Juranggrawah Mothah
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Alaming Lelembut - Dibaca: 80 kali

Ing kiwa-tengene taun 1955 dhalang sepuh asma Ki Kawit Djojosan tiko mujudake dhalang kondhang. Dhalang siji iki pinter nglucu, mula kate­lah dhalang gecul. Saliyane iku pedha­langane ganep, pakem, kebak pitutur lan ora nglantur. Mula pagelarane kejaba kanggo tontonan uga ngemot tuntunan.

Ora beda karo dhalang liyane, Ki Ka­wit Djojosantiko uga kagungan wayang kulit atusan cacahe. Pancen, wayang ku­lit semono akehe mau ora kabeh dimain­ake nalika pentas. Wayang kulite Ki Kawit katon endah lan mranani, tatahane ngre­mit semono uga sunggingane. Perangan sing diprada katon mencorong kinclong. Satemah menawa wayang mau dijoged­ake karaktere katon cetha terwaca. Endi sing gagah, bagus, mbranyak, wicaksa­na, ayu, ruruh, apadene sing galak, dur angkara, jail, lan methakil. Kabeh mau nggambarake jinis wataking manungsa ing bebrayan agung iki.

Saka atusan wayang, mungguhing Ki Kawit ana siji sing klebu wayang istime­wa. Ujaring kandha, wayang istimewane mau umure wis atusan taun lan ana “isi­ne.”  Rupane wis rada kluwus. Senajan meng­kono wayang kuna mau isih dipe­pundhi banget. Yen lagi ora dimainake wayang lawas kuwi dilebokake ing kan­thong kain sutra werna abang. Ora di­cam­pur dadi siji karo wayang liyane. Ki  Kawit Djojosantiko antuk wayang mau karana warisan saka eyange swargi kang uga sawijining dhalang misuwur duk ri­kala semana.

Mungguhing sutresna seni pedhalangan ora asing maneh karo wayang kase­but. Sawijining paraga ra­seksa peparab Jurangra­wah. Awake gedhe dhuwur, ngliga. Mung nganggo awer-awer cawet, rambute diore tekan pundhak. Un­tune rangah landhep mawa siyung ing sisih ngarep, mripate mlolo medeni. Wa­yang buta mau menawa dijogedake dening Ki Kawit kaya-kaya urip tenanan. Sauger Ki Kawit mayang, ing kono mesthi ana  Ju­rang­grawah. Ora ana sing ngerti ngapa kok Jurang­grawah sing dadi idholane Ki Kawit, dudu  Kresna uta­wa Puntadewa sing watak lan bebudene becik lan wi­caksana.

Juranggrawah mono du­du paraga tokoh, ora dar­be kasekten sing bisa kanggo andel-andel. Mung ela-elu mbelani lurahe, ya­iku buta cakil. Karana dudu paraga pen­ting ing punjering lakon, mula Jurang­gra­wah metune ing pakeliran ya mung sepisan. Tinemu ing adegan begalan, mbe­gal uta­wa nyegat lakune salah sa­wijining satriya banjur dumadi dredah, kalah, mati, terus… mlebu kothak. “Se­kali unjuk diri sesudah itu mati,” ngono mbokmenawa semboyane Juranggra­wah.

Ewasemono mungguhing Ki Kawit Djo­josantiko rasane durung marem me­nawa ora ngetokake  Juranggrawah ing saben pagelarane. Ora mawas pagelar­an iku lakone apa, Juranggrawah kudu metu. Sebab mungguhing Ki Kawit, Ju­ranggrawah mono minangka anak emas saka atusan wayang ing njero kothak.

“Aja lali lho, Man. Wis pepak ta ca­dhonge si Thole?” ngono ngendikane Ki Kawit marang asistene saben piyamba­ke arep nggelar pentas.

“Inggih, Ki. Sampun beres sedaya,” wangsulane Mantiko, asisten dhalang kang wis pitulas taun anggone ngetutake dhalang sepuh kuwi. Ki Kawit ora nate lali, saben-saben mesthi ngelingake bab……………

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang mbisu iku “luwih becik” katimbang wong kang guneman ala.

Klik

DOLANAN JAMAN KAWURI

Isih kelingan dolanan kaya ngene iki? Mesthine ing antarane para maos kang wis ‘yuswa’ isih padha kelingan ya. Balapan ban bekas mujudake dolanan jaman kawuri. Seru, murah lan nyenengake. Yuk nostalgia kanthi dolanan nyenengake ing jaman biyen iki yuk… (d/ist)***

Pethilan

E-dagang rame, ritel konvensional rontok

Blanja mung kari klik

Pelajar perlu diajak lunga menyang museum

Aja menyang mal wae…

Sumpah Pemuda dipengeti

Indonesia siji, dudu sing liyane