Mbabar Ngelmu Hastha Brata (1)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Watak Lan Wayang - Dibaca: 161 kali

ING alam demokrasi kaya jaman saiki, manawa kita ngrembug bab kepemimpinan, kaya-kaya kita wis pedhot utawa ora nyambung maneh karo konsep kepemimpinan ing khasanah budaya Jawa sarta konsep kepemimpinan  Agama Islam. Pancen akeh syarat kepemimpinan ing alam demokrasi, nanging kang utama antara liya yaiku capable (duwe kemampuan), acceptable (bisa ditampa dening rakyat), lan credible (tanggung jawab), lan sapanunggalane. Nanging syarat kepemimpinan mau bisa banjur ilang muspra yen ora duwe dhuwit (dana) kanggo ambyur ing jagading politik, embuh nyaleg (dadi calon legislatif), melu pilkada, engga nyapres (dadi calon presiden). Kanthi mangkono syarat kang paling utama dadi pemimpin ing alam demokrasi zaman saiki yaiku duwe dhuwit akeh apa ora. Bab iku sinkron karo omongane rakyat nalika musim pilkada lan pileg (pilihan legislatif), yaiku “wani pira?” Kanyatane sing akeh ditindakake dening politikus karbitan yaiku kang diarani money politic (politik dhuwit).  

Yen kita tliti ing sejarah kabudayan Jawa lan ing pewayangan, para satriya biyen bisa dadi raja ora mung amarga dheweke iku pangeran (putra raja) wae, nanging kang luwih utama amarga entuk wahyu keprabon utawa wahyu kaprajan; yaiku ngelmu kepemimpinan kanggo mimpin kerajaane. Jaka Tingkir lan Raden Sutawijaya, umpamane, kekarone dadi raja ing Tanah Jawa amarga saka anggone gentur nindakake tapa brata saengga entuk wahyu keprabon.

Jaka Tingkir alias Mas Karebet pancen cicite Prabu Brawijaya V (Raja Majapahit), nanging nalika kuwi Kraton Majapahit wis ambruk. Kraton Tanah Jawa sabanjure digeser ing Kasultanan Demak kang dipimpin dening Sultan Patah kanthi gelar Sultan Syah Alam Akbar I. Sabanjure kepemimpinan diterusake dening putrane Raden Patah yaiku Raden Pati Unus kanthi gelar Sultan Syah Alam Akbar II. Kira-kira mung 3 taun nyekel panguwasa, Raden Pati Unus wis puput yuswa, kang sabanjure diterusake adhine yaitu Raden Trenggana kanthi gelar Sultan Syah Alam Akbar III.

Nalika iku Jaka Tingkir dadi mantune Sultan Trenggana yaiku nikah karo Retna Ayu Ratu Mas Cempaka, putri kalima Kanjeng Sultan. Amarga mung dadi putra mantu, bisa dibayangake kepriye angele Jaka Tingkir anggone bisa dadi raja (sultan) manawa ora entuk wahyu keprabon. Dene saranane golek wahyu keprabon iku ora ana liya kejaba nglakoni tapa brata. Nalika semana Jaka Tingkir tapa ing sandhuwure gethek ing kali.

Kamangka, putra Sultan Trenggana ana 6 (enem) yaiku 1) Putri Pembayun kang dinikahi Pangeran Langgar (putra Ki Ageng Sampang), 2) Pangeran Prawata, 3) Ratu Kali Nyamat sing dinikahi Pangeran Kali Nyamat, 4) putri  dinikahi Pangeran Cirebon, 5) Retna Ayu Ratu Cempaka, lan 6) Pangeran Timur. Kanthi mangkono Jaka Tingkir nduweni saingan akeh banget supaya bisa dadi raja (sultan). Ewa dene, amarga dheweke entuk wahyu keprabon, wekasane Jaka Tingkir bisa mboyong kraton Tanah Jawa saka Kasultanan Demak ing Kasultanan Pajang kanthi gelar Sultan Hadiwijaya.

Semono uga Raden Sutawijaya, putrane Ki Ageng Pemanahan. Nalika Sultan Hadiwijaya isih durung kagungan momongan, mula Raden Sutawijaya banjur didadekake putra  angkat dening Sang Sultan. Wektu iku ana klilip (mungsuh) ing Kasultanan Pajang, yaiku mbalelane Arya Penangsang, putrane Pangeran Seda Lepen. Sultan Hadiwijaya banjur gawe sayembara; sing sapa bisa ngalahake Arya Penangsang bakal antuk ganjaran Bumi Mentaok (Mataram). Ki Ageng Pemanahan ngleboni sayembara mau kanthi ngajokake jago Raden Sutawijaya kang pranyata unggul ing jurit. Sutawijaya bisa mrajaya Arya Penangsang. 

Emane Sultan Hadiwijaya ora age-age maringake bebana wujude Bumi Mentaok (Mataram) marang Ki Ageng Pemanahan karo putrane Sutawijaya. Geneya? Amarga wektu iku Sunan Giri nampa wangsit utawa wisik (ilham) manawa ing tembe bakal muncul kraton Tanah Jawa kang gedhe banget ing Bumi Mataram. Ngerti ilham kang ditampa Sunan Giri kaya ngono, Sultan Hadiwijaya malih tidha-tidha ngulungake hadiah (bebana) marang Ki Ageng Pemanahan. Mula saka kuwi, Ki Ageng Pemanahan banjur sambat marang Sunan Kalijaga kang sabanjure ngajak ngadhep marang Sultan Hadiwijaya. Sunan Kalijaga melu ‘nagih janji’ marang Sultan Hadiwijaya supaya menehake bebana Bumi Mataram kang wis dijanjekake. Dene supaya atine ora mamang utawa tidha-tidha ngenani ‘swara langit’ (ilham) kang ditampa Sunan Giri, mula Sunan Kalijaga ngutus Ki Ageng Pemanahan supaya janji prasetya marang Sultan Hadiwijaya manawa dheweke ora bakal njongkeng keprabon ing Kasultanan Pajang. Ki Ageng Pemanahan manut. Sawise iku Sultan Hadiwijaya bener-bener maringake bebana Bumi Mataram.

Ki Ageng Pemanahan kang babat alas ing Bumi Mataram pancen ora duwe niat babar pisan kanggo njongkeng keprabon ing Kasultanan Pajang. Nanging nalika semana putrane Raden Sutawijaya tansah sregep nindakake tapa brata (semadi). Suwening-suwe Bumi Mataram malih tansaya maju lan gemah ripah loh jinawi. Tenan! Amarga Sutawijaya kerep nindakake tapa brata, wekasane dheweke entuk wahyu keprabon, padha karo kang diramal dening Sunan Giri. Sawise Sultan Hadiwijaya puput yuswa, kraton Tanah Jawa dipindhah saka Kasultanan Pajang tumuju ing Kasultanan Mataram kang dipimpin dening Raden Sutawijaya kanthi gelar Panembahan Senapati alias Panembahan Senapati Penetep Panatagama.

Semono uga ing jagading pewayangan. Para raja binathara racake padha antuk wahyu keprabon. Umpamane Raden Kakrasana lan Raden Narayana—sakarone putrane Prabu Basudewa Raja Mandura—sawise padha nindakake tapa brata, kekarone padha dadi raja-binathara. Raden Kakrasana kajumenengake nata ing praja Mandura kanthi gelar Prabu Baladewa ya Prabu Balarama. Dene Raden Narayana, sawise tapa brata bisa ngalahake Prabu Kresna ing praja Dwarawati. Raden Narayana banjur marisi praja Dwarawati kanthi gelar Sri Bathara Kresna. Uga para raja-binathara liyane, kaya ta Begawan Abhiyasa nalika dadi nata ing Ngastina kanthi gelar Prabu Kresna Dwipayana, Prabu Rama Wijaya nata ing Pancawati, Prabu Puntadewa alias Prabu Yudhistira nata ing Ngamarta, lan sapanunggalane.

 

Konsep Kepemimpinan Islami

Ing sejarah Agama Islam uga mangkono. Pemudha Ahmad ing Makkah-Arab, sawise nikah karo sudagar sugih mbrewu Khadijah, dheweke kulina nindakake tahanuts (uzlah, nyepi, tapa) ing Gua Hira’. Ewa semana, Ahmad ora terus-terusan tahanuts ana ing guwa. Kala mangsane metu saka guwa, banjur srawung karo masyarakat umum lan nindakake pakaryan dagang. Sawise kuwi banjut tahanuts maneh ing Gua Hira’. Ngono kuwi dilakoni kira-kira nganti 10-an taun, mlebu metu guwa lan nindakake pakaryan dagang kanthi jujur, saengga dijuluki Al-Amin (bisa dipercaya). Amarga budi pekertine luhur, mula Ahmad alias Muhammad dikenal duwe 4 sifat utama, yaiku  Fathonah (cerdas), Al-Amin (bisa dipercaya), Ash-Shidiq (jujur), lan At-Tabligh (nyebarake wahyu). Sawijine dina, kira-kira yuswane 40 taun, Muhammad bener-bener entuk wahyu saka Gusti Allah liwat Malaikat Jibril a.s arupa 5 ayat (al-Qur’an) ing Surah Al-‘Alaq. Kanthi nampa wahyu al-Qur’an iku ateges Muhammad minangka dadi Rasul (utusan) Allah Swt kang tugas nyebarake (tabligh) ayat-ayat suci marang masyarakat Arab kang nalika semana disebut masyarakat Jahiliyah Arab.

Para Nabi/Rasul liyane kabeh uga padha nindakake laku dheple-dheple utawa marek marang Gusti Allah nalikane nampa wahyu kenabian. Upamane kang paling kaloka yaiku nalika Nabi Musa uzlah (tapa brata) ing puncake Gunung Tsursina suwene 40 dina, saengga nampa wahyu arupa Kitab Taurat. Uga Nabi Daud a.s nalika nampa wahyu Kitab Zabur lan Nabi Isa a.s nalika nampa wahyu Kitab Injil.

Kejaba nindakake tahanuts utawa uzlah (tapa brata, nyepi) ing panggonan kang sepi (gunung, guwa, lan sateruse), kepemimpinan para Nabi/Rasul iku racake nglairake konsep kepemimpinan islami, yaiku kanthi syarat:

Sepisan, resik atine; wilayah spiritual.

Kapindho, cerdas; wilayah intelektual.

Katelu, kudu duwe kuwanen (kendel); wilayah mentalitas.    

Nanging geneya tuladha konsep kepemimpinan sejarah ing Tanah Jawa, pewayangan sarta sejarah Kenabian mau saiki babar pisan ora digawe? Embuh apa iki kang diarani “nuting zaman kelakone”; yaiku melu arus ombyake zaman. Amarga kita urip ing alam demokrasi kang asale saka Barat (Amerika), mula aeng banget manawa ngomong ngenani wahyu utawa wahyu keprabon. Kamangka, nalika pilihan kades (kepala desa) ing taun-taun kepungkur ing desa-ngadesa isih asring keprungu uwong ngomong ngenani pulung utawa wahyu; yaiku awujud cahya cumlorot warna putih kekuning-kuningan kang ceblok saka ngakasa (langit) kang ngisyaratake manawa wong kang entuk pulung utawa wahyu mau kang bakal dadi kades (pemimpin). Nanging mbarengi dileksanakake pilkada-pilkada mau, saiki kaya-kaya wis ora ana maneh kang ngomong bab pulung utawa wahyu.  (Ana Candhake)

 

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang nglarani awakmu, yen dudu luwih kuwat ya luwih ringkih saka awakmu. Tumrape sing luwih ringkih saka awakmu, apu-ranen. Lan kang-gone kang luwih kuwat, apuranen awakmu dhewe.

Klik

PATUNG RASEKSA MAO ZHEDONG

Patung emas raseksa tilas pemimpin Cina, Mao Zedong ing desa Tongxu, Henan, Cina. Patung kang dhuwure 36,6 meter mawa cet emas iki madeg ing sandhuwure pategalane warga, ing desa Tongxu, provinsi Henan, Cina. Ragad kang dientekake kanggo mbangun patung iki kurang luwih Rp 6,3 milyar. Mao Zedong mujudake presiden pisanan negara pandha kang kuwasa suwene 27 taun. (d/ist)***

Pethilan

Rega pangan ngadhepi pasa dijamin

Pengin murah, tuku nang koran ae!

Gaya ngadibusanane Pres. Jokowi mujudake strategi komunikasi

Ana sing nggaya ote-ote uga

Legislator kena OTT KPK maneh. Ketua DPR Bambang Soesatyo nga¬jab iku kang pungkasan

Pungkasan sing korupsi apa pung­kasan sing konangan?