Kejujuran Becik Diperdi Wiwit Ish Bocah
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Pangudarasa - Dibaca: 4 kali

Dora, apus krama, ngapusi, mbujuk, bohong, hoax. Tem­bung-tembung mau padha maknané: omong, andharan uta­wa pranyatan sing ora bener, ora padha karo kanyatané. Biya­sané kanthi karep tinamtu, sing lumrahé mbathèni utawa ngun­tungaké sumberé apus-apus, sok dikanthèni mitunani pihak liyané sing nampa hoax. Ing piwulang agama Islam, mung ana siji tumindak dora sing ditolerir, yaiku yèn kanthi karep ngrukunaké wong sing cecongkrahan; iku waé mung yèn perlu banget dora. Saliyané iku, dora kalebu tumindak dudu sing dikharamaké.

Mula Nabi Muhammad s.a.w. wis ora naté dora wiwit isih bocah, nganti olèh gelar Al Amien, sing banget bisa dipercaya, laras karo wataké nabi : siddiq, amanah, tabliq, fatonah. Ing jagading pawayangan, ana paraga siji sing ora tau ngapusi : Prabu Yudhisthira, pembarepé Pandhawa. Ing agama Buddha, salah sijiné pancasila (pantangan = wewaler lima), yaiku ora kena ngapusi lan tansah omong bebener.

Ing babagan pendhidhikan, ilmiah lan penelitian, kejujuran dadi bab sing wigati banget. Ing pendhidhikan formal ing se­kolah-sekolah, apus krama sing paling sedherhana lan wis di­ang­gep lumrah kedadéyan ing kelas: nurun, nyontèk lan nge­pèk, mung kanthi ancas bisa nggarap so’al lan olèh biji apik. Kang mangkono iku sabeneré kalebu ngapusi awaké dhé­wé. Ka­mangka ngapusi awaké dhéwé iku dora sing paling cilaka. Olèh biji apik, rumangsa lan dianggep pinter, na­nging sabeneré awaké dhéwé iku bodho. Pepatah Jerman nye­butaké :Klein aber mein (cilik nanging duwèkku dhéwé). Apa gunané biji apik lan katon kaya pinter, nanging dudu darbèké dhéwé !!! Ge­nah luwih becik, senajan mung barang cilik nanging duwèké dhéwé.

Donyané penelitian ora mung awèh apresiasi sing dhuwur kanggo inovasi minangka woh (asil) saka kegiyatan ilmiahé para peneliti. Nanging sing uga penting banget, kepriyé carané njunjung nilai-nilai sing ndhasari prestasi, yaiku kejujuran. Peneliti bisa waé salah utawa keliru, nanging ora kena ngapusi. Sawetara dina kepungkur kita dikagètaké anané kabar kebohongan publik sing diayahi Dwi Hartanto, mahasiswa program doktoral ing Fakultas Elektro Universitas Teknik Delft, Nederland. Uga kawiyaké praktik plagiarisme tesis program doktoral ing lingkungan Universitas Negri ing Jakarta sing malah dipromotori déning rektoré dhéwé.

Kita prihatin banget ngenani masalah loro iki sing ngisin-isini lan klebu khianat marang ilmu pengetahuan. Kejujuran ing masalah riset nduwèni potensi mitunani donyaning riset ing skala sing luwih jembar. Nggunakaké data bohong utawa palsu ing asil panalitèn sawijining peneliti bakal nularaké kesalahan utawa kegagalan marang riset liyané. Kudu kita élingi yèn asil riset sawijining peneliti sering didadèkaké rujukan déning peneliti liyané sing ngayahi riset lanjutan.

Taun 1950-an, ana sawijining tokoh pendhidhikan Indonesia lagi diuji ing program S3 ing Nederland. Sawisé njawab pitakonan-pitakonané para penguji kanthi apik, sawijining penguji takon jeneng sawijing obyek tinamtu sing durung tau dirungu. Mahasiswa sing lagi diuji iku padha sakala nglimpreg kaya dilolosi otot bayuné. Dhèwèké wis nggambaraké bali menyang Indonesia kanthi rasa isin setengah mati jalaran gagal studiné lan bingung kudu mbalèkaké prabéya (bea siswa) gedhé sing wis dibayar negara. Kanthi jujur mahasiswa mau njawab yèn dhéwèké babar pisan ora ngerti lan durung tau krungu bab mau. Jebul sang penguji ora nyalahaké, malah ngakoni yèn sang penguji dhéwé uga ora ngerti. Nalika ditakoni genti généya pak Penguji nakokaké bab mau, mung trima dijawab kanthi ènthèng : mbokmenawa waé awakmu ngerti. Akhiré mahasiswa mau lulus kanthi predikat Cum Claude.

Iku mau conto yèn kejujuran iku regané dhuwur banget. Sau­pama dijawab kanthi ngawur, bisa uga malah dhèwèké ora lulus. Mula jujur lan kejujuran kudu wis diwulangaké ma­rang anak dhidhik wiwit usia dhini saéngga bocah wis kulina tu­mindak jujur ing panguripan saterusé. (MW)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)