Bukaan Cupu Kyai Panjala 2017, Sanjata Cakra Reresik Reregeding Jagad
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Kejawen - Dibaca: 18 kali

Katon ana wong lanang ndhepaplangake tangan lelorone ana ing sakngarep bungkusan kain mori werna putih. Pangageme adat ja­wa pranakan lurik biru. Blangkon mon­dholan cara Ngayogyakarta, werna biru corek modhang. Kalungan samir werna abang calerek kuning ana ing pinggire.

Mangkono gegambaran saktleraman, nalika juru kunci Dwijo Sumarto miwiti gelaring tradhisi mbukak pusaka cupu Kyai Panjala dina Selasa Kliwon tanggal 17 Oktober 2017 wanci jam setengah lo­ro ana ing daleme, Dhusun Mendhak, Kalurahan Giri Sekar, Kecamatan Pang­gang Gunungkidul.

Sanajan wiwit sore ngarepake malem Selasa Kliwon wewengkon Mendhak sarta sakiwa tengene kalimputan udan deres, nanging ora ngurangi semangat warga nunggu gelaring tradisi budaya warisan leluhur sing wis lumaku paling ora wiwit 500 taun kepungkur. Sabageyan ana ing lungguhan ing pringgitan, sa­bageyan liyane ana ing njaba.

Wis kauningan Cupu Kyai Panjala mu­judake pusaka warisan trah brayat ageng Dwijo Sumarto. Dumadi saka cupu cacah telu kasimpen ana ing njeron kothak kayu, gedhene watara 35 X20X15 sen­timeter. Cupu sing gedhe aran Semar Tinandhu, sedhengan Kalang Kinantang sarta sing paling cilik Kenthiwiri.

Miturut gotheke carita sakawwit du­weke simbah Panjalan. Oleh saka segara Kidul kanthi anjala. Cupu sing rupane alus-alus digawa mulih dening bocah cilik ambentoyong. Sakawit gunggunge ana papat. Nanging sing siji kaplesat adoh, tiba waris ana ing Dusun Ngrancah bawah Imogiri Bantul. Kacarita katyasane sairib.

Bebuntele kothak kain mori putih sa­watara lapis. Miturut adat kabuki nuju mangsa labuh utawa mangsa kapat, nga­repake nyebar wiji, dinane Selasa Kliwon. Jaman kuna kalumrah kasedhi­yakake dhaharan ingkung sarta sega gurih winadhahan tenong. Cara saiki wi­na­dhahan tenggok sarta kabagi warata ana ing piring beling.

Akeh uwong prelu rawuh. Ora preduli marang udan sing tiba ndina-ndina. Asale saka sawer­nane papan. Ora mung saka we­weng­kon Gunung­kidul thok, ke­para akeh sing asale sa­ka njaban Nga­yogyakarta.

Anggone ra­wuh kajurung ma­rang gambar sing ana ing kain mori pam­bungkus. Sa­wernane gambar sing katon pinar­caya minangka pralambang marang ka­hanan sarta prastawa sing bakal dumadi ing mengkone. Kususe tumrap para tani, menehi gegambaran ngenani kahanane pambudidaya ulah tetanen sajrone se­taun muput.

Tata rakite acara sawise satata leng­gah kupeng ngepung ponang cupu, dupa sekar sarta sesaji. Ora keri nga­dhep uba­rampe kendurenan sing wis ka­siyapake wiwit esuk. Panindake kenduren kapa­ngarsa sesepuh dusun, kateruske dhahar sega gurih lawuh suwiran iwak pitik wi­nadhahan piring beling.

Sawatara wektu candhake para ra­wuh ngestreni kendurenan kaping pin­dho. Iya banjur ngrahapi sega gurih ma­neh kajangkepi lawuh peyek sarta apem. Titiwanci anggone kenduren sa­ben ta­une ora mesthi padha. Prinsipe, sakwise anggone masak wis mateng, acara ken­durean enggal kawiwitan.

Kukusing dupa tan kendhat nalika bungkusan cupu Kyai Panjala sing sa­kawit kasimpen ana ing ruwangan sisih njero digawa menyang pringgitan. Bung­kusan didelehke ana ing dhuwur meja. Mbah Dwijo banjur miwiti tradhisi mbu­kak cupu kanthi ndhepaplangke tangan leloro.

Pambungkus kain mori banjur kabu­kak mbaka siji. Sawise kabukak kabeh, tutup kothak iya banjur kabukak. Nalika wis kabukak kahanane cupu ing njeron kothak kacathet. Pranyata kahanane Cu­pu Semar Tinandu sarta Kalang Kinan­tang jejeg. Dene sing Kenthiwiri doyong ngalor ngulon. Cupu banjur ditoke saka kothak sarta didelehake ana ing dhuwur nampan.

Cara wong biyen, wong sing dha rawuh padha genti genten ngelus-elus cupu. Ginebag ing tangan leloro. Sawise tepung panggebege warata, banjur inginjen tiniling tiling kahanan njeron cupu saka bolongan.

Lamun kadulu ana wewulene pari iku pratandha anggone nindake ulah tetanen bakal keweton. Menawa katon isi ja­gung, asile panen jagung iya bakal dadi apik. Cekake yen katon nglumut, iku nga­lamat sugih rejeki, pangan bakal lumintu tan towong. Lamun suwung pametune sawah gabug. Yen ing jero isi mori, bakal akeh wong tumekeng lampus.

Gambar sing ana ing saben lembar banjur kabiwarake sarta kacathet mi­turut keblat paran dununge gambar. Ka­beh gunggunge ana 47 gambar. Isine gambar mangkene

Wetan, ana gambar teko madep ngidul, wujud suket domdoman, angka 7, kemule kemrasak trotol-trotol, getih gareng, semut mati, gambar huruf, tari bali, gambar kendhi sak tutupe

Kidul wetan,ana gambar pari kapas sak kiwane ana senjata cakra, merang jagung.

Kidul ana pitik telu segitiga, klika jati, huruf J, wayang Semar madhep ngulon

Kidul kulon ana gambar angka 2, kalajengking.

Kulon, ana gambar payung kuwalik, wayang Bathara Guru, semut urip, gam­bar bayi turu mujur ngidul, wong wadon ma­rep ngetan, jam 9 punjul 20 menit, gam­bar macan marep ngalor, gambar uwong nyekel panah telu, kemule trotol-trotol, wayang Narada, angka 7, wereng mati.

Lor kulon, ana kerangka uwong sikil lan sirah, gambar jaran mangap, gambar wit gedhe godhonge ngrembuyung, angka 5.

Lor, ana gambar bintang 7 segitiga, wong wadon loro karo anake nyengget ora ono wujude, gambar wong lanang tangane kiwa ditempel ke pipi tekan dhuwur, dene sing tengen ditempelke ngisor gulu nyangga dhadha, kemule trotol-trotol tur nglemek, ongko 11, tikus wirok, wong lanang ndepaplang.

Lor wetan, gambar telapak tangan kiwa, bajing, kemule trotol-trotol ugo nglemek.

Dene kahanane kain sacara umum, kemule seko wiwitan tinaliti kemrisik, ke­mule selembar nglemek, kemule selem­bar nglemek sarta kemule kemrisik.

Sakabehe gambar mengku makna sarta pralambang dhewe-dhewe. Sak­an­tarane ana sing ne­narik ati. Upamane gam­bar Bathara Guru ing sisih kulon. Tumrap masyarakat Jawa, Ba­thara Guru asring di­du­nungke minangka kaalus­aning ulah pa­mi­kir. Apepunjer ma­rang bebakal budi pa­karti. Mahanani pa­ngu­­cap saka solah ba­wa mranani ati.

Semar madhep ngu­­lon ing sisih kidul. Minangka tandha pa­momong sing nges­treni bakal jumedhule satriya piningit. Jejer sing pinarcaya bakal bisa mbeng­kas karya. Kanthi lambang pitik, lire je­jagone para Dewa, sarta ngagem age­man klika jati. Lire ageman sing sajati, wujud kawruh sajati sing asale saka Gusti.

Sanjata cakra. Ana ing pawayangan dadi sanjatane Dewa Wishnu. Lire mi­nangka lambang panguwasa duweke ratu sing jumeneng nata. Sarana reresik apa sing dadi reregeding jagat. Mahanani dalane panguripan bisa lumaku becik sarta sarana panjurung tuwuh tumang­kare karaharjan.

Payung kuwalik ing sisih kulon. Bisa didunungke minangka lambang ilange pangayoman kawula saka para pangu­wasa. Utawa bakal ana penggedhe ke­wi­rangan merga pangucape utawa solah bawane ora mranani.

Pari, kapas, merang, jagung ing kidul wetan, lambang becik tumrap kadang tani. Sawernane tanduran bakal tuwuh subur sarta asile apik. Gambar wereng mati lambang sirnane ama tanduran.

Angka 7 ing sisih wetan, lor kulon lambang bakal tumelunge pitulungan, pituduh sajrone ngrampungi masalah, pitutur sajrone nglakoni urip saka Gusti Kang Akarya Jagat. Angka 11 lambang kasalarasan insan kamil apadene sa­sambungan antarane manungsa-ma­nung­sa, mangungsa-alam sarta ma­nung­sa-Gusti Kang Akarya Jagat.

Kalajengking lambang racun utawa wisaning urip. Mula prelu disingkiri sa­kabehe pangucap sing ora becik. Dene bajing amaning uwit klapa, lambang bakal akeh paraga sing pindhah pakar­yan utawa pagaweyan.***

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)