Destinasi Wisata Nusa Barung alias Nungsa Barong Jember
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Plesir - Dibaca: 37 kali

Mbarengi lan ajune pariwisata, Nusa Barung utawa Nungsa Barong sing dikenal minangka pulo suwung, dadi sa­lah siji des­tinasi wisata andalan Kabupa­ten Jember. Pranyata nyimpen sejarah da­wa. Kacarita nate dienggo manggon Tumenggung Si­nga­barong sakalyan garwa, putri nata Ma­japahit.

Sakawit Nusa Barung katetepake da­di papan konservasi Cagar Alam taun 1920, lelandhesan layang Gubernur Jen­de­ral Hin­dia Belanda nomer GB 46, kamot ing Staatsblad No. 736 tanggal 9 Oktober 1920. Sawise Indonesia mardika, status cagar alam Pulo Nusa Barung dianyari lumantar Surat Keputusan (SK) Menteri Pertanian Nomer 110/VIII/1957.

Minangka cagar alam, Nusa Barung meng­ku kaskaya ekosistem wana udan tro­pika, arupa alas mangrove, alas pante sarta alas dataran cendhek. Maneka war­na spesies mangrove, kayata tengar (Ce­riops tagal), terunrum (Lumnitzera), nyirih Xylocarpus; sarta perepat (Sonneratia alba).

Sawernane flora, kagolong langka aru­pa stigi laut (Pemphis acidula), kepuh (Sterculia foetida), putat (Barringtonia sp), pancal kidang (Drypetes ovalis), nyam­plung (Calophyllum inophyllum), laban (Vitex pubescens), kalak (Mitrephora javanica), pule (Alstonia spatulata), sempu (Dillenia reticulata), perak (Vatica wallichii) sarta sengir (Ploiarium alternifolium).

Fauna, arupa kethek kra (Macaca fasci­cularis), lutung budeng (Trachypithecus au­ratus), menjangan Jawa (Rusa timo­rensis), celeng (Sus sp.), manuk elang dha­dha putih (Haliaeetus leucogaster), raja udang (Halcyon sp.), wallet sapi (Collocalia esculenta), pitik alas abang (Gallus gallus), kangkareng (Buceros sp), penyu ijo (Chelonia mydas), penyu sisik (Eretmochelys imbricata), nyambik (Varanus salvator), ula sawa (Python sp).

Dosen FIB UGM Dr. Sri Margana, MHum, MPhil ana ing bukune asesirah Nusa Barong on Fire njlentrehake mena­wa pulo Nusa Ba­rung nate kanggo papan pandhelikan war­ga Blambangan nalika dumadi perang an­tarane Krajan Blamba­ngan lumawan VOC antara taun 1767-1768. Taun 1772 pen­dhu­dhuk Nusa Barung kacathtet ana 250 KK.

Bakda perang taun 1777 antarane pendhudhuk pribumi Nusa Barung luma­wan VOC kapangarsa Adiran van Rijk, nusa Barung digawe steril saka warga pribumi. Pendhudhuk sing isih mapan ing kono diusir, prau pedagang China sing ndharat njupuki sarang walet dikongkon ngadoh.

Wekasane ing tanggal 11 Juli 1920, Gu­bernur Hindia Belanda ngetokake ke­pu­tu­san kang netepake Nusa Barung mi­nangka pulo Cagar Alam. Ing kono akeh pandhemen mancing padha golek iwak segara.

Sadurunge dienggo manggon ma­syarakat Blambangan, tibake nate kang­go manggon Tumenggung Singabarong saweneh adipati krajan Majapahit. Bisa ka­titik saka katrangan kamot ing buku Serat Dharah inggih seseboetan Raden, kaimpun RW Dwidjosoegondo, weton Boekhandel Soenardhi Malang taun 1941.

Ing kaca 57, kasebutake putra Sinu­hun Brawijaya V no 12 miyos saka garwa pangrembe, asma Retno Bintaro krama angsal Tumenggung Singabarong, Adi­pati Nungsa Barong. Tembung Nungsa Barong iku padha karo Nusa Barung. Ana ing tata rakit paprentahan, adipati mu­judake kalenggahan istimewa.

Ana ing Serat Widya Pradana, pethi­kan saka Serat Babat Sangkala Ageng ka­wastanan Serat Pustaka Rajawedha, kasebutake menawa kalungguhan Adi­pati iku sor-soraning papatih. Kawajiba­ne, winenang nampa parentahing ratu, banjur kadhawahke marang bawahane. Utawa kaserenan pangawasa pepatih sing marentahke patraping lelepasan.

Kaparingan gegadhuhan siti lenggah padha karo pangkating bramana, amba­ne 10.000 saleksa karya.Wilayahe nglim­puti wewengkon Nungsa Barong.

Kalungguhan minangka Adipati Nung­sa Barong kaparingke Sinuhun Brawijaya sawise kamantu, kapalakramakake kala­wan salah siji putrane. Dene sadurunge, ngas­ta kalenggahan Tumenggung. Ka­lung­gu­han dhuwur ing tata rakit pa­pren­tahan. Kagolong panca ring wilwatikta.

Kawajibane, winenang mriksani ka­beh lelampahan ayahaning ratu, sarta ka­bebahan ulah dedamel sing dadi age­ming ratu, utawa nanggel apik eleke kan­ca abdi dalem. Kaparingan gegadhuhan siti lenggah 4000, kawan ewu karya. Mitu­rut pranatan, sawise kamantu, ora ngasta Tumenggung maneh. Nanging tetep ngagem asma gelar lawas.

Sajrone manggon ana ing Nungsa Ba­rong, Tumenggung Singabarong kaes­trenan garwa, para putra sarta sawatara abdi dalem. Kanggo nyukupi kabutuhan urip nggunake kaskaya alam sing tinemu ing kono. Jaman biyen kaskaya sing ana mesthine luwih akeh katimbang jaman pangungsen wong Blambangan.

Wis mesthi, kaskaya iwak laut dadi sa­lah siji sing dimanfaatake kanggo nyu­kupi kabutuhan gizi. Apa maneh ana tradhisi mangan asil laut sajrone nindake upacara. Upamane urang, tengiri, iwak hala-hala, layaran. Kaladekake bebare­ng­an karo sega tim, sayur kuluban sarta omben-omben tuak.

Karana kahanan segara ora mesthi apik, apa maneh nuju ora mangsa iwak, kanggo pasadhiyan pangan, ing antara­ne ana sing digawe iwak asin. Cara pa­ngolahe ora beda adoh karo adat sing lumaku ing jaman saikine. Uyah sing di­gunake uga asil pambudidaya masyara­kat dhewe.

Kanggo kaperluwan usada migunake kaskaya tanduran sing ana ing kono. Upa­mane nalika kecokot bangsane ke­wan sing duwe wisa, migunake kayu stigi. Wisa ula sing mbebayani tumrap ma­nungsa, bisa ilang kesedhot kayu sing di­templeke ana ing panggonan sing ke­cokot. Nanging aja nganti kasep.

Tandhane menawa wisane wis entek, kayu stigi sing ditempleke bakal copot karepe dhewe. Mula iku kalumrah kayu stigi digunake minangka teken. Utamane digawa nuju menyang alas saprelu mbe­bedhag kewan utawa golek tetuwuhan kanggo usada.

Tumrap jaman saiki, stigi disenengi dening pawongan sing dhemen marang daya-daya linuwih. Pinarcaya bisa dadi salah siji sumber daya kekuwatan su­pra­natural. Sarana nolak pawongan sing duwe niyat jahat. Nuwuhake daya kebal sarta kekuwatan tartamtu. Sarana pang­asihan.

Ngundhake kawibawan tumrap sing rada isinan, nolak bangsane ngelmu ka­rang utawa ngelmu ireng, ningkatake ra­sa pracaya marang diri pribadi, ngedoh­ake diri pribadi saka kasangsaran utawa nasib sing ora apik, apadene sarana usa­da rematik.

Amrih daya kagunan luwih tumanja, racak digawe wujud maneka warna ak­se­­soris, upamane tesbeh, ali-ali, gelang, tongkat, warangka keris utawa pipa ro­kok. Ana uga sing mligi kanggo paja­ngan, digawe ukri-ukiran utawa uwit bonsai.

Sakdurunge Tumenggung Singaba­rong ngasta Adipati, kahanan Nusa Ba­rung kaya ngapa, ora kinawruhan ka­lawan gumathok. Nanging kaendahane segara sing ngupengi pulo Nusa Barung, mbok menawa sing nenarik ati tumrap Prabu Hayam Wuruk nalika tindak pepa­ra ing sapinggir segara kidul.

Mpu Prapanca ana ing Kitab Negara­ker­tagama pupuh 22 nyaritake tindak peparane Prabu Hayam Wuruk dalah rom­bongan urut pesisir Kidul sakwise saka Lumajang. Wiwit Dhampar mange­tan liwat Patunjungan, lerem ing ping­giring tlaga kang akeh kembange terate sarta tunjung kang lagi nedheng-nedhe­nge mekar.

Sawise ngaso sawatara, rombongan neruske laku mangetan liwat alas-alas sapinggiring segara. Ing Palumbunan Sang Prabu kendel maneh saperlu mbe­bedhag. Ngarepake sore, rombongan nyabrang kali Rabut Lawang, ngliwati jurang Balater. bengine Sang Nata dalah rombongan nginep ing pinggir segara.

Paran dununge Dhampar, Patunju­ngan jaman saikine kabawah Kabupaten Lumajang. Dene  Palumbunan, Rabut La­wang sarta Balater kabawah Kabupaten Jember. Pancen Mpu Prapanca ora ne­rang­ke kanthi gamblang, apa wae sing katindake Sang Prabu Hayam Wuruk nuju ana ing pinggir segara.

Sajrone lerem sarta nyare, mesthine sinambi nyawang kaendahane pesisir sar­ta ambyuk ombake banyu segara ki­dul sing ngupengi Nusa Barung.***

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang mbisu iku “luwih becik” katimbang wong kang guneman ala.

Klik

DOLANAN JAMAN KAWURI

Isih kelingan dolanan kaya ngene iki? Mesthine ing antarane para maos kang wis ‘yuswa’ isih padha kelingan ya. Balapan ban bekas mujudake dolanan jaman kawuri. Seru, murah lan nyenengake. Yuk nostalgia kanthi dolanan nyenengake ing jaman biyen iki yuk… (d/ist)***

Pethilan

E-dagang rame, ritel konvensional rontok

Blanja mung kari klik

Pelajar perlu diajak lunga menyang museum

Aja menyang mal wae…

Sumpah Pemuda dipengeti

Indonesia siji, dudu sing liyane