Mangerteni Dhodhok Selehe Takdir Miturut Syar’I (15)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 10 kali

(Ananging mugi ngupadasa Akhirat kalayan kamulyan (kebahagiaan) ingkang sampun kaparingaken dening Allah dhumateng sampeyan. Ewa semanten sampun nilar ing bageyan sampeyan ing donya ……” (Q.S. Qashash (28):77).

Sawuse kita nyimak keterangan-kete­rangan kang katur ing ndhuwur, bisa di­pa­hami lan dimangerteni, manawa panguripan donya mono mung mujudake kesengan sethithik. Kasunyatan ing te­nga­hing masyarakat, akeh wong sing lali, amarga kaparingan rejeki sing akeh, mubra-mubru, katimbang liyane, tumuli tu­mindak sing ngluwihi wates. Kanthi si­pat Qodrat lan Iradat Dzat kang Maha Murah, Allah wus kepareng paring paco­ban (ujian), kanggo ngukur sepira ta ta­ke­rane, kapasitase saben-saben pawo­ngan ing dalem nampa rejeki. Ana sing kaparingan rejeki sethithik lan ana sing kaparingan rejeki akeh. Mula saka iku kita kudu husnuddon (berprasangka baik) marang Allah sarta tawakkal marang Allah ing dalem (sajerone) ngupadi reje­ki. Allah bakal kepareng paring rejeki sing paling bagus trep sarta saukur karo ka­pasitas kita.

Yen wus mangkono, Allah bakal nga­tur kebutuhan kita, ing dalem paring tak­dir kang mirunggan, (sing paling becik). Iku kabeh trep karo dhawuhe  Allah, mangkene maksude:

Allah kepareng paring rejeki  marang sawijining pawongan iku, saka kang ora kinira-ira, sing sapa sumarah pasrah ing Allah, PanjenenganE bakal nyukupi ma­rang dheweke, mangertia, sanyata Allah iku mesthi karsa ngleksanakake per­karanE. Allah ndamel samubarang iku, wus kanthi pepesthenE.” (Q.S. Ath-Tha­laq (65):3).

 

(15).   WERDINE MUSIBAH LAN                 BEBAYA

Satemene musibah lan bebaya (ben­cana) sarta rahmate Allah iku mujudake sawijining isyarat utawa pesan saka ngar­saning Allah. Dhawuhe Allah mang­kene maksude:

“Sira dhawuha maneh! Sapa sing bi­sa ngreksa awakira saka (karsane) Allah, manawa PanjenengnE karsa ma­trapake bebaya (bancana) marang sira kabeh, utawa karsa paring rahmat ing sira! Lan tumrap wong-wong munafeq iku ora ana wong kang bisa ngayomi lan nulungi, saliyane Allah.” (QS. Al-Ahzab (33):17).

Kabeh mau ditindakake kanggo paring pepenget marang manungsa, mana­wa satemene uriping manungsa iku ora kok mung lumaku mangkono bae, tumuli mungkasi mangkono bae. Nanging Allah wus kepareng ndamel ketetepan kang kudu dipahami, sarta dimangerteni de­ning manungsa. Ana tatarane, sarta ana aturane kang kudu dita’ati dening ma­nungsa. Kang pungkasane marang Allah, PangeranE kita ngadhep (wa inaa ilaihi raaji’uun).

Ing antarane Allah wus kepareng nda­mel aturan kang karan “Sunnatullah”. Sok sapa wonge sing nindakake kebeci­kan (amal shaleh) kanthi ikhlasing ati, bakal pikoleh piwales kabegjan donya lan akhi­rat. Dene sok sapa wonge sing nindakake maksiyat uga bakal ngundhuh wohing pakarti, trep karo gedhe cilike tumindake maksiyat sing dilakoni. Saukur karo dha­wuhe Allah, mangkene mak­sude:

“Sok sapa sing pikoleh pituduh (hida­yah), satemene mung nuduhake marang awake dhewe. Dene sing sapa kesasar (sesat) satemene hiya mung nyasarake tumrap awake dhewe. Lan ora ana wong kang dosa iku nyangga dosaning liyan. Lan Ingsun ora bakal nyiksa, yen Ingsun durung kepareng ngutus Rasul marang dheweke.” (QS. Al-Isra (17):15).

Miturut hukum sebab-akibat, sames­thine tumraping wong kang nindakake laku maksiyat, dheweke tumuli (lang­sung) nampa akibate. Nanging kaweruh­ana, Allah iku Dzat kang Wicaksana sarta Maha Murah, wusanane akibat tumindak kesalahane iku, ukumane  ditangguhake (pinaringan inah). Iki ing pangangkah pawongan mau mangerteni kesalahane, nuli mertobat (tobat nasuha), ora bakal nindakake maneh pakarti maksiyat kaya sing kepungkur. Sinartan nyuwun agu­nging pangpura marang Allah Dzat kang Maha Pangapura. Trep karo dhawuhing Allah, mangkene maksude:

(a). “Saupama Allah kepareng nurun­ake siksa marang manungsa, jalaran saka kesalahane, mesthi PanjenenganE ora ninggal gremetan siji bae ana ing salumahing bumi. Nanging Panjene­nganE pancen karsa maringi tempo ma­rang wong-wong mau, nganti tumekang mangsa kang wus katemtokake. Manawa wus tumeka ing mangsane, ora bisa ngun­durake sanajan mung sak jam bae, lan uga ora bisa ngajokake.” (QS. An-Nahl (16):61).

(b). “Lan sing sapa nindakake laku ala, utawa aniaya marang awake, nuli dhe­weke enggal nyuwun ngapura (tobat nasuha) ing Allah, satemene dheweke ne­mu ing Allah Maha Ngapura sarta Maha Asih.” (QS. An-Nisaa (4):110).

Kajaba saka iku, aturan lan Sunna­tullah mau uga lumaku marang bangsa-bangsa (kaum-kaum). Allah ora karsa nyik­sa marang sawijining bangsa-bang­sa, kajaba bangsa-bangsa mau wus nindakake laku dzalim (aniaya) kang ngluwihi wates (innallah laa yuibbul mus­rifiin). Wusana Allah kepareng ngutus utusan (Rasul), supaya aweh pepenget. Lha yen wus dielikake, nanging durung mareni laku lan tumindak dzalime, takdir Allah arupa musibah (bencana) bakal tumama.

Ing ndhuwur wus diaturake, manawa musibah lan bebaya (bencana) iku Wus cinathet ana ing Kitab Lauhul Mahfudz sa­durunge Allah nyipta kedadeyan (pe­ris­tiwa) iku. Nanging saperangan ayat nerangake, manawa Allah ngetrepake musibah lan bebaya, bencana iku bina­rung (seiring) karo laku tindak dzalim sing ditindkake dening bangsa-bangsa iku. Lha supaya luwih gamblang maneh, bakal diaturake (memadukan) dhawuhe Allah ana ing keterangan candhake.

(Ana Candhake)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)