Kedadeyan Sanga ing Al-Furqan Ngukuhake Iman (1)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 212 kali

Sanyata ana ing lumahing langit lan bumi, lan beda-bedaning rina lan (kalayan) wengi, iku dadi tandha yekti, tumraping wong kang padha duwe akal. Yaiku wong-wong kang padha tansah eling marang Allah, ing nalika ngadeg, lungguh lan turon. Dheweke padha mikir marang tumitah (tumitahing) langit lan bumi. Ature:

“Dhuh Pangeran kita, Paduka kar­sa anitahaken ing sedaya puni­ka, mboren sarana bebatalan (tan­pa guna). Maha Suci Paduka, mugi Paduka karsaa ngreksa mring kita saking siksaning neraka.” (Q.S. Ali Imran (3): 190-191).

 

1. Pangerten:

Ing kalodhangan iki bakal diaturake re­rangken kedadeyan (fenomena) kang ki­nandhut ing Al-Furqan (Al-Qur’an) kang banget ngedab-edabi, becik diwawas miturut syar’i utawa sains. Mangerteni sar­ta mahami kedadeyan kang kaya mang­kono mau, tumraping pawongan kang gelem mikir, migunakake akale, bisa nu­wuhake iman marang Allah, Dzat Kang Hamurbeng Dumadi. Tembung nawa  iku maknane sanga. Contone: Nawaksara, yaiku pidhato. Bung Karno nalika taun 1966, ana ing MPRS. Nawaksara, saka tem­bung nawa lan aksara. Tegese, sa­ngang perkara (poin) sing dingendikakake Bung Karno nalika semana. Lha Nawa fenomena iku maknane, sangang tandha-tandha, kedadeyan kang agung. Dene Al-Furqan, iku sinonim utawa jenenge liya  Al-Qur’an. Jlentrehe mangkene: Dhawuhe Allah mangkene maksude:

a)Lan Panjenengane nurunake Al-Furqan (Al-Qur’an), kang misah an­tarane barang bener tuwin kala­yan barang kang batal… al ayat (Q.S. Ali Im,ran) (3) :4).

b). “Maha Suci Allah kang wus nurunake Kitab Al-Furqan (Panyila­h­ing perkara) marang kawulaNe, supaya dadi juru sing pepeling ma­rang wong alam kabeh (kalebu jin lan manungsa)”. (Al-Furqan (25) :1).

Werdine seratan iki bakal  ngaturake kedadeyan-kedadeyan utawa tandha-tan­­dha kekuwasaning Allah kang nge­dab-edabi. Kabeh mau ing pangangkah bisoa dadi panjurung tumraping  pawo­ngan kang gelem mikir ciptaning Allah kang awujud langit lan bumi dalah apa kang ana ing antara kekarone. Antara liya sing gegyutan karo ilmu astronomi, geografi, fisika, biologi, sarta sejarah lan liya-liyane. Supaya luwih gamblang  mang­kene genahe:

 

1) Fenomena bumi iku bunder.

Nalika jaman semana (jaman ja mbe­juja),wong-wong darbe panemu manawa bumi utawa papan kang dipanggoni (tem­pat mereka berpijak) wus tumlawung  ana ing pikirane, kepriye lan kaya ngapa wa­ngune bumi iku! Kanthi kapitayan kukuh, wong-wong mau nerangake, manawa wangune bumi iku rata (datar). Luwih sa­ka iku, wong-wong padha darbe kekawa­tiran, manawa lelungan  kang adoh pung­kasane bakal teka/tumapak ana ing pingire donya iku, wong-wong bakal tumiba ing papan kang jero banget. Mangkono ka­pitayan jaman semana, jaman ja mbeju­ja). Binarung (seiring) karo ngrembakane ilmu pengetahuan, bisa dimangerteni, ma­nawa bumi iku wangune bunder. Nanging sak durunge sekabehing teori babagan bumi iku (bisa) dimangerteni, manawa bumi iku bunder, jebul Al-Qur’an wus asung pituduh, trep karo dhawuhe Allah, mangkene maksude:

Apa sira Muhammad durung su­murup, yen sanyata Allah nglebok­ake wengi ana ing rina, lan nglebok­ake rina ana ing wengi. Lan Panje­nengane wus nglakokake srenge­nge sarta rembulan, kabeh padha lumaku nganti teka mangsa kang katamtok­ake. Lan sanyata Allah iku Maha Was­pada kabeh kang padha sira tindak­ake.” (Q.S. Luqman (31): 29).

Dr. Zakir Nuh, sawijining ilmuwan ne­rangake, manawa sing dimaksud wengi lumebu ana ing rina, iku maknane wengi kanthi alon-alon mbaka sethithik owah (berobah) dadi rina (awan). Semono uga suwalike, yaiku rina (awan) kanthi alon-alon sarta mbaka sethithik owah da­di wengi. Tandha-tandha utawa feno­mena kang kaya  mangkono mau, mung bisa kita pahami lan mangerteni, mana­wa wangun (bentuk) bumi iku bunder. Luwih cetha maneh dhawuhe Allah, mangkane maksude:

Panjenengane (Allah) wus  ni­tah­­ake langit klawan bumi, lan ngle­bokake wengi menyang rina, lan ngle­bokake rina menyang wengi. Lan wus kepareng  ngereh (paring perin­tah) marang loro-lotone, yaiku sre­ngenge lan rembulan, kabeh padha lumaku tekan mangsa kang wus ti­namtu. Di eling! Panjenengane Allah iku kang Maha Mulya tur Maha Nga­pura” (Q.S. Az-Zumar 39):5).

Ing babagan iki para sahabat  padha nyuwun priksa marang Njeng Rasulullah s.a.w: “Dhuh Njeng Rasul s.a.w, dhu­ma­teng pundi kesahipun (angslubipun) pla­net-planet angkasa, srengenge lan rem­bulan punika? Sarta saking pundi pla­net akasa punika njedhul (terbit)?” Rasu­lullah paring  pituduh mangkene mak­sude:

“Planet-planet akasa iku mapan  ing panggonane. Ora pindhah sarta mingset (bergeser). Planet mau ang­slub (tenggelam) tumraping sawiji­ning kaum. Sarta njedhul (terbit) tumrap kaum liyane. Planet-planet mau angslub (tengelam) utawa am­bles sarta nyedhul (terbit) mungguh­ing kaum liyane. Lan anaing wektu kang bebarengan, sawijining kaum nerangake planet-planet sing ang­slub (tenggelam), sawatara kaum liyane iku uga nerangake planet iku njedhul (terbit). (Imam Abu Ishaq L. Madani)

Pangandikane Rasulullah s.a.w.iku ngemu (ngandhut) makna, yen bumi iku wangune bunder. Srengenge njedhul kang­go sawjining kaum, nanging ang­slub kanggo kaum liyane. Lha yen ora bunder, banjur kepriye planet (bumi) iku bisa njedhul kanggo kaum sing siji sarta angslub tumrap kaum liyane. Kanthi cara kang kaya mangkono mau, bisa dima­ngerteni lan dipahami kanthi gampang. Lha yen ta, planet (bumi) iku rata (datar). Ora bakal ana makhluk urip sing urip ana ing ngisore bumi sing rata iku. Wus mes­thi bae srengenge ora tumapak (menyi­nari) kaum sing liyane. Nanging ateges madhangi papan kosong, ora ana sing manggon. Kajaba saka iku, ilmuwan Mus­lim Al-Biruni wus merang-merang (membagi) bola bumi (globe) dadi garis-garis bujur sarta lintang-lintang lelan­dhesan karo kapitayan (keyakinan) sing padha. (Priksanana ing Kitab  Tahdid Ni­ha­yah Al-Amakin li Masafat Al-Masakin (penentuan ujung tempat-tempat untuk meluruskan jarak pemukiman).

(Ana Candhake)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)