Sendhang Mbah Ndungik Tetep Wingit
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Pasujarahan - Dibaca: 6 kali

Nganti tumeka saiki akeh warga Desa Kenokorejo, Sukoharjo, kang preca­ya sendhang mbah Ndungik salah sijine papan wingit sing ora kena ditekani, nalika manah lan pikire ora resik. Jalaran akeh ke­da­deyan aneh dilakoni para pawongan sing padha neneka menyang sendhang, amar­ga pikir lan atine ora resik. Ati lan pi­kir kang ora resik salah sijine wong wa­don lan wong lanang selingkuh neneka ritual menyang sendhang mbah Ndungik.

Kedadeyan aneh lan pantangan mau dikandhakake mbah Witono, warga desa Kenokorejo sing yuswane wis ngancik wolung puluh taun.

Miturut crita, ing sendhang kang mapan ana ing tengah sawah iku akeh pawongan kang neneka ing dina malem Jumat lan dina wingit Selasa Kliwon. Anggone padha neneka jalaran nduwe kekarepan ritual nga­lap berkah nggayuh kamulyan pangkat derajat, tamba lelara lan hajat liyane.

“Ora sithik pawongan kang asil penyu­wunane sesirih  ana ing sendhang mbah Ndungik,” ujare mbah Witono ngocapake.

Nanging dheweke nandhesake, luwih dhisik kudu nduweni rasa precaya marang lantarane Gusti Allah. Dicritakake, nganti tumeka sakiki ora ana pawongan kang wani ngothak athik barang apa wae sing sumeleh ana sendhang. Nate ana kedade­yan salah sijine pawongan nekad njupuk kayu saka sendhang mbah Ndungik. Cila­ka­ne, tumeka ngomah pawongan mau lara ora bisa ngapa-ngapa. Tengah wengi na­lika turu dheweke diparani wong tuwa lan ngan­dhakake, kayu sing dijupuk dudu du­weke, luwih prayoga dibalekake wae ti­nim­bang kena wewaler.

Kaget ana ing ngimpine diparani pawo­ngan wedok tuwa menehi piweling, wong sing nandhang lelara banjur kelingan ma­rang tumindake kang njupuk kayu saka sendhang mbah Ndungik. Esuk sadurunge surya metu ana iring sisih wetan, pawo­ngan mau mbalekake kayu menyang sen­dhang mbah Ndungik. Ora suwe sak buba­re kayu dibalekake, pawongan sing lara dadi sehat.

 Sendhang mbah Ndungik mapan ana tengah sawah kang adoh saka papan po­mahan warga desa. Saben mangsa ketiga, sendhang sing ukurane rolas meter persegi ora tau kasatan banyu senadyan saben dina dijupuki banyune  dening warga desa. Miturut katerangane warga desa, sumber banyu sendhang jerone luwih saka rong puluh meter. Kandhane nate dijajaki ngang­go pring saklonjor nanging durung bisa tumeka nganti dhasar.

Nalika jaman ndhisik, dicritakake de­ning mbah Witono, ambane lambe sen­dhang kurang luwih rong meter persegi. Nanging dening warga desa lan para pa­wongan kang nate kasil penyuwunane, lambe sendhang banjur diambakake lan di wenehi pager tembok bata. Ing pinggir sendhang diwangun kolah kanggo jamas para pelaku ritual ing tengah wengi. Sak cedhake sendhang uga di wangun gubuk kanggo ngaso lan ngeyup para pelaku ritual ing mangsa udan.

“Ana sumber banyu cacah telu, na­nging sing isih metu mung sendhang mbah Ndu­ngik,” ujare mbah Witono nambahi kate­rangane.

“Sumber liya mampet amarga kurugan lemah sawah,” imbuhe.

Kekarepane warga desa, sendhang mbah Ndungik didandani kanggo wisata religi, amarga papan panggonane ora adoh saka makam Ki Ageng Balak kang ka­wentar papan wisata religi ana ing Ka­bupaten Sukoharjo. Nanging kekarepan mau ora bisa kaleksanan, jalaran ora ana pa­wongan sing gelem ngrumat kajibah  dadi kuncen. Mula saka iku, senadyan warga ngresiki lan menehi wewangunan anyar, tetep wae reget lan rusak. Taun rong ewunan nate ana pawongan saka Purwodadi nglakoni laku ana sendhang mbah Ndungik nganti pirang pirang taun. Uripe mung entuk welas asih saka  pawo­ngan kang padha neneka laku ritual me­nyang sendhang.

Dening warga desa, pawongan saka Pur­wodadi mau diwenehi jejibahan dadi kuncen sendhang. Nanging kandhane mbah Witono, suwe suwe sak senenge dhewe. Akeh pawongan sing padha nene­ka sambat marang warga desa, jalaran polatane peteng yen ora diwenehi dhuwit, kosok baline polatane padhang yen diwe­nehi dhuwit. Warga sing mangerteni pokal gawene anyel, banjur diusir saka sen­dhang mbah Ndungik.

“Wiwit kedadeyan taun 2000, sen­dhang mbah Ndungik uwis ora nganggo kuncen,” kandhane mbah Witono.

Akeh cerita gegayutan ngenani baba­gan ghaib ana ing sendhang mbah Ndu­ngik. Rikala desa Kenokorejo durung ana sumur lan banyu pam, warga desa nggu­-man­tungake panguripan saka banyu sen­dang mbah Ndungik. Nanging kairing mlakune jaman, saiki akeh warga uwis padha nggawe sumur lan pasang pam. Mung wae, senadyan uwis pasang pam lan nggawe sumur, banyu sendhang isih digunakake minangka acara  duwe  hajat.

Warga pinercaya, sapa wae pawongan sing ora nggunakake banyu sendhang kang­go masak lan nggodhog, banyune ora bisa umup. Kadadeyan iki nate dialami sa­lah sijine warga desa sing uwis nglalekake mbah Ndungik. Mangkat saka kedadeyan mau, ngangsu banyu sendhang kanggo acara hajat, dadi tradhisi warga desa nali­ka duwe gawe.

 Saben ana acara mantu lan hajat liya­ne, warga ora nglalekake menehi sesaji ana ing sendhang. Kekarepane kanggo nge­lingake anggone dheweke nate urip saka sumber banyu sendhang mbah Ndu­ngik sesaji dadi adat lan tradhisi warga de­sa. Sak bubare, pawongan kang  duwe gawe banjur njupuk banyu sendhang, di­ga­wa balik menyang omah lan di cam­purake banyu sing arep kanggo masak lan nggodhog banyu.

“Kanthi cara ngene banyu bisa umob,” ceritane mbah Witono ngandhakake kapre­cayan warga desa.

Nanging ana uga pawongan kang ora precaya lan ninggalake tradhisi. Nalika ma­sak lan nggodhog banyu ora bisa umob, senadyan digodhog nganti jam-jaman. Pre­caya lan ora kabeh gumantung awake dhewe, nanging tradhisi ngemu kekarepan luhur amrih sumber banyu tetep ajeg les­tari bisa digunakake tumrap panguripan. Kajaba kedadeyan aneh nggodog banyu ora bisa umep, ana kedadeyan aneh liyane.

Dikocapake mbah Witono, ana warga desa kang nduweni gayutan peteng. Wa­nita lan pria selingkuh nglakoni ritual ana ing sendhang mbah Ndungik. Anggone laku ritual kaya adat saben kang nate ditin­dakake para pelaku ritual. Wanci tengah wengi adus keramas gebyur banyu ping pitu. Kanthi cara kaya ngene iki dikarep­ake, panyuwunane bisa kasil.

Mung wae nalika pria lan wanita mau arep adus keramas, banyu sendhang mbah Ndungik wernane malih ireng. Banyu sen­dhang miturut mbah Witono, nandhesake yen pawongan sakloron ora resik, mula ora dikeparengake adus jamas nganggo ba­nyu sendhang. Ora resik ora mung pa­wongan kang nduweni gegayutan peteng, wanita kang lagi neneka sasine lan nglair­ake durung genep selapan dina uga ora kena neneka menyang sendhang mbah Ndu­ngik, amarga dadi wewaler.

Kanggone mbah Witono, banyu sen­dhang mbah Ndungik dadi berkah pa­nguripan nalika mangsa ketiga. Dheweke bisa njupuk banyu sendhang kanggo mba­nyoni tetanen kang di tandur ana sakiwa tengene sendhang. Mula mbah Witono ora nglalekake ngaturake panuwun nalika mangsa panen. Dheweke sesaji ana ing ping­gir sendhang minangka wujud rasa syu­kur. Berkah mau ndadekake mbah Wi­tono dicukupake sandhang pangane liwat asile tetanen pari.

Tumrape para pawongan kang padha ritual, akeh cara dileksanakake anggone ngupaya golek sawab. Ana kang laku ne­neka saben ndina sak suwene pitung dina, ana kang laku saben malem Jumat sak suwene pitung malem, ana uga sing adus jamas saben wengi ing sendhang mbah Ndungik. Maneka werna laku gumantung saka krentege ati lan wisik kang ditampa para pelaku ritual. Yen wisik uwis dilakoni lan kasil panyuwunane, pawongan mau banjur ngucapake rasa syukur kanthi cara nganakake acara wilujengan lan reresik sendhang mbah Ndungik.

Saben taun sendhang mbah Ndungik dikuras dening warga, mung wae tradhisi ngu­ras banyu sandhang ujare mbah Wito­no, saiki uwis arang dileksanakake,  amar­ga akeh sing ora mudheng tradhisi lan bu­daya. Sacara pribadi, mbah Witono saben taun ajeg ngleksanakake tradhisi sedheka­han, senadyan mung nganggo uba rampe saanane. “Sega wuduk, panggang ing­kung, ki­nang suruh ayu,” terange.

Ora ninggalke tradhisi amarga mbah Witono nate nampa piweling saka wong tuwane.

 Piwelinge, manungsa bebrayan ana ing ndonya ora mung pawongan lan ke­wan, nanging ana uga bangsa liya kang ka­cipta dening Gusti melu bebrayan ana ing jagad gedhe. Mula kekarepane, kanthi srana sedhekahan, manungsa njaga kese­larasan bebrayan agung ana ing jagad. Awit kahanane jagad gedhe iki sejatine gu­mantung saka pokal gawene manung­sa, yen manungsa srakah marang alam, bakale tuwuh bencana alam. Semono uga ma­nungsa yen gelem njejaga kelestariane alam, alam uga bakal aweh  berkah liwat asil bumi.

Ana ing piwelinge wong tuwa uga dite­rangake, tradhisi ora mung giyat nglek­sa­­nak­ake lan nglestarekake budaya, na­nging bisa kanggo njaga persatuan lan ngraket­ake tali silaturahmi warga desa. Sing cuthel bisa disambung maneh, sing uwis nyam­bung sansaya diraketake ma­neh, sa­engga bisa mbangun tenggang rasa lan go­tong royong bebarengan. (Judiantoro)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang mbisu iku “luwih becik” katimbang wong kang guneman ala.

Klik

DOLANAN JAMAN KAWURI

Isih kelingan dolanan kaya ngene iki? Mesthine ing antarane para maos kang wis ‘yuswa’ isih padha kelingan ya. Balapan ban bekas mujudake dolanan jaman kawuri. Seru, murah lan nyenengake. Yuk nostalgia kanthi dolanan nyenengake ing jaman biyen iki yuk… (d/ist)***

Pethilan

E-dagang rame, ritel konvensional rontok

Blanja mung kari klik

Pelajar perlu diajak lunga menyang museum

Aja menyang mal wae…

Sumpah Pemuda dipengeti

Indonesia siji, dudu sing liyane