allah kang nyipta Jagad Raya iki, yaiku sesembahan (Tu­han) sing Esa (tunggal), pindha Risalah Rasulullah s a w. Nanging ana samuba­rang kang anyar, sing mujudake  kaung­gulan sing asung keterangan, manawa Allah iku kagungan Asma kang bagus kang rinangkum ana ing Asmaaul Hus­naa (Asma-asma kang Mulya). Risalah-risalah sadurunge ora ana pituduh baba­gan Asmaaul Husnaa. Krana Asmaaul Hus­naa iku mujudake babagan (fenome­na) anyar, sing ora nate diweruhi dening wong-wong Arab sadurunge Agama Islam  tumapak, mula sawijining wektu nalika Rasulullah lagi munajat, ndonga, kanthi nyebut kalimat Ya Allah, Ya Rah­man, Ya Rahim, wong-wong mau padha gumun sarta mangira, manawa Njeng Ra­sul ndonga marang ilah (tuhan) sing akeh. Wong wong kafir nuli padha cluluk; “hayo coba delengen”, rungokna dhewe­ke iku (Muhammad)  ndonga marang ilah luwih saka rong ilah (tuhan). Ka­mang­ka dheweke nglarang marang kita, marang kang mangkono iku. Nuli tumu­run wahyu, mangkene maksude:

“Dhawuha sira Muhammad! Sira  ndedongaa marang Allah, utawa nde­dongaa marang kang Maha Murah, Ya Rahman, endi wae kari milih Asma loro iku kang sira enggo  ndedonga. Satemene kabeh Asma kang becik (Asmaaul Husnaa) iku kagungane Allah.” (QS. Al-Isra (17):110).

Hiya iku salah sawijning kaunggula­ning Syari’at Islam. Allah kagungan Asmaaul Husnaa. Saben Asma Allah iku mujudake (representasi) sipat-sipat sing sarwa Maha. Saben pawongan pinari­ngan kebebasan ngonjukake (meman­jat­kan) donga, munajat sarta nyuwun ma­rang ngarsaning Allah, kanthi Asma apa bae sing dikarepake trep masalah  sing disuwunake donga.

Upamane kepengin pinaringan rejeki sing halal, kanthi nyebut Asma Allah  Dzat kang Maha paring rejeki “Ya Razza­qu”. Mangkono sateruse. Kanthi Asma apa bae, Panjenengane dialembana, di­su­wuni pangapura, dimunajati, Allah ke­pareng midhangetake panyuwune kawu­lanE sarta ngabulake  donga kawulanE.

 

(3). Sipat Ar’Rahiim.

Dinulu saka seblake  (kepakan) suwi­wine manuk, yaiku nalika manuk lagi ma­bur, dhawuhe Allah, mangkene mak­sude : “Lan apa dheweke padha ora ndulu (ndeleng) manuk kang padha mabur ana ing ndhuwur, kalawan megar-mingkupe suwiwine? Ora ana kang ngeker awake manuk mau, ka­jaba Allah kang asipat Maha Murah. Sanyata Allah iku Maha mriksani ing samubarang.” (QS. Al-Mulk (67):19).

Mangkene jlentrehe: Tataran (swa­sa­na) kang dumadi nalika suwiwine ma­nuk iku mingkup. Nalika manuk mau nging­kupake suwiwine, wilah-wilah (bilah-bilah) suwiwine kang binuka, bakal terus nutup rapet, saengga hawa (udara) kang ana ing ngisore suwiwi ora mili (mengalir) marang bagian  ndhuwur suwiwi. Lha, hiya kahananan kang mang­kono iku sing njalari hawa ngisor suwiwi bakal aweh tekanan arah ngarep ndhuwur, saengga ngasilake kekuwatan (gaya) angkat  sarta daya nyurung. Dene tataran sawuse, sing dumadi, nalika  su­wiwi manuk mau binuka (mengembang), wilah-wilah (bilah-bilah) suwiwi bakal binuka, saengga hawa kang ana ing ndhu­wur bakal mili (mengalir) mangisor.

Kajaba saka iku samubarang kang njurung mekanisme mabur manuk mau, yaiku: Bobote balung sing entheng, tipis, nanging atos. Sebagian gedhe saling ge­gandhengan, saengga  serat otot luwih sethithik. Mungguhing manuk tinamtu, ana sing bobote balung kerangkane luwih entheng katimbang wulune. Dene otot sing paling gedhe mung  otot kanggo ma­bur. Bobote watara 30% saka kabeh bobot awake. Dene sistem pernafasan mawa kanthong hawa nalika mabur.

Mangkono antara liya rahmate Allah kang kaparingake marang satoiwen (ma­nuk). Sipat Maha Rahmane Allah uga bi­sa dipriksani ana ing crita-crita Al-Qur’a­nul Karim, antara liya mangkene:

 

(a). Nabi Ibrahim khalilullah

Nalika zaman Raja Namrut kang we­ngis, manungsa padha nyembah marang brahala. Pangajake Nabi Ibrahim marang manungsa supaya nyembah Allah, ora di­re­wes, ora dipaelu dening wong-wong. Nabi Ibrahim nuli nyuwun marang Allah, supaya imane Nabi Ibrahim dadi lu­wih kukuh kuwat. Malah Nabi Ibrahim nyu­wun marang Allah, keparenga Allah paring hidayah, kepriye carane Allah  ngu­rip­ake marang pawongan kang wus tilar donya. Allah banjur kepareng ndangu marang Nabi Ibrahim, apa sliramu du­rung yakin! Nabi Ibrahim matur, manawa dheweke wus yakin. Nanging supaya dhe­weke luwih mantep imane, nyuwun marang Allah kaya ature ing ndhuwur mau. Allah kepareng minangkani panyu­wune Nabi Ibrahim

Nabi Ibrahim kadhawuhan nggawa ma­nuk cacahe papat, supaya kabeh pa­dha disembelih lan dicacah terus dicarub (diaduk). Sadurunge disembelih, manuk mau dipurih lulut (cumbu) marang Nabi Ibrahim. Nuli kadhawuhan mapanake cacahan (adukan) manuk mau ana ing pucuk gunung, cacahe gunung mau uga papat. Nuli kadhawuhan ngundang ma­nuk-manuk mau. Ora antara suwe ma­nuk papat mau urip maneh sarta padha mabur marani Nabi Ibrahim. Trep karo dhawuhe Allah, mangkene maksude:

“Lan nalika Nabi Ibrahim (lagi) mun­juk marang PanjenengaNe,”Dhuh Pa­nge­ran kawula, mugi Paduka nedahna dhumateng kawula, kados pundi Paduka (saged) nggesangaken para tetiyang ing­­kang sampun tumekeng ing pati (pe­jah)? Allah kepareng ndangu, apa slira­mu durung pitaya? Nabi Ibrahim mun­juk maneh. Inggih sapun pitados, na­nging supados manah kawula punika sa­geda tentrem! Allah banjur paring dha­wuh: “Sira njupuka manuk papat, banjur manuk mau gawenen cumbu marang sira! Nuli juwing-juwingen, banjur sira dokokna ana ing saben-saben gunung se­bagian saka manuk mau. Tumuli un­dangen! Mesthi banjur

Padha mabur marani ing sira re­rikatan. Lan sira padha sumurupa, sanyata Allah iku Maha Murah, Ma­ha Wicaksana.” (QS. Al-Baqarah (2):260).

(Ana Candhake)

 

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Aja gumedhe mung merga ayu-ne rupa, amarga kuwi bakal luntur dening wektu. Nanging elinga, ayune kridha ora bakal luntur senajan digawa mati pisan...

Klik

NGANTUK

Ora kober ndlosor, semendhe ing tembok uga ora apa-apa. Mangkono mbokmenawa ujare si meong iki. (d/sit)***

Pethilan

Trilyunan rupiah dhuwit negara mili menyang desa

Koruptore aja nganti katut keli

Lumantar gerakan #2019Pilpres Ceria, Mahfud MD ngajak publik milih kanthi cerdas

Amarga kecerdasan kita wis saya ilang akibat memusuhan

Golkar ngukuhi caleg mantan koruptor

Ngajab para pemilihe padha pikun!