Reca Dewi Nawangwulan
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Sambung - Dibaca: 48 kali

Taun 1980 Sartono lagi umur rong puluh taun nalika ninggal desane ing wewengkon Kabupaten Su­­koharjo. Lunga menyang Ja­karta melu-melu kancane golek gaweyan sak olehe awit rumangsa neng desa kurang marem. Dene rampung ang-go­ne sekolah mung lulus SMEA, amarga wong tuwane mung petani prasaja kang ora kuwat  ngragadi Sartono ne­rus­ake sekolah menyang per­gu­ruan tinggi. Lulus SMEA ku­wi wis apik banget tumrape anake wong tani nalika kuwi.

Ana sawetara sasi Sar­tono kapiran urip neng Jakar­ta. We­kasane ing sawijining wek­tu dheweke oleh gaweyan nunggu omah suwung duweke Tuan Wijaya, bos keturunan Tionghoa kang duwe garwa wanita pribumi asale Ban­dung, asmane Bu Dewi. Tuan Wijaya iku panggautane usaha bukak toko material, tokone gedhe pepak daga­ngane barang-barang bahan bangunan.

Tuan Wijaya duwe samben bisnis dol tinuku omah gedhong. Tegese tuku omah murah sing kahanane wis ketinggalan jaman, terus direnovasi dadi apik lan te­rus didol larang. Omah kuwi dituku du­rung suwe. Sawetara dikon nunggu Sar­tono, awit sabubare direnovasi durung ana sing nuku.

Omah gedhong kuwi mapan aneng lor dalan gedhe, prenahe Jl. Wolter Mo­ngin­sidi, Kebayoran Baru, Jakarta Sela­tan. Kahanane omah kuwi sanadyan wis direnovasi nanging rasane kaya isih si­ngup sajak ngemu wewadi. Wiwitane Sar­tono mangu-mangu nampa gaweyan kuwi. Nanging gandheng lagi butuh kerja kanggo wragad urip kepeksane gaweyan tunggu omah mau dilakoni kanthi iklas. Idhep-idhep karo golek gaweyan sing maton, ngono pepuntone.

Ing kono pakaryane Sartono njaga lan reresik. Yen awan nyapu, ngepel jo­gan lan reresik kebon. Yen bengi turu neng kono ijen tanpa kanca. Kadhang-kadhang dheweke rumangsa kasepen dene rina wengi nunggu omah gedhe ijen tanpa rowang. Mula saben awan Sar­tono kerep metu lan jagongan karo Mas Bakir sing ngadhep warung kopi karo Bang Somat sing dodol rokok neng pinggir dalan Wolter Monginsidi.

Sasi kapisan, sasi kapindho kabeh lumaku kanthi adhem ayem ora ana ke­da­deyan sing aneh-aneh. Bareng mlebu sasi katelu, ing sawijining wengi pinuju malem Jumuwah Kliwon, Sartono ngimpi ketemu karo wong ayu banget. Nyan­dhang nganggone kaya putri kraton. Ngang­go kemben cekak ora nganggo klambi, rambute direngga roncen kem­bang melathi. Yen diemba ngono kaya agemane putri jaman Majapahit, dijum­buh­ake karo nalika Sartono nonton ke­tho­prak neng desane. Putri jroning im­pen kuwi ngaku jeneng Dewi Nawang­wulan, ngrerepa njaluk ditulungi.

“Mas aku tulungana, luwarana aku sa­ka kunjara. Aku keblegan bumi neng ngisor wit sawo. Yen kowe gelem nulungi aku mengko aku bakal aweh piwales ka­becikan,” ngono tembunge wong ayu Dewi Nawangwulan mau.

 Gragaban Sartono nglilir. Njenggirat lungguh neng……….

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)