Mangerteni Dhodhok Selehe Takdir Miturut Syar’I (17)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 2 kali

(Ananging mugi ngupadasa Akhirat kalayan kamulyan (kebahagiaan) ingkang sampun kaparingaken dening Allah dhumateng sampeyan. Ewa semanten sampun nilar ing bageyan sampeyan ing donya ……” (Q.S. Qashash (28):77).

Nyimak ayat kang katur  ing ndhuwur, bisa dimangeteni, manawa kita netepake utawa mutusake, Allah kepareng paring tuntunan, sira aja nuruti hawa nepsu. Se­babe hawa  nepsu iku bisa njalari kita sasar (kesasar). Mula prayoga kita tu­min­dak lelandhesan karo tuntunane  Allah. Lha yen kita nekad, Allah bakal nge­trepake musibah, krana dosa-dosa kita. Ana rong perkara sing kinandhut ana ing ayat kasebut ing ndhuwur, yaiku:

(a). Kapisan: Karsaning (kehendak) Allah ngetrepake musibah, iku pranyata wus didhisiki dening keputusan lan tumin­daking manungsa. Manungsa wus milih lantaran kebebasan kanggo  nindakake pilihane. Asile bisa dimangerteni liwat Sunnatullah.

(b). Kapindho: Akibate tumindak do­sa iku bakal dumadi musibah. Lha yen ora tumama saiki, hiya bakal tumama  (tu­mapak) mengko (ditangguhake). Allah bakal ngetrepake musibah sarana teliti. Trep karo dhawuhe Allah, mang­ke­ne:

“Jalaran saka iku, sira Muhammad, aja nyuwun enggal-enggal dheweke iku dipatrapi siksa. Jalaran Ingsun ngetung di­naning nyiksaning wong-wong mau ka­lawan etungan kang teliti.” (QS. Maryam (19):84).

 

(18). BECIK LAN ALA

Saliyane manungsa ndarbeni kebe­ba­san milih apa kang bakal ditindakake, kabeh mau uga bakal methik wohing pa­karti. Yen nindakake kebecikan, hiya ba­kal pikoleh piwales kebecikan. Suwalike, manawa kita nindakake maksiyat, hiya bakal nampa piwales paukuman trep ka­ro  maksiyat  sing  ditindakake. Dhawuhe Allah mangkene maksude:

“Allah ora merdi sawijining awak, kajaba sakuwate. Dheweke bakal nampa ganjaran kebecikan kang wus ditindakake lan nyangga siksane dosa kang wus dilakoni. Dhuh Pangeran sesembahan pa­ra kawula, Paduka mugi sampun ma­trapi ing kula, manawi kula supe utawi kalepatan ingkang mboten kita jarag. Dhuh Pangeran  sesembahan para kawu­la, Paduka mugi sampun ngawratake rembatan dhumateng kita, kados anggen Paduka  ngawrataken rembatan dhuma­teng tetiyang sadereng kita. Dhuh Pange­ran sesembahan para kawula, Paduka sampun ngrembataken dhumateng kita, ba­rang ingkang kita mboten kuwawi ngrem­bat. Paduka mugi nglebur ing kale­patan kita, saha mugi paring pangapun­ten dhumateng kita. Paduka punika Ben­dara kula, Paduka mugi paring pitulung dhumateng kita, sami ngawonake seda­ya tiyang kafir.” (Q.S. Al-Bqarah (2) : 286).

Ayat kang katur ing ndhuwur iku ngan­dhut makna piwulang, sarta pitu­duh, manawa saben asil kita utawa apa kang kita tindakake, iku bakal pikoleh pa­hala utawa pinwales (dampak) sing bali marang kita. Sanajan ta mangkono, Allah uga paring piwulang supaya kita  nye­nyu­wun (donga) pitulungan marang Allah, supaya kita ora kaparingan pacoban (ujian) musibah sing abot, sarta kepa­reng paring pangapura marang  sekabe­hing kesalahan lan dosa kita. Kajaba saka iku muga Allah kepareng nuntun marang panguripan kita. Iki ateges, senajan Allah wus kepareng netepake hukum se­bab-akibat, Allah iku  tetep Dzat kang Maha Welas lan Maha Asih. PanjenenganE uga bakal paring pangapura sarta rahmat ma­rang sok sapa bae wong sing nyuwun marang PanjenenanE (ud’uunii astajib la­kum, sira kabeh padha nyenyuwuna marang Ingsun, Ingsun akal ngudaneni).

Kajaba saka iku Allah uga wus kepa­reng netepake takdir marang wong kang usaha (upaya) kang wus ditindakake. Trep karo dhawuhe Allah, mangkene mak­sude:

(a). Iku mau kabeh umat kang wus padha kepungkur, dheweke bakal pikoleh Paringan ganjarane amal kang wus pa­dha ditindakake. Lan sira uga bakal nam­pa ganjarane amal kang wus padha sira tindakake. Lan sira ora padha bakal dida­ngu saka amal wong-wong kuna mau ka­beh.” (QS. Al-Baqarah (2):134).

(b). Ing dina iku kabeh awak bakal di­wales amale kang wus dilakoni. Lan ana ing dina iku ora ana (maneh) panga­niaya. Satemene Allah iku rikat banget Pangkisabe (pangetunge).” (QS. Ghafir/Mukmin (40):17).

(c). Lan ora ana kang piguna  tumrap manungsa, kajaba ganjaran ngamal kang dilakoni dhewe.” (QS. An-Najm (53):39).

(d). Kepriye mungguh bakal kahana­ne wong-wong mau nalika Ingsun ngim­pun dheweke ana ing dina ora kesama­ran maneh anane. Lan saben-saben ba­dan diwales miturut amale kang wus di­tin­dakake, lan dheweke ora padha dia­nia­ya.” (QS. Ali Imran(3):2).

Nyimak makna kang kinandhut ing ayat-ayat kasebut ing ndhuwur, iku bisa dipahami sarta dimangerteni, manawa tak­dir kita  iku (banget) gumantung ma­rang usaha apa sing kita tindakake. Ma­lah luwih cetha maneh ayat kasebut ing ndhuwur negesake; Lan ora ana kang pi­gu­na tumrap… (QS. Ali Imran (3):39).      Kabeh mau lelandhesan karo katemtuan (aturan) sing kawong karan Sunnatullah, lumaku binarung (seiring) karo wektu kang dikendhaleni dening Allah Dzat kang Maha Murah sarta Maha Wicaksana.

 

(19). ULET LAN TAWAKKAL

Takdir iku ora kok mung njurung kita supaya kita semangat ngupadi (berju­ang), nanging uga suwalike kanggo ngle­lipur rasa ati kang sedhih, amarga kita ora bisa nggayuh apa kang kita karepake. Utawa bisa diaturake, manawa takdir mo­no ngandhut maksud njurung supaya kita semangat, kudu ulet, ora asikep nglo­kro sarta pupus ing pangarep-arep. Manawa kita kataman musibah utawa be­baya, kita aja nganti nglokro (patah arang). Trep karo dhawuhe Allah, mang­ke­ne mak­sude:

“Lan wus pira bae para andika Nabi kalawan para pendhereke kang padha taq­wa bebarengan nempuh perang (ing palagan), wong-wong mau ora padha ke­kes (nglokro), sebab dene tekaning be­baya sajeroning ngrungkebi dedalane Agamaning Allah, apa dene padha lem­bek sarta ora padha tumungkul. Allah iku remen marang wong kang ulet sabar.” (QS. Ali Imran (3):146).

Allah kepareng paring pituduh ma­rang kawulanE, supaya nambut kardi (nyambut gawe) sing mempeng, ora ke­sed, ora nglokro, ora aras-arasen sarta pu­pus ing pangarep arep, manawa du­rung bisa ketekan apa kang digayuh. Trep karo hidayahe Allah, mangkene mak­sude:

(a). “Sayekti kanthine rekasa  iku gam­pang. Satemene kanthine rekasa iku gampang. Manawa sira Muhammad wus rampung (nindakake) ibadah, sira ban­jur tumemena ing kabeh wajibira. (QS. Al-Insyirah (94):5,7).

(b). “He para wong Mukmin! Sira pa­dha wedia mring Allah, lan padha ngupa­yoa ing lantaran kang bisa nekakake ing sira sowan marang (cedhak) ngarsaning Allah, sarta sira padha nglabuhana ing Aga­­­maning Allah, supaya padha entuk (pikoleh) kebegjan.” (QS. Al-Maidah (5):35).

Makna kang kinandhut ana  ing ayat-ayat kasebut, bisa dimangerteni lan dipa­hami tumraping wong-wong kang nam­but kardi (nyambut gawe) temen-temen, ing sajeroning nggayuh takdir, Allah ba­kal kepareng paring takdir kang mirung­gan (kang luwih becik). Upamane unggul jurite ing palagan, Donya tumekeng Akhi­rat. Utawa bisa diaturake kanthi gam­blang, manawa kita gelem nyambut ga­we kang mempeng (nyrempeng) sarta te­men-temen, iku mujudake kunci kang­go nggayuh takdir lan luwih becik tumrap kita.

(Ana Candhake)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)