(Ananging
mugi ngupadasa Akhirat kalayan kamulyan (kebahagiaan) ingkang sampun
kaparingaken dening Allah dhumateng sampeyan. Ewa semanten sampun nilar ing
bageyan sampeyan ing donya ……” (Q.S. Qashash (28):77).
(16).
PINDHA MESIN ETUNG (KALKULATOR)
Sapandurat lelawanan
(kontradiksi) ayat-ayat iku bisa dipriksani ana ing babagan kang ana
gandheng cenenge (sambung rapete) karo
masalah takdir.
Satemene yen diteliti
ayat-ayat sing sapandurat kaya kaya lelawanan, iku ora kok lelawanan, nanging
mujudake ayat sing saling nglengkapi. Coba dak aturi mriksani makna ayat sing dak aturake ana ing
ngisor iki, mangkene makude:
(a). Allah wus
kepareng dhawuh, manawa sekabehing takdire wus tinulis ana ing Kitab Lauhul
Mahfudz. (b).Kabeh mau wus katulis sadurunge kedadeyan (peristiwa) iku
cinipta.
Dadine yen kita ora
ngawigatekake ayat liyane sing nerangake, manawa takdir iku ditemtokake dening
upaya (usaha) sarta binarung karo wektu kang lumaku. Kita bakal pathok
bangkrong (ora ndarbeni pilihan liyane) kanggo mangerteni ayat kasebut. Yaiku sing nerangake, manawa wong
iku ora ndarbeni pilihan, marang takdir iku, pokoke kita kari nglakoni bae.
Kamangka kasunyatan kang dumadi ana ing tengahing masyarakat, ora sethithik
ayat-ayat sing nerangake perlune upaya (usaha) ing dalem ngupadi (nggayuh)
takdir. Mula saka iku kita kudu ngati-ati anggone mahami lan mangerteni marang
takdir. Hiya ing kene iki, biasane wong-wong padha sasar (kepleset) nalika
mahami takdir.
Pancen rada ruwet kok,
kita mahami pangerten takdir. Lha supaya bisa cetha utawa gamblang kita
mangerteni lan mahami takdir, bakal diaturake sanepan utawa conto samadya,
kita migunakake sawijining mesin etung utawa kalkulator sing canggih.
Mangkene:
(a). Lauhul Mahfudz iku
disanepakake minangka kalkulator.
(b). Takdir diupamakake
minangka asil etungan.
(c). Dene upaya (usaha)
diupamake minangka driji tangan sing nutul kalkulator.
(d). Lha kekarepan
(kehendak) iku babagan (faktor) bebas saliyane kalkulator.
Dadi sekabehing etungan
sing kita tindakake iku, kabeh dumunung ana ing sanjerone kalkulator.
Upamane 100 x 100, asile ana ing sajrone kalkulator. Ngetung 500 dibagi 5,
asile uga ana ing sajeroning kalkulator. Mangkono lan sapiturute. Lha yen mangkono,
sekabehing asil nutul (mijet) tombol kalkulator bakal nuwuhake jawaban saka
njerone kalkulator. Banjur tuwuh pitakonan mangkene; Banjur kapan
jawaban-jawaban iku dilebokake menyang njerone kalkulator? Apa nalika
nutul-nutul tombol kalkulator apa sadurunge? Jawabane, hiya cetha banget, adoh
sadurunge nutul (mencet) tombol kalkulator tombol. Lho, lha nek ngono, banjur
sapa sing nglebokake cathetan-cathetan mau? Mesthi bae hiya sing nggawe
pabrike. Mangkono mau sanepane Lauhul Mahfudz. Hiya Allah kang wus kepareng
nglebokake sekabehing panduga (kemungkinan) takdir sing bakal dumadi tumraping
manungsa. Wujude, yaiku sawijining ketetepan (program) Sunnatullah. Hiya
program Sunnatullah iku sing bakal asung jawaban sekabehing panduga
(kemungkunan) tumindake manungsa. Dadine, hiya Allah sing kepareng nemtokake
takdir trep karo Sunnatullah kang
lumaku.
Mangkono sanepan mau,
manawa kita ora usaha (berupaya), Allah ora bakal kepareng ngowahi kahanan
kita. Nanging yen kita nindakae usaha, tegese gelem nutul-nutul tombol
Sunnatullah mau, Lauhul Mahfudz bakal ngetokake jawaban arupa (dalam bentuk)
takdir. Tumindak becik, hiya bakal methik kebecikan. Lha yen tumindak ala, hiya
bakal methik asile terp karo tumindake.
Coba kita simak dhawuhe Allah kang katur ing ngisor iki:
(a). ”PanjenenganE
kagungan kumpulane Malaikat-Malaikat kang gilir gumanti, njaga manungsa
saka ngarep, saka buri kalawan dhawuhing Allah. Sanyata Allah ora bakal ngowahi
kahanane kaum-kaum (bangsa-bangsa), kajaba wong-wong mau ngowahi kahanane
dhewe. Lan manawa karsa nyiksa sawjining kaum, mangka ora ana wong siji-sijia kang bisa nulak siksanE, sarta wong-wong mau ora duwe Bandara saliyane
PanjenenganE.” (QS.
Ar-Ra’d (13):11)
(b). ”Ora ana bilahi
kang nempuh ing bumi sarta kang nempuh ing sira, kajaba wus katulis ana ing
Kitab (Lauhul Mahfudz) sadurunge bilahi iku Ingsun lahirake. Sanyata kang
mangkono iku gampang banget mungguhing Allah. Supaya sira aja padha susah ingatase kelangan barang anyar, Allah
iku ora rena marang sekabehing wong kang ambeg adigung tur kumaluhur.” (QS. Hadid (57):22,23).
(c). ”Allah Kuwasa
mbuseg kabeh barang kang dadi kepareng karsanE, sarta nglestarekake. Lan ana
ing ngarsaning Allah pokoking, Lauhul Mahfudz.” (QS. Ar’Ra’d (13):39).
(17).
NGETREPAKE TAKDIR.
Kepriye carane
ngetrepake takdir ing dalem panguripan padinan. Iki perlu kita pahami lan
mangerteni, jalaran sasuwene iki ana prebeda anggone nyikepi makna takdir,
kaya kang wus diaturake ana keterangan ing ndhuwur. Banjur tuwuh pitakonan, lha
hiya manungsa mono apa ndarbeni kebebasan nemtokake sikep uripe? Jawabe cetha,
manawa manungsa iku ndabeni kebebasan milih sikep uripe sing kita karepake.
Manungsa pinaringan piranti arupa akal sarta pikiran (afala ta’qiluun, afala
tatafakkaruun), bisa milih endi bae sing becik lan endi sing ala, binarung karo
taggung jawabe (dhadha handhadha) marang apa kang ditindakake. Iku kabeh trep
karo dhawuhe Allah, mangkene maksude:
“Hiya iku kanggo
(wong) kang gelem maju menyang kebecikan, lan kang mundur saka laku dosa saben
saben awak iku dhadha handhadha (tanggung jawab) marang apa kang dadi
tumindake”. (QS.
Al-Muddatsir (74):37-38).
Maksud ayat kasebut
tumraping wong kang ndarbeni kekarepan utawa niyat (kehendak) nindakake
tumindak becik utawa kekarepan tumindak dosa. Iku kabeh kudu tanggung jawab
(dhadha handhadha) apa sing padha dilakoni (ditindakake). Kekarepan (kehendak)
iku mujudake sipat dhasar ketuhanan sing kepareng karsa ditularake marang
manungsa. Allah iku Dzat Maha Iradat (berkehendak). Dene manungsa uga
ndarbeni kekarepan (kehendak) sing wus
kaparingake dening Allah marang manungsa. Wus mesthi bae trep karo derajat
manungsane. Iku mujudake fitrah kang wus kepareng katetepake dening Allah.
Dadine apa sing kita
pilih iku dadi sebab (dumadine) takdir kita ing wektu kang kang bakal kelakon.
Hiya kekarepan (kehendak) iku sing mujudake kawitane takdir. Kabeh mau trep
karo maksud dhawuhe Allah mangkene:
(a). ”Sebab apa sira
padha gawe hukum dhewe. Utawa apa sira Muhammad, wong-wong kafir iku takonana.
Sapa kang nanngung (tanggung jawab) benere hukumira kang mangkono iku.” (QS. Al-Qalam (68):36,40).
Maksud dhawuhe Allah
kasebut, Allah kepareng paring pituduh marang kita, manawa apa kang kita
tindakake iku ngandhut resiko, yaiku dhadha handhadha (tanggung jawab),
saengga Allah dhawuh kaya kang kasebut ana ing QS. Al-Qalam (68):36,40).
(b). ”Lan supaya
sira ngetrepake hukum ana ing antarane wong-wong mau kalawan katemtuan kang
wus diturunake dening Allah, lan sira
aja kongsi manut-miturut hawa nepsune wong-wong mau. Lan sira diwaspada, aja
kongsi wong-wong mau bisa mlesedake marang sira saka sawenehing dhawuh
katamtuan kang wus diturunake marang sira. Dene manawa dheweke padha nyleweng saka bebener, mangka sira
mangertia, sanyata karsaning Allah bakal nyiksa marang wong-wong mau, amarga
saweneh dosane kang wus padha dilakoni, sanyata akeh-akehe manungsa iku padha
dhusta.” (QS. Al-Mufidah (5):49).
(Ana
Candhake)
Yen kowe weruh semut kepleset lan
ceblok ing banyu, mula angkaten lan tulungana dheweke... Sapa ngerti kuwi dadi sebab anane ampunan
tumrapmu ing akherat mengko.
FESTIVAL CAGANARES
Caganers yakuwi sawijining festival kang dianakake saben wulan Desember ing daerah Catalunya utawa Barcelona, Spanyol. Festival iki bakal ndadekake sapa wae gedheg-gedheg. Kepriye ora, merga masyarakat ing kono ngumpulake maneka figur tokoh dunia kang lagi mbukak kathoke lan (ngapunten) bebuwang. Tokoh duniane macem-macem, kaya Ronaldinho, Albert Einstein, Michael Jackson, Donald Trump, Barrack Obama, lsp. Festival iki ngemu teges yen sapa wae satemene padha tanpa ndeleng trah utawa jabatane nalika bebuwang. (d/ist)***
LP Banda Aceh ribut, 113 napi kabur
Sapa
sing betah nang pakunjaran?
Cawe-cawene guru ora bisa digenteni
Apamaneh
sing jenenge Pak Google
600 dina kasus penyerangan Novel durung kawiyak
Aparat
lagi asyik ngetung dina mbokmenawa