Kepengin Ayu lan Bagus, Kungkum ing Sendhang Kasihan Bantul
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Kebatinan - Dibaca: 410 kali

SENDHANG Kasihan kang mapan ing Desa Taman Tirto, Kecamatan Kasihan, Kabupaten Bantul isih dadi magnet kang­go para warga kang seneng tirakat. Bia­sane warga kang tirakat iku kanthi kung­kum ana ing sendhang iki. Sing nekani sendhang iki ora mung saka laladan ing wilayah Bantul, laladan Yogyakarta, Sle­man, Gunungkidul wae, malah uga ana sing saka Magelang, Klaten lan kutha-kutha liyane ing wilayah Jawa Tengah lan Jawa Timur.

“Adate sing teka ing sendhang pada percaya menawa kungkum  utawa saora-orane raup ana ing sendhang iki menawa wanita bisa katon ayu lan awet enom, menawa priya ya katon bagus lan merbawani,” critane Yudhi kang kajibah minangka juru kunci ana ing Sendhang Kasihan nalika ditemoni durung suwe iki.

Dijlentrehake dening sang juru kunci, menawa ing papan iku mbiyen salah si­jine Walisanga, yaiku Sunan Kalijaga kete­mu dening kaki-kaki. Kaki-kaki sepuh iku nemoni nalika Kanjeng Sunan bi­ngung golek sumber banyu kanggo wu­dlu. Kaki sepuh iku banjur ngulungake te­ken lan pesen menawa tongkat iku bisa digunaake nalika nemu sawijining masa­lah. Ingga nalika Kanjeng Sunan kange­lan golek banyu, Sunan Kalijaga banjur nyoba nggunaake teken utawa tongkat pawewehe  kaki-kaki kuwi.

Ajaib! Saka lemah kang ditancepi tongkat iku metu tuk utawa sumber ba­nyu. Ingga Kanjeng Sunan bisa wudlu lan nindakake ibadah salat wajib. Saka tuk iku banjur dadi sendhang kang tekan saiki isih dileluri. Nanging mitos kang nu­wuhake panemu menawa kungkum uta­wa raup ana ing Sendhang Kasihan iku merga ing papan iku tau dadi papan am­piran nalika Pembayun, putri Panem­bahan Senopati miwiti laku dadi tledhek barangan kanggo mikut Ki Agentg Mangir sacara alus.

Ya sadurunge miwiti laku sandi mi­nangka tledhek, Rara Pembayun anggo­ne persiapan ana ing Sendhang Kasihan. Kanthi sadurunge sesuci lan raup ana ing sendhang iku. Laku sandhi minangka tledhek barangan kang diampingi Ki Juru Mertani oleh kasil. Ki Ageng Mangir kang sasuwene angel diteluake Mataram ba­nget kayungyun. Ingga tledhek ayu iku digarwa. Ingga akhire gelem sowan me­nyang Mataram. Lan ana ing crita, riwa­yat Mangir tiwas diperjaya nalika sowan maratuwa kang uga mungsuhe, ya Panembahan Senopati kang lenggah ing Keraton Mataram, Kotagede.

Ya merga kepengin ngalap berkah Rara Pembayun ing Mataram, sen­dhang iku banjur dadi papan jujugan pa­ra perawan lan jaka kang kepengin tira­kat ana ing sendhang sing misuwur kan­thi jeneng Sendhang Pengasihan utawa Sendhang Kasihan. “Akeh kang percaya ana ing sendhang bisa oleh rasa asih,” panambahe Pak Yudhi.

 

Papan Mertapa Raden Rangga

Sendhang Kasihan uga dadi papan kanggo mertapa Raden Rangga. Sawi­jining putra Panembahan Senopati karo Ratu Kidul. Crita riwayat mratelaake me­nawa Raden Rangga iku kondhang sek­tine. Ananging uga kawentar ndhugal. Ra­den Rangga kang jebol beteng cepuri Keraton Mataram ing Kotagede nalika runtik penggalihe. Tilas betheng kang jebol bisa ditonton ana ing kampung Da­lem, Kelurahan Purbayan, Kotagede lan dening warga dijenengake Jebolan Raden Rangga.

Sacara turun temurun, wilayah Kasihan  dikuwasa­ni dening kulawar­ga Keraton Yogya­karta. Saka taun 1760 panguwasa Kadipaten Kasihan yaiku Pangeran Yudhanegara, Pa­nge­ran Surone­gara, Pangeran Brotodiningrat I, Pangeran Suro­sentika, Pangeran Brotodiningrat II, Pangeran Broto­diningrat III lan Pangeran Fransis­kus Xaverius Bun­taran Martoatmo­djo. (1930-1952). Mung wae ing sasi Desember 1945, wilayah Kasihan kalebu sendhang pengelolaan dise­rah­ke marang pa­marentah desa kang wektu iku di­pimpin Raden Nga­behi Prodjosantosa.

Saiki kondhisi Sendhang Kasihan ing Taman Tirto, Kasihan, Bantul wis diba­ngun pager njuaba kang dhuwure ku­rang luwih rong meter. Ana ing tembok sisih kulon minangka kori utama dhu­wure 1,5 meter lan amba 80 cm. Ing sisih lor sendhang uga wis dilengkapi wewangunan telu minangka kamar kanggo adus mirunggan kanggo mbilasi awak sakwise ritual kungkum ana ing sendhang.

Tembok sendhang uga wis direno­vasi. Ing sisih wetan uga wis dibangun pintu air kanggo sarana nguras lan ngatur volume banyu ana ing sendhang. Ing sisih kulon sendhang ana wewangu­nan reca loro kanthi jejer madhep me­ngidul. Emane reca kang ana ing sisih kulon rusak. Reca Ganesha iku irung utawa tlalene rusak. Reca ing sandhinge awangun Reca Agastya.

Sendhang Kasihan nduweni kelu­wihan dibandhingke sendhang-sendhang liyane. Yaiku tetep katon agung utawa akeh banyune nalika mangsa ketiga. Mung emane maneh menawa kepengiu tirakat utawa nginguk Sendhang Ka­sihan, ing Taman Tirto, Kasihan Bnatul, durung ana angkutan umum kang ngli­wati papan iku. Ingga menawa kepengin tindak menyang papan iku kanthi man­faatake angkutan umum saka terminal Giwangan, Yogyakarta utawa kang saka arah lor liwat ring road kidul.

Ya nalika tekan prapatan Taman Tirto iku, panjenengan diaturi mudhun saka bus utawa angkutan umum liyane. Ya saka papan iku menawa menyang Sendhang Kasihan kudu mlaku utawa nitih ojek menyang papan kang dituju. Menawa nitih motor utawa angkutan pribadhi luwih gampang, amerga saka prapatan Taman Tirto ana pituduhe arah sendhang. Saliyane kuwi uga bisa takon marang warga masyarakat kono.

(Hamid Nuri)

 

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Aja gumedhe mung merga ayu-ne rupa, amarga kuwi bakal luntur dening wektu. Nanging elinga, ayune kridha ora bakal luntur senajan digawa mati pisan...

Klik

NGANTUK

Ora kober ndlosor, semendhe ing tembok uga ora apa-apa. Mangkono mbokmenawa ujare si meong iki. (d/sit)***

Pethilan

Trilyunan rupiah dhuwit negara mili menyang desa

Koruptore aja nganti katut keli

Lumantar gerakan #2019Pilpres Ceria, Mahfud MD ngajak publik milih kanthi cerdas

Amarga kecerdasan kita wis saya ilang akibat memusuhan

Golkar ngukuhi caleg mantan koruptor

Ngajab para pemilihe padha pikun!