Tok tok Cring
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Roman Remaja - Dibaca: 14 kali

Virly lagi badmood amarga hubungan tresnane karo Amsah ora antuk restu saka wong tuwa, utamane bapake. Alasane jare kudu lulus kuliah dhisik lah, ngedohi zina lah, Amsah bocahe ora nduwe tata krama lah lan lah liyane sing gawe atine mangkel tur mbesengut.

Pancen yen disawang Amsah kuwi areke kaya ora nduwe masa depan. Asring mbolos kuliah, arang sholat jamaah, senengane cangkruk nang warkop utawa dulinan game online. Nanging praupane sing kaya artis sinetron lan kepinterane dadi gitaris  gawe atine Virly kesengsem. Saliyane kuwi dheweke uga sugih amarga anak ontang-antinge pengusaha mebel.

Virly isih kelingan nalika Amsah dolan menyang omahe sakminggu kepungkur. Bapake pancen ora nglarang dheweke kekancan karo sapa wae, nanging yen wis prekara pacar urusane bakalan dawa. Bakal ditakoni bab iki lan iku, huft ribet pokoke.

“Rambutmu kok mboksemir werna pirang? Apa ora ana aturan ing kampus bab karesikan lan kerapian?” pitakone bapake marang Amzah sawijining dina. “Biyasane aturan ing kampus negeri rak ya luwih ketat,” bacute.

Amsah mung meneng lan mesem kecut, nanging atine kaya dicublesi paku teyengen. 

“Ayo mas, tadaruss surah yassin bareng aku,” ngendikane bapake Virly maneh. “Awakmu sing mimpin.”

“Wadhuh pak kula taksih dereng apal surat Yassin, menawi al Ikhlas kalih an Nass pun apal,” jawabe Amsah.

“Lhadalah wis semester lima kok mung lancar surah iku wae, ora ana bedane karo ponakanku sing isih sekolah TK.”

Asem, adoh adoh rene mung diceramahi thok, grenenge Amsah nang njero atine.

Jam nuduhake angka rolas awan, perpustakaan kampus rada sepi amarga jam yah mono akeh mahasiswa sholat dhuhur utawa njajan nang kantin. Virly sing lagi umeg karo buku kanggo presentasi sesuk krasa kaget ana sing nyablek pundhake saka mburi. Jebul kuwi Amsah.

“Hayooo, sing lagi serius maca buku.” 

“Eh awakmu to? Ngageti wae.”

“Sabtu sore metu yuk, mlaku mlaku nyang taman lampion,” pangajake Amsah.

Virly meneng sedhela lan unjal ambegan dawa.

“Sakjane ya kepingin banget mas,” kandhane lirih. “Nanging bapak saiki wis menehi lampu abang hubungane awak dhewe. Yen nganti konangan bisa tambah gawat,” jelase. 

Saiki prekarane tambah ribet amarga bapake Virly tansah ngawasi. Wiwit telpon omah nganti hapene asring dipriksa mbokmenawa isih sesambungan karo Amsah.

“Aha piye yen aku mengko telpun awakmu nganggo kode swara,” ujare Amsah. “Unine tok tok cring.”

“Tok tok cring?” Virly isih durung mudheng.

“Iya, iku pratanda aku wis ana cedhak omahmu lan siyap ngajak metu,” sambunge, “mengko kowe gawe alasan opolah menyang bapakmu,” Amsah ngajari Virly nakal….

“Piye ya? Aku wedi yen nganti konangan”.

“Dijajal dhisik, berhasil apa ora iku urusan mburi.”

Jam nuduhake angka enem kliwat limalas, lan durung ana tandha-tandha Amsah nelpon. Bola bali Virly nyawang cendhela omah, mbok menawa sing dienteni wis teka. Bapake wis lungguh njejeri telpun sinambi maos majalah PS.

Kriiiing……. 

“Halo….” Bapake Virly ngangkat gagang telpun. Virly nyawang bapake sing lagi nampa telpon, praupane kaya wong bingung.

“Wonten napa pak?”

“Embuh ya, telpun kok swarane tok tok cring,” wangsulane sinambi gedheg-gedheg. Virly sing tanggap kodhe mau enggal nyangking tas.

“Kowe arep menyang ngendi ndhuk? Kok ketoke kesusu.”

“Niku pak, badhe tumut kajian filsafat teng masjid kampus.”

“Ngati-ati ndhuk aja mulih bengi-bengi,” sambunge ibune. 

Virly enggal pamit marang wong tuwane lan klunak-klunuk metu saka omah. Sedhela-sedhela dheweke nyawang memburi, mbok menawa ana sing ngetutake. Nalika wis katon aman, Virly enggal marani Amsah sing nyanggong nang pojok gang.

“Sepurane rada suwi, maklum aku wedi yen ditutake bapak utawa ibuk…”

“Nyantai wae, kanggo yayang ora ana sing salah.”

“Ih gombal.”

Amsah enggal mbonceng Virly. Lakune vario ireng tumuju menyang taman lampion sing manggone cedhak karo GOR kutha. Nalika wis katog mla-ku mubeng, Amsah ngajak Virly ngaso menyang warung bakso lesehan. Pe-sen rong mangkok lan wedang susu kanggo nyuda rasa pegel. 

Watara limang menit, pundhake Amsah dicablek saka mburi.

“Niki mas pesenane,” kandhane wong mau.

“Inggih matur nu………,” kandhane Amsah nanging ora sida diterusake. Virly uga meneng kaya reca. Swara mau jebul saka bapake Virly sing saiki masang rupa sangar, alamak angin

gedhe bakalan teka….. (Hario Bachtiar Muslim)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang mbisu iku “luwih becik” katimbang wong kang guneman ala.

Klik

DOLANAN JAMAN KAWURI

Isih kelingan dolanan kaya ngene iki? Mesthine ing antarane para maos kang wis ‘yuswa’ isih padha kelingan ya. Balapan ban bekas mujudake dolanan jaman kawuri. Seru, murah lan nyenengake. Yuk nostalgia kanthi dolanan nyenengake ing jaman biyen iki yuk… (d/ist)***

Pethilan

E-dagang rame, ritel konvensional rontok

Blanja mung kari klik

Pelajar perlu diajak lunga menyang museum

Aja menyang mal wae…

Sumpah Pemuda dipengeti

Indonesia siji, dudu sing liyane