Rahmat Allah, Sumber Energi Jagad Raya (1)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 287 kali

Allah wus kepareng nyipta satus rah­mat, salah sijining rahmat iku kepareng kapa­panake ana ing donya, saengga kanthi Rahmat iku dumadi (terjalin) rasa kasih sa­yang antara sekabehing makhluk. Isih ana 99 Rahmat kang dumunung ana ing pangkone Allah. (HR. Ahmad).

 

PANGERTEN:

Rahmat Allah iku mujudake sumber ener­gi (kekuwatan dhasyat) Jagad Raya. Sing dimaksud energi, yaiku sawijining daya (kekuwatan) sing kepareng tinitipake dening Allah marang sajeroning sipat pisik materi. Dene materi sing mujudake papan kang dititipi iku, ora ndarbeni kendhali tum­raping energy iku. Tegese, ora bisa nam­bah, ngurangi, ngrusak utawa mujudake (nyip­ta), mung bisa ngowahi (mengonver­sinya) dadi wangun energy liya, trep ka­lawan  kaidah: “la haula wa laquwwata illa billahil aliyyil ‘adzim” (ora ana daya lan kekuwatan, kajaba saka ngarsaning Allah kang Maha Mulya lan Maha Agung).

Ilmu pengetahuan modern kasil bisa nemokake kasunyatan, manawa energy iku ora bisa dimusnahake (diancurake) sar­ta ora bisa diwujudake dening materi apa bae, sing ana ing Jagad Raya iki. Ban­jur saka ngendi energi iku mula bukane?

Iku bisa dimangerteni, manawa energi iku cinipta binarung (bersamaan) karo ci­nip­tane Jagad Raya iki. Hiya krana energi iku samubarang saka sing cilik nganti sing gedhe ana ing Jagad Raya iki, bisa njaga ke­seimbangan sarta ndarbeni manfaat tum­raping manungsa sarta njalari (meme­lihara) panguripan ing lumahing bumi, su­paya bisa tetep lestari. Iku mujudake ka­sunyatan, bukti utawa tandha yekti sipat Rah­man Allah marang sekabehing makh­luk Allah.

Kanggo nggambarake sepira gedhene kasih sayange Allah marang kawulane, ana sawijining riwayat saka Umar Ibnu Khath­thab nerangake, manawa sekabehing ta­-wa­nan perang padha disowanake ana ing ngarsane Rasulullah s a w. Antarane  tawa­nan perang iku ana sawijining pawongan wadon, sing banyu susune mili.

Dheweke kanthi gupuh magita-gita nggo­leki anake. Bareng wus ketemu, anake lanang sing isih bayi iku, dheweke banjur enggal digendhong lan ditemplek­ake ana ing wetenge kanggo nusoni bayi mau. Wusana NJeng Nabi nuli paring dha­wuh marang sahabat mau. Apa sira kabeh ndulu pawongan wadon, iki bakal mentala nguncalake anake menyang Neraka (sing mulad-mulad genine?). Sahabat mau nuli matur: “mBoten Njeng Rasul”. Piyambaki­pun cetha lan tamtu mboten badhe menta­la nindakaken ingkang makaten kala wau. Njeng Nabi banjur dhawuh maneh:

Satemene kasih sayange Allah marang para kawulanE iku ngluwihi katresnane Sang Ibu bayi iku marang anake.” Rasulullah wus paring sanepa, ma­­nawa kasih sayange (katresnane) Allah marang kawulane, PanjenengaNe ora tega mriksani kawulanE kepleset kecem­plung Neraka.

Kanthi sipat RahmanE, Allah tansah ke­pareng paring pepenget marang para ka­wulanE (kalebu marang Jin), sing mak­sude, banjur nikmat Allah ngendi maneh sing sira kabeh padha nduwa (menging­kari). Pepenget Allah kang Maha Welas Asih iku kaemot ana ing Q.S. Ar’Rahman (55), nganti ambal kaping 31. Pepengete Allah kang mangkono iku (nganti kaping 31 iku), apa ora bisa njalari sawijining pa­wongan dadi iman sarta muji syukur. Lha banjur pepenget apa maneh sing bisa ngo­wahi wong-wong mau dadi iman? Supaya luwih cetha bakal diaturake mbaka siji rah­mate Allah sing mujudake sawijining ener­gi, sing nyengkuyung marang uripe utawa panguripane manungsa ing lumahing bumi iki. Mangkene keterangane, yaiku kaemot ana ing Q.S. Ar’Rahman (55):1-78).

 

I. ENERGI JAGAD RAYA.

(1). Allah iku Maha Welas, Maha Asih: Dhawuhe Allah, mangkene mak­sude: “Para Malaikat kang padha mi­kul Arsy lan para Malaikat kang ana ing sakiwa tengene, padha Maha nu­cekake kanthi memuji marang Pa­ngeranE, padha iman ing Allah, sarta padha nyuwunake pangapura kang­go para wong-wong Mukmin: “Dhuh Pangeran kita Rahman tuwin ilmu Pa­duka punika jembar (bawera), nglim­puti samudayaning barang. Mugi Pa­duka kepareng paring pangaksama dhumateng tetiyang ingkang sami dhedhepe mertobat, tuwin sami nyem­bah Paduka. Mugi Paduka (ke­pa­reng) ngreksoa tetiyang wau sa­king siksa Neraka Jahim. “ (QS. Ghafir (40):7).

Ayat katur ing ndhuwur ngandhut mak­na (hubungan) spiritual lelandhesan iman marang Allah. Antara para Malaikat sing (dar­be jejibahan) mikul Arsy karo para ma­nungsa salumhaing bumi. Para Malaikat tan­sah ndongakake marang para insan (ma­nungsa) sing Mukmin sarta nyuwunake pa­ngapura marang ngarsaning Allah. Sebab Rahmat Allah iku mujudake energy (keku­watan sing ngedab-edabi) kang ndarbeni jejibahan nggerakake Jagad Raya iki. Ora ana ing Jagad Raya iki makhluk (kalebu Iblis) sing rinajam (terkutuk) de­ning Allah, sing ora gumantung marang Rah­­mating Allah. Tanpa Rahmating Allah, panguripan ing donya dalah sekabehing isi Jagad Raya iki kabeh bakal musna (rusak).

Rahmate Allah iku luwih gedhe lan lu­wih bawera katimbang apa bae kang ana ing alam nyata lan kang ana ing alam ghaib, saengga para Malaikat sing mikul Arsy Iku ndedonga kanthi nyebut Rahmate Allah iku bawera (luas). Malah Rahmate Allah iku lu­wih bawera katimbang murkanE. Ing babagan iki Rasulullah paring pituduh:

“Allah wus kepareng paring dha­wuh: “Satemene Rahmate Allah iku ngasorake marang murkanE (marah­Nya). Mula saka iku Allah paring dha­wuh, mangkene maksude: “Dhawuha sira Muhammad! He para kawulan Ingsun kang padha leluwihan tindake marang awake (tumindak dosa), sira aja entek ing pangarep-arep ing Rah­mat paringing Allah, sanyata Gusti Allah iku kepareng paring Ngapura kabeh dosa, satemene  Panjenenga­Ne iku rena paring pangapura tur Maha Asih.” (QS. Az’Zumar (39):53).

Makna kang kinandhut ana ing ayat kasebut bisa kita pahami, sepira akehe gan­jaran ibadah sing kepareng kaparing­ake marang manungsa wiwit aqil balig nganti tumapaking pati? Lan sepira akehe Rahmat kang wus kaparingake marang kita wiwit saka guwa garbane Sang Ibu nganti tumapaking pati? Lha hiya ta, yen dinalar, sepira cacahe (mlumpuke) ganja­ran amal ibadah kita iku apa seimbang karo cacahe (akehe) nikmate Allah kang wus kita tampa selawase kita urip ana ing alam donya. Demi Allah, saupama sa­njero­ning hisab ana ing Oro-oro Mak­syar meng­ko, Allah iku ngutamakake sipat Maha Adile, tanpa binarung kalawan sipat RahmatE (Maha Welas lan Maha Asihe), bisa uga sing lolos (lulus) saka Neraka, mung para Nabi lan para Rasul Allah. Supaya dima­nger­teni, yen Rahmate Allah iku, ora mes­thi tinampa dening ma­nung­sa, iku awujud samubarang kang nye­­nengake utawa rina­sa ora enak dalah  ora kepenak! Rahmate Allah kang Agung (ora bisa dietung, la tuhshuu ha), ka­dhang-kadhang, iku awu­jud samubarang kang katone nggegirisi, utawa nglarakake ati, ora nyenengake, na­nging ora angger wong bisa mangerteni uta­wa mahami. Samubarang kang ora nye­nengake, uta­wa nglarakake ati, ka­dhang-kadhang bisa njalari pawongan iku bisa dadi luwih ku­wat, manawa musibah iku ditampa kanthi sabar lan ikhlas. Rah­mate Allah kang kaya mangkono iku, pa­dha-padha ndarbeni makna (ancas) kang­go kebagusan (kebe­cikan), krana Allah mung kepareng paring sing luwih becik tumraping kawulanE. Lan Panjenengane luwih priksa apa kang luwih becik. Trep karo dhawuhe Allah, mangkene maksude:

(a). Ing mangka, manawa sira pa­dha gething marang dheweke (samu­barang), mangertia, sawjining  sa­mu­ba­rang kang sira gethingi, iku mu­ga-muga ana ing kono Allah (kepa­reng) ndadekake kebecikan sing akeh. (Q.S. An’Nisaa (4):19).

(b). Sayekti kanthine rekasa iku gampang. Satemene kanthine reka­sa iku gampang.” (QS. Insyirah (94) : 45). 

 

(Ana Candhake)

 

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Aja gumedhe mung merga ayu-ne rupa, amarga kuwi bakal luntur dening wektu. Nanging elinga, ayune kridha ora bakal luntur senajan digawa mati pisan...

Klik

NGANTUK

Ora kober ndlosor, semendhe ing tembok uga ora apa-apa. Mangkono mbokmenawa ujare si meong iki. (d/sit)***

Pethilan

Trilyunan rupiah dhuwit negara mili menyang desa

Koruptore aja nganti katut keli

Lumantar gerakan #2019Pilpres Ceria, Mahfud MD ngajak publik milih kanthi cerdas

Amarga kecerdasan kita wis saya ilang akibat memusuhan

Golkar ngukuhi caleg mantan koruptor

Ngajab para pemilihe padha pikun!