Kasudibyane Kang Namur Laku (3)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Rakyat - Dibaca: 40 kali

Mungkur rombongan, wong neneka mau nduweni pepunton menawa sing duwe gubug cetha wong ala. Mripate mandeng mburi gubug. Dideleng saklebatan pancen ora ngetarani yen ing kono sumimpen rajabrana merga ketutupan grumbul ketel. Kahanane uga ora ngetarani senajan ana dhingkel  kang sajake wis lawas banget ora nate kesenggol tangane uwong. Gek ing ndhuwure dhingkel akeh gom­-balan pating slengkrah. Ajaa nalurine landhep, pawonan neneka mau cetha ora nganti bisa nemok-ake rajabrana kang disinggahake dening grombolan durjana kang briga-brigi patrape.

Tekan kono angen-angene keganggu dening swarane wong  sajak kesusu. Karo omong-omong-an keprungu lamat-lamat dening kang lagi nglalar pikiran mau. Dheweke kaget bareng salah sijine wong kang kesusu-susu kuwi aba marang kancane kang kehe wong telu.

“Kesusu ya kesusu, ning awake dhewe ya kudu leren wong iki wis meh magrib. Ora ilok lelaku wayah magrib, ujare simbah akeh setan klambrangan. Nah, iki kebeneran ana gubug. Kena kanggo ngaso sauntara.”

Karo nggunakake basa kasaran wong papat mau terus lungguh mak srog ngono bae tanpa maelu wong neneka sing isih ana kono “Ndika napa saweg nengga sabin sing ijo royo-royo nika, ki sanak? Mboten perlu ditengga, mandhak taksih bar mantun mawon. Nek pun byar pantune pancen kedah ditenggani, awit kuwatos dijarah brandhal.”

Senajan sikepe wong mau rada kasar, ning tetep diwangsuli nganggo basa alus lan andhap asor, “Kula saweg ngaso mawon. Badhe dhateng sedherek kula wetan wana ngrika. Dene dhusun kula kilen wana. Lha ndika sedaya badhe dhateng pundi?”

Karo sajak maremake dhirine, wong mau mangsuli sumangkeyan, “Wooo, pantes mawon menawi sampeyan mboten ngerti. Lha pancene sanes tiyang mriki. Kula sak kanca niki dados bebaune desa, kula niki pinituwane bebau. Kula sakanca niki saweg ngemban ayahan,  nganglang dhusun ngantos tapel wates kilen ngrika. Wangsul malih pun sonten, awit mubeng dhusun ngantos tepung gelang. Dhusun kula saweg kenging gangguwane rampog. Kados welut, dipikut mrucut, digebug njegug. Nadyan kula mboten gigrig ning ngrika balane kathah tur sajake enten sing mbotohi.”

Tekan kono anggone kojah, pini-tuwane bebau dhusun iku disaruwe rowange, “Nyangapa kowe ndadak ngoceh ngalor ngidul? Bab iki dudu urusane sedulur sing mentas kita temoni iki. Nek krungu lurahe sisip sembire awake dhewe malah dipocot.”

Kanca liyane nrambul rembug, “Walah mbok ben, mandhak sedulur iku dudu wong desane dhewe bae. Karomaneh sing dikojahake mau rak kasunyatan.”

Ketang selak kepengin ngreti, pawongan neneka mau nyapih kang lagi udur,  “Pun kuwatos kula mbo-ten ngurus sanes-sanesipun. Ning rak inggih kepengin ngertos wonten punapa sejatosipun? Mangga blakasuta mawon kenging kangge ngraketaken pasedherekan.”

Kena dayane sikep kang andhap asor lan omongan kang kepenak, tetuwane bebau mau banjur………….

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang mbisu iku “luwih becik” katimbang wong kang guneman ala.

Klik

DOLANAN JAMAN KAWURI

Isih kelingan dolanan kaya ngene iki? Mesthine ing antarane para maos kang wis ‘yuswa’ isih padha kelingan ya. Balapan ban bekas mujudake dolanan jaman kawuri. Seru, murah lan nyenengake. Yuk nostalgia kanthi dolanan nyenengake ing jaman biyen iki yuk… (d/ist)***

Pethilan

E-dagang rame, ritel konvensional rontok

Blanja mung kari klik

Pelajar perlu diajak lunga menyang museum

Aja menyang mal wae…

Sumpah Pemuda dipengeti

Indonesia siji, dudu sing liyane