Mangerteni Dhodhok Selehe Ma’rifatullah, Nuladhani Nabi Ibrahim A.S (3)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 228 kali

4. Mula bukane : Orang amung Njeng Nabi Adam a.s kang diuji, nanging Njeng Nabi Ibrahim a.s uga diuji dening Allah kang dumadi ana ing laladan ‘Arafah, yaiku nalika panjenengane niliki kulawar­gane kang wus sawatara wektu ditinggal dhakwah ana ing papan kang cengkar (tandus) ing Makah. Nabi Ibrahim a.s bombong penggalihe nalika mriksani pu­trane  kang karan Ismail wus dadi remaja sarta darbe akhlaqul karimah kadi dene ibune, Siti Hajar. Wusana Njeng Nabi Ibra­him a.s kadhawuhan mbangun Ka’bah sarta pinaringan pituduh carane nindak­ake manasik haji. Trep karo dhawuhe Allah mangkene tegese: (a). Satemene wisma kang wiwitan dibangun kang­go ibadah tumraping manung­sa, yaiku “Baitullah” ing Makah kang diberkahi lan minangka pituduh tumraping  manungsa kabeh. (b). Ing kono ana tandha-tandha kang nyata, yaiku maqam Ibrahim. Tum­raping wong kang mlebu ing Baitul­lah, dadi tentrem mungguhing awak­e. Nindakake ibadah Haji mu­jud­ake kuwajiban tumraping ma­nung­sa kang wus nyukupi syarat-syarate, darbe sangu kanggo budhal lan mulihe. (Q.S. Ali Imran (3) : 96-97). (c). Dhuh Gusti Allah sesem­bahan kawula, mugi Paduka dados­a­ken kawula kekalih (Ibrahim lan Ismail), ingkang tansah ndhedhipe (taqwa) dhumateng Paduka (tadla­ru’an wa khifatan). Lan antawisipun anak keturunan kawula ingkang tansah ndhedhipe (taqwa), mugi Pa­duka paringi pitedah cara-cara nindakaken  ibadah Haji. Mugi Pa­duka kepareng nampi tobat kawula. Saestunipun Paduka Ingkang Maha Nampi Tobat saha Maha Welas Asih. (Q.S. Al’ Baqarah (2) : 127-128).

Ayat-ayat kasebut ing ndhuwur ne­rangake manawa Njeng Nabi Ibrahim a.s nyuwun pituduh marang Allah marang cara-carane nindakake ibadah Haji sarta papan-papan kang kudu ditekani. Wusa­na Allah dhawuh marang Ibrahim dalah garwane sarta putrane tumuju menyang ‘Arafah. Bareng nalika wus tumekeng papan kang karan Mina, Ibrahim dalah keluwargane padha ngaso (istirahat) lan nyare ana ing Mina. Nalika semana nge­pasi tanggal 8 Dzulhijjah, panjenengane nyupena (ngimpi) ngorbanake putrane. Ibrahim a.s kaged banget banjur tafakkur (merenung) menggalih impene kang cetha banget mau. Ing tembe tafakkure Ibrahim ing Mina iku dadi dina Tarwiyah. Sawuse iku banjur tumuju menyang Arafah. Nalika semana Ibrahim durung nyritakaake impene mau marang garwa lan putrane, karana penggalihe Ibrahim a.s isih mangu-mangu (ragu-ragu) ma­rang takwil impen iku. Ing batin ngucap, lha hiya impen iki apa mung kembange wong turu, apa godhane syetan utawa wahyu dhawuhe Allah.

Sawuse tumapak ing bumi ‘Arafah, Ibrahim ngimpi maneh kanthi cetha ba­nget, trep karo impene nalika panjeneng­ane ngimpi ana ing Mina. Nalika iku ngepasi tanggal 9 Dzulhijjah, Ibrahim banjur nindakake Wuquf ing tendha, sarta nyuwun pituduh marang Allah, kanthi manekung manungku kalbu, tafakkur, dzikir sarta ndedonga ing wektu awan iku nganti wayah sore. Penggalihe Ibrahim dadi tentrem lan mantep. Malem tanggal 10 Dzulhijjah Ibrahim ngimpi maneh kadi dene impen sadurunge, yaiku Ibrahim ka­dhawuhan ngurbanake putrane, minang­ka bukti ndhedhipene (taqwane) marang Allah. Bareng wus yakin, manawa ngimpi kasebut bener-bener dhawuhe Allah, iku ateges dheweke lagi diuji dening Allah. Wusana Ibrahim mutusake bakal nglek­sanakake prentahing Allah iku dina esuke. Saengga dina tanggal 10 Dzulhijjah iku lumrah karan dina Nahar, ateges dina Pangurbanan. Dene dina tanggal 9 Dzul­hijjah dikenal minangka dina ‘Arafah, ate­ges dina Pencerahan (pengetahuan), yai­ku dina nalika Ibrahim pikoleh pepadhang (ma’rifah) kang kaparingake marang dhe­weke.

Ya ana ing wengi iku uga Ibrahim ning­­galeke ‘Arafah tumuju menyang Mina. Wektu tumekeng wengi, Ibrahim dalah keluwargane leren (mabit) ana ing papan kang karan Mujdalifah. Wektu iku Ibrahim diganggu dening syetan, kanthi pangajab supaya ngurungake (membatalkan) ni­yate ngurbanake putrane, Ismail. Ibrahim kukuh penggalihe, ora gigrig marang pangglembuk gombale syetan. Wusana Ibrahim banjur mundhut krikil saperlune kanggo mbandhem syetan kang ngreri­dhu. Lha mungguhing jama’ah Haji saiki, wengi ing Mujdalifah iku disunatake golek krikil kanggo mbandhem (mbalang) jumrah wektu esuke minangka simbul ngu­sir syetan.

Sawuse iku Ibrahim banjur munggah menyang gunthuk (gumuk), ing saban­jure gumuk iku karan Jabal Qurban. Ing wektu iku Ibrahim uga ngersakake pali­lahe (idine) Siti Hajar, arep munggah me­nyang gumuk. Dene Siti Hajar kadhawuh­an nunggu ana  papan ngisor iku. Lha nalika munggah ing gumuk Mina, Ibrahim dicegat maneh dening syetan, kanthi mblithuk supaya Ibrahim ngurungake (membatalkan) niyate ngurbanake putra­ne (Ismail) mau. Ibrahim tetep kukuh penggalihe ora nuruti karepe syetan, sakala Ibrahim mbandhem syetan nganti ambal kaping telu. Akhire mbandhem syetan iku dikenal minangka ritual Mba­lang Jumrah., yaiku Jumrah ‘Aqabah, Jumrah Wushtha lan Jumrah Uula.

Sawuse tumekeng ing gumuk, Ibra­him lagi nyritakake marang Ismail bab im­pene kanthi runtut, sasuwene telung we­ngi. Saiba kaya ngapa anggone ngadhepi nggronjale (pegulatan) batine ngikepi abote dhawuhe Allah kang mangkono mau. Wusana Ibrahim mutusake lan man­tep penggalihe, manawa impene minang­ka ujian saka ngarsane Allah.

Wawan pangandikan antara Rama kang shaleh lan putrane kang santun sar­ta ta’dzim (sabar), kang nrenyuhake ati iku, bisa dipriksani ing Q.S. Ash-Shaffaat (37) : 100-110). Antara liya mangkene-dhawuhe Allah: (a). “Kang mangka nalika bocah iku tumapak umur dewasa, bebarengan karo Ibrahim, Ibrahim ngendika: “He putraningsun ngger, satemene keng Rama pinaringan weruh ing dalem ngimpiku, manawa keng Rama kadhawuhan nyembeleh sliramu. Coba pikiren, kepriye mungguh panemumu? Ismail banjur matur kanthi sareh: Dhuh Rama ingkang kula bekteni, mugi panjenengan tindakaken dhawuhipun Gusti Allah punika dhumateng keng putra. Insya Allah panjenengan badhe priksa, manawi keng putra kalebet ewoning tiyang ingkang sabar. ”(Q.S. As-Shaffaat  (37) : 102). (b). Nalika loro-lorone, Ibrahim lan Ismail wus pasrah kanthi ikhlasing manah (sumarah, taslim), sarta Ibrahim mapanake putrane (ngglethak kanthi kahanan miring) pranyata loro-lorone  padha tha’at lan sabar nindakake prentahing Allah. (Q.S. As-Shafat (37) : 103).

(c). “Lan Ingsun ganti bocah iku kanthi sawijining domba kang gedhe.” (Q.S. As-Shaffaat (37) : 107).

Lelandhesan marang ayat-ayat kang katur ing ndhuwur (Q.S. 37:100-110) keluwargane Ibrahim iku mujudake keluwarga teladhan sing tumindake (kisahnya) cinathet (diabadikan) dening Allah nganti akhir jaman, arupa ritual (manasik) haji, sing diwiwiti saka ‘Arafah sarta dipungkasi ana ing Bukit Shafa lan Marwah. (Ana Candhake)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)