Hara, Iki Menungsa Cap Apa? Anake Ditengi Biyunge Dipateni.
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Dredah Masalah - Dibaca: 14 kali

Agama iku talining urip. Tanpa agama njalari wong mbedhal-mbedhal kaya jaran tanpa kendhali. Saiki kerep kedadeyan ing endi-endi, ana bapak metengi anake dhewe, anak metengi biyunge dhewe. Semono uga anak mateni bapak utawa ibune uga wis akeh. Iku kabeh jenis menungsa cap apa? Sajake bener kandhane Dedy Mizwar: kiamat sudah dekat. Mula pendhidhikan agama sing dadi kuncine.

SAPA sing ora doyan lalapan timun? Luwih-luwih yen bakda dhahar theng­kleng Sala, lalapan timun kuwi perlu, jer kena kanggo meper ubale kolestrol. Ra­sa­ne kriyuk-kriyuk segerrrr. Jan tanja te­me­nan, mengkono jarene wong Bantul, DIY. Mula ing paribasan Jawa banjur ana tetembungan: anak timun, tegese yen wis bosen digendhong-gendhong dieng­go dolanan ana-anakan, wekasane timun mau dikremus dhewe.

Jaman saiki ora mung kandheg ing paribasan. Ing kahanan kasunyatane uga wis kedadeyan. Yen njingglengi pekaba­ran internet liwat Mbah Google, woo… ombyokan critane wong lanang metengi anake dhewe, biyung ditengi anake la­nang uga ana. Semono uga bapak utawa biyung dipateni anak uga kerep kepru­ngu. Malah sing keri iki, ana uga putu men­tala mateni embahe dhewe merga saben dina digumbrengi.

 

Anak timun

Abah Kahya (54) warga Desa Cipelah Kec. Rancabali Kab. Bandung (Jabar), dhek awal Agustus 2017 kepungkur di­tangkep polisi. Soale dheweke nembe wae kadenangan anggone mentala me­te­ngi anake wadon, CC (31). Ora mung sepisan, malah wis ping pindho. Anake sing nomer siji lair 11 taun kepungkur, rikala CC lagi umur 20. Perlu kawuni­ngan, CC mono pancen bocah kurang genep.

Kena diarani Kahya kuwi pemacek sing gak duwe utek. Biyen wis ketanggor metengi anake dhewe, meksa tanduk ma­neh. Pawadane jare merga kasepen. Senajan isih duwe bojo, nanging sing we­dok ketungkul dadi rewang ana nggo­ne tangga teparo. Wekasane Abah Kahya sing tandange isih rosa-rosa ngungkuli Mbah Marijan mau ditahan ana Polres Bandung.

Ing Kec. Bengkong, Batam (Riau) tam­bah kurang ajar maneh. EN (35), dhek pertengahan Agustus 2017 uga ditang­kep polisi amarga banget mentala ngum­puli anake wedok, C (14). Ponakane dhe­we si O (20), uga dirodhapeksa lan kla­kon meteng 7 sasi. Kabar angisin-isini mau kapisanan seka Martin, kepernah sedulur cedhake para korban. C ngaku yen bola-bali dikumpuli bapake dhewe. Yen ora ngandel takona karo C sing saiki lagi meteng.

Ing sakawit Martin ora percaya karo kabar mau. Nanging bareng dibenthuk­ake, jebul C uga ngakoni yen sing ngukir jiwa ragane si bayi jan-jane uga pamane dhewe. Wekasane si Martin banjur lapor polisi lan EN bapak sing ora urus mau banjur ditangkep polisi Polsek Bengkong. Ancaman ukumane, 20 taun penjara. Men kawus, klakuwan kewan kok diupa­kara.

Saka NTB dilaporake, RHM (42) ran­dha ayu saka Tanjung Luar, Lombok, dhek Desember 2016 kepungkur gawe kagete Maulani (44) kakange sing nem­be teka saka Surabaya. Kepriye anggo­ne ora ka­get, lha wong adhine wis rong taun iki dadi randha kok meteng maneh. Rikala ditle­sihake, RHM kandha yen sing ngumpuli penduduk Gili Trawangan. Na­nging sapa jenenge, RHM ora gelem ngaku.

Maulani sing banget kapiadreng pe­ngin ngerteni misteri satemene, terus ta­­kon tangga teparone ing Tanjung Lu­war. Meksa ora ana sing aweh katrangan. Jebul prunane sing lagi umur 7 taun mak­clup kandha, yen dheweke kerep meruhi ibune “kumpul” karo kangmase,  WHY (14). Bareng RHM lan WHY ditakoni, ka­beh ora bisa selak.

Wekasane Maulani banjur mutusake, WHY digawa menyang Surabaya, lan RHM diungsekake menyang Banyuwangi. Repot pancene, arep dilaporake polisi wong kabeh kulit daginge dhewe. Tur sipate uga delic aduan. Lire, yen kulawar­ga ora lapor kang wajib, polisi ora bisa tumindak apa-apa.

 

Putu murang sarak

Crita duraka liyane bisa kacathet saka Lampung, dhek awal September 2017 kepungkur. YD (23) bocah saka Dusun Batu Peti Pekon (kelurahan) Ampai Kec. Limau Kab. Tanggamus, mentala mateni ibune dhewe, Siti Aminah (60). Bocah ora nggenah mau ngedak-edak karo biyu­nge, njaluk ditukokaka sepeda motor. Disemayani taun ngarep ora kanthi, wekasane biyung anak padudon. Bocah ora ndunung mau banjur njandhak gega­man, kanggo mateni ibune. Mesthi wae YD dadi urusan polisi, ancaman ukuma­ne 15 taun penjara.

Banjur ing Banyumas, Aji Kisworo (30) dadi uwong jan penjorangan pisan (kurang ajar). Mung telat ibune ngga­wek­ake kopi esuk-esuk, langsung nga­muk. Mbok Citem (70) sing lagi rampung salat subuh banjur disabet gegaman, nganti mati adus getih. Kedadeyan tang­gal 27 Juli 2017 mau mesthi wae gawe kagete wong ing Desa Tanjung Kec. Jati­la­wang. Jarene tangga teparo, saploke Aji mulih saka Bogor, pikirane dadi owah. Kerep ngamuk. Dhek melu mbakyune ing Jakarta uga ngono.

Sing ora kurang nrenyuhake nasibe Mbah Susilowati (91), warga Kel. Ban­dulan, Kec. Sukun, Kota Malang. Dhek ngarepake akir Pebruari 2016, Mbah Rus­ty (undang-undangane) tengah wengi tiwas dipenthung dening putune dhewe, AS (16). Dheweke serik atine, merga ke­rep dinengake wae, malah nate diunek­ake: kowe kuwi putu sing laire ora dika­repake. Tambah-tambah bapake uga kerep melu nyeneni, saengga AS dadi kalap.

Paling gres, Mbah Jua (69) saka du­sun Kepuh Desa Padalarang Kab. Ban­dung Barat, dhek 19 Oktober 2017 ke­pungkur uga mati kaningaya merga kla­ku­wane si putu, Ridwan (21). Bocah sing adate meneng, seneng ndhewe kuwi, ujug-ujug ngamuk karo nyekel peso.

Ibu­ne Ridwan bingung metu njaluk tulung tangga, yen jare anake lanang ngamuk karo ngancam embahe. Bareng tangga mlayoni saperlu tetulung, wis telat. Mbah Jua wis ambruk adus getih. Digawa me­nyang RS Hasan Sadikin Bandung, wis ora bisa ketulungan. Jan putu sing murang sarak.

Kuncine: wulangan agama

Isih akeh tunggale crita sing ngeres-eresi mau. Nanging saka klakuwane Abah Kahya (Bandung), EN (Batam), lan RHY (NTB) mau bisa ditarik dudutan, wong kuwi mung ngeboti urusan –nuwun se­wu– ngisor weteng, banjur lali nggunak­ake uteke kanggo mikir klawan mateng. Nglalekake akibat apa kang disandhang sawise dadi urusane kang wajib. Jarene mbah buyut: penake mung saklentheng, rekasane sarendheng.

Semono uga pokale YD (Lampung), Aji Kisworo (Banyumas), AS (Malang) lan Ridwan (Bandung);  ora bisa nggu­nakake uteke klawan bener, saengga tega marang kulawargane dhewe sing isih kenyer-kenyer. Ana unen-unen lawas kang nyebutake: sagalak-galake macan ora bakal mangan gogore dhewe. Nanging klakuwane YD-AS-Ridwan kuwi jan nyolong pethek, nyebal saka kalum­rahan, wis ngungkuli kewan.

Yen dicundhukake karo Serat Wedha­tama yasane Mangkunagara IV, iku wis klebu: uripe sepisan rusak, nora mulur na­lare ting saluwir, wekasane dadi go­nyak-ganyuk nglelingsemi. Menawa nge­nut wulangan agama, Islam upamane; salagine saresmi karo wong kang dudu pasangan resmine wis bisa diarani ban­drek jinah, apa maneh kuwi ditindakake dening kulawarga cedhake. Antarane ibu karo anak, antarane bapak karo anak, antarane paman karo ponakan, kuwi wis pakartine kewan.

Jroning Qur’an PanjenengaNe Gusti Allah Swt wis elik-elik jroning surat Annur ayat 30: kang artine kandhakna marang wong lanang kang iman, prayogane pa­dha meper panyawange, lan ngupakara sing dadi barang wadine. Coba ta, sala­gine nyenyawang wae kudu sing sama­dya, ora kena jlalatan nyawang sing ora-ora, apa maneh malah ngumbar manuk kukkderuuk kokkkk….-e.

Apa maneh sing wani merjaya ibu uta­wa embahe dhewe, wah kuwi wis jan lu­wih dening kebacut. Joblik waras wu­tuh yen basane wong Purworejo kidulan. Wong tuwa mono pepundhen sing kudu dikurmati, dibekteni, jer kuwi titah sing dadi lantarane kita urip ing alam pa­dhang. Jro­ning Qur’an surat Al Isra ayat 23-24 uga ana pepenget: kang artine pra­yogane tumindak becik marang rama-ibu. Yen siji utawa loro-lorone wis padha tuwa-tuwa, aja pisah-pisan kandha “hus” utawa nyen­tak-nyentak, aturna marang sakarone te­tembungan sing becik.

Wong tuwa mono ora njaluk piwalesing anak. Dibekteni, digemateni rikala isih su­geng wae wis rumangsa mulya. Apa ma­neh Yangkung lan Yangti, dipunjung gula teh wae senenge wis ora jamak. Sing du­madi ing ndhuwur, apa tumon, embahe dhewe kok dipunjung penthungan. Iki me­nungsa cap apa? Apa pancen kiamat su­dah dekat kaya kandhane Dedy Mizwar? Wulangan agama sing ora uwal saka pang­gulawentahing bocah, dadi sarana manjur kanggo ngawekani mrosote mental (deka­densi moral) generasi milenial dinane iki.

(Gunarso TS)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)