Mengeti Nyepi
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Apa Tumon - Dibaca: 49 kali

Mengeti Nyepi

 

 Seun wis mataun – taun makarya dadi buruh bangunan. Mung bedane angger adat sabene Seun anggone dadi buruh ba­ngu­nan adoh – adohe tekan Jakarta. Ning wulan iki kudu ngulandara nyebrang samudra tekan pulo Bali

Seun tekan Bali karo rombongan, cacahe ana wong 20. Tekan kana kaya pakulinane, makarya gawe bangunan. Uripe diirit – irit supaya dhuwite bisa dikirimake marang anak bojone ing Purbalingga. Malah direwangi masak dhewe, bareng – bareng karo kancane. Mulane angger blanja saben dinane ora tau akeh – akeh. Sing wigati cukup kanggo mangan saben dina.

Wis ana telung minggu iki lancar ora ana alangane. Mung sing beda nalika sesuk kuwi tanggal 28 Maret 2017. Nyatane durung duwe pengalaman ing Bali. Dadine, ora ngerti menawa tanggal 28 Maret 2017 kuwi ngepasi dina nyepi.   

Kanggone wong Bali sing agamane Hindu menawa dina nyepi iku kabeh kudu amati geni, amati karya, amati lalungaan, lan amati lelanguan. Sedina sakdurunge, kabeh wong Bali padha blanja kanggo sedhiya sesuke. Beda karo Seun, ora blanja luwih dhisik. Dhuwite ora ana, uga ya ora ngerti.

Esuke Seun arep blanja tuku beras lan lawuh kanggo mangan dina iki. Neng bedheng mung kari mie lan kopi 5 bungkus. Durung pati adoh Seun mlaku saka bedeng, wis krungu swara wong takon semu bentak.

Saudara mau kemana, ini hari Nyepi, tidak boleh keluar-keluar! Kalau melanggar harus bayar denda satu juta.” Seun mlencit mlakune balik meneh menyang bedheng. Ning mbatin, medeni temen pulisine.

Seun ndheprok ing lemah bedheng karo isih gemeter ngos-ngosan. Angen – angene arep masak rada enak mumpung prei ilang kabeh. Nganti kancane takon sajak ora digagas, banjur dibaleni nganti kaping pindho.

“Un gelis temen endi blanjane? kok urung olih apa – apa. Semaure Seun semu gela.

“Blanja kepriwe siki lagi nyepi, ora olih metu – metu!. Kepengin didenda karo polisine pa, sejuta?”

“Ya aja gela kaya kuwe. Aku ora ngerti Un.” Kabeh kancane pada plenggongan. Mosok kaya kuwi thok didenda sejuta.

Kelakon dina iki Seun karo kancane sarapan roti thok. Kamang­ka saben dina sanadyan mung sega karo lawuh saanane mesthi wis ketemu sega. Nalika wis jam 12.00 Seun bingung arep mangan apa genti. Wetenge wis jaluk diisi meneh. Seun takon karo kancane.

“Arep mangan apa awan iki?”

“Anane mung kari mie Un, karo kopi 5 bungkus,” jawabe kancane.

“Ya wis kepeksane mangan mie. Kopine dibagi wae ya nggo wong 20.”

Ngunduri rada sore wetenge Seun wiwit krasa panas, plilat – plilit amarga durung kelebon sega. Seun ndonga, “Muga – muga mengko bengi wis olih metu, niyate arep tuku sega.”

Lha kok jebule nganti bengi meneh isih durung olih metu.

“Dhuh Gusti enggane apa kudu mangan mie meneh? Pangrintihi Seun. Wetenggku dada apa mengko.”

Rasa plilat – plilit, panas, ketambahan durung ketemu wedang legi, diaduk – aduk meneh karo mie, dadekake suwe - suwe wetenge Seun ora kuat. Kajaba lemes, mumet wusanane Seun kena diare. Wira – wiri anggone menyang mburi. Kabeh njerone weteng diresiki nganti ora ana turahane. Resik nggusit. Seun dina iki kelakon mengeti  Nyepi nganti ngrasuk ing ati amarga awake wis resik tenan. Apa tumon? (Purwaningsih – Purbalingga)

 

 

Anak Lima

 

Sing tak critakake iki tanggaku, piyantune wis sepuh sing putri isih rada timur. Sing kakung jarene putra tunggal, saengga ora tau nyandhak pegaweyan omah blas merga wiwit cilik ora tau diblajari. Adang ora isa, nggodhog teh utawa wedang ora isa. Kabeh sing nandangi sing putri, nggendhong putrane nek nganggo slendhang ya ora isa nganti mateni kompor wae ya ora isa. Ngunyerne mesin cuci tambah ora isa, sing putri sabar senajan ngramut putra-putrane karo nyambut gawe pegaweyan omah ora tau ngresula. Tentrem-tentrem lan ayem wae rumah tanggane, sawijining dina mbuh dijaluki tulung sing putri bab apa ngono dijawab ora isa kok sing putri saking jengkele menawa, muni “mosok mas, kebangeten, sembarang kok ora isa.”

Sing kakung kanthi ayem semaur, “Wong digawekna anak lima kok ora isa apa-apa. Mbok matur nuwun kancamu ora nduwen anak rumangsa rugi kae lo.” Sing krungu padha ngguyu.  Apa tumon anak kok nggawe nek ora dikersakake Allah apa iya isa? (Umi Harini-Bandar, Jombang)

 

 

Diraupi Telek Manuk

 

Nalika semono aku lagi wae rampung saka kegiyatan pelatihan, kira-kira jam setengah sewelas bengi. Awak rasane kesel, mripat mbliyat merga ngantuk. Mula aku enggal-enggal bali numpak sepedha motor. Wektu iku durung ana aturan wong numpak sepedha motor kudu nganggo helm kaya dene saiki.

Sinambi ongap-angop anggonku nglakokake sepedha motor pancen tak gawe alon-alon karo ngematake adheme hawa ing wayah bengi. Dumadakan…mak orot…sirahku kesemprot jemek-jemek, sanalika aku minggir banjur mandheg. Bareng tak pan-panke…jabang bayiiikk…jebul telek manuk sing lumayan akeh, mula ambune amis banget lan rasane pahit. Aku bisa ngrasakake jalaran prasasat raiku kaya diraupi. Dalan sing tak liwati kuwi pancen akeh wit-witan kang dhuwur, manuk blekok sak pirang-pirang padha seneng menclok ana kono.

Sanajan krasa jijik, kepeksa aku tetep nerusake laku nganti tekan omah. Apa tumon?

(Helly Sulistyowati-Pondok Indraprasta, Semarang)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang mbisu iku “luwih becik” katimbang wong kang guneman ala.

Klik

DOLANAN JAMAN KAWURI

Isih kelingan dolanan kaya ngene iki? Mesthine ing antarane para maos kang wis ‘yuswa’ isih padha kelingan ya. Balapan ban bekas mujudake dolanan jaman kawuri. Seru, murah lan nyenengake. Yuk nostalgia kanthi dolanan nyenengake ing jaman biyen iki yuk… (d/ist)***

Pethilan

E-dagang rame, ritel konvensional rontok

Blanja mung kari klik

Pelajar perlu diajak lunga menyang museum

Aja menyang mal wae…

Sumpah Pemuda dipengeti

Indonesia siji, dudu sing liyane