Tradhisi Jebugan Kanggo Muji Syukur lan Tulak Balak
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Kejawen - Dibaca: 52 kali

Minangka negara kang kasusun saka maneka suku bangsa, ora nggu­mun­ake yen ing Indonesia tinemu ma­neka jinis tradhisi tinggalane leluhur kang kebak dening kearifan lokal. Tradhisi kang ana ing Indonesia iki padatan ang­ge­ne nindakake ing wektu tartamtu lan nduweni pangajap tartamtu. Geneya tradhisi kasebut tetep katindakake tekan seprene?

Tumekane mangsa iki, sauntara adi­cara tradhisi  ritual tinggalane para lelu­hur isih akeh kang ngleluri. Ritual-ritual iku katindakake saliyane kanggo njaga kearifan lokal kang ana ing laladan kase­but, uga digunakake kanggo sarana ngun­­jukake rasa syukur lan nyenyuwun ma­rang Kang Akarya Jagad supaya tan­sah kanugrahan keslametan lan karaharjan.

Salah siji tradhisi tinggalane leluhur sing tekan seprene isih lestari yaiku tra­dhisi jebugan. Awan kuwi Rebo,  watara jam 13.00 WIB ana swasana beda ing balai desa Gedangan. Ing dina kuwi sa­untara warga saka dhukuh Gedangan pa­dha teka menyang balai desa kanthi nggawa puluhan ambeng lan maneka ubarampe sarta sesaji. Anggone para warga nggawa gawan sing kaya mang­kono iku mau merga ing dina kasebut warga desa Gedangan nindakake tradhisi taunan kang sinebut tradhisi je­bugan.

Desa Gedangan dhewe mujud­ake salah siji desa kang sacara ad­ministrasi isih klebu wilayahe keca­matan Campurdarat, Kabupaten Tu­lungagung. Tumrape warga de­sa Gedangan, tradhisi jebugan ngo­no mujudake salah siji tradhisi kang wigati. Jalaran kagelare tra­dhisi iki saliyane digunakake kanggo sarana ngucapake rasa syukur ma­rang Gusti. Uga digunakake kanggo nulak sengkala lan sukerta kang bakal teka ing desa Gedangan.

“Sejatine tradhisi jebugan iki mujudake tradhisi bersih desa. Na­nging ing perangan liya tradhisi iki dianakake kanggo ngucapake atur panuwun menyang Gusti Kang Akarya Jagad merga warga desa kene tansah di­paringi kesehatan lan kepenak anggone nyambut gawe. Ora mung iku wae tra­dhisi jebugan iki uga digunakake kanggo nulak sawernane bebaya, sukerta, lan sa­rana kanggo nyenyuwun menyang Gusti supaya Dhadhung Awuk ora liwat sarta ora angon ingon-ingone ing desa Gedangan,” ujare Musnan, minangka Kadus Gedangan.

Manut kapercayane sauntara wong Jawa, Dhadhung Awuk ngono mujudake salah siji pendhereke Bethari Durga kang diwenehi tugas kanggo angon kebo ca­cah patang puluh duweke Bethari Durga. Ana kapitayan ing saweneh masyarakat yen papan sing diliwati utawa digunakake dening Dhadhung Awuk kanggo ngangon kebone bakal ngalami samubarang kang ora nyenengake. Mula, kanggo ngawe­kani samubarang sing ora dikarepakae mau. Ana sauntara cara kanggo nolak lan salah sijine yaiku kanthi nggelar tra­dhisi jebugan iki.

 Kaya dene tradhisi ing papan liyane sajroning tradhisi jebugan iki uga tinemu maneka sesaji lan ubarampe. Ing anta­rane sesaji lan ubarampe kang tinemu ing tradhisi jebugan yaiku sekul suci ulam sari, maneka buceng, jenang se­wu, jenang sengkala, jebugan lan liyane. Ngenani sesaji lan ubarampe kang paling unik lan jarang ditemokake ing papan liya yaiku jebugan. Kang diarani jebugan yaiku nam-naman saka pring kang di­paesi nganggo jajanan pasar. Sawise nam-naman iku mau dipaesi banjur di­pasang ing saka balai desa.

“Anggone masang jebugan iku ora kudu ing saka balai desa, bisa dipasang ing papan liyane, tuladhane ing lapa­ngan. Beda papan kanggo masang jebu­gan ora dadi masalah sauger anggone nggantung utawa masang jebugan iku mau ora klesreh lemah. Iki ditindakake merga sapungkure ubarampe lan sesaji diujubake dening sesepuh lan didum rata menyang warga. Jebugan sing dipaesi nganggo jajanan pasar mau bakal diga­we rayahan dening para masyarakat sing teka ing adicara tradhisi jebugan,” tambahe Musnan.

Manut ujare Musnan, tradhisi kang di­anakake warga desa Gedangan iki mu­judakake tradhisi sing wis lawas banget. Musnan ngira tradhisi jebugan kang di­anakake ing desane iku wis ana wiwit pu­luhan nganti atusan taun kepungkur. Lan wiwit dianakake saka simbah-sim­bahe biyen tradhisi jebugan iki ora nate ditinggalake. Para warga ora wani ning­galake tradhisi iki jalaran ana kaperca­yan yen nganti tradhisi iki ora dianakake, bakal ana kedadeyan sing kurang nye­ne­ngake tumrape para warga Gedangan.

Tradhisi jebugan dianakake saben sasi Sela manut petungan Jawa. Dene nge­nani dinane, ora ana pathokan khu­sus. Baku­ne ana dina apik ing sasi Sela, dina kase­but bakal digunakake kanggo nggelar adicara jebugan.

“Ngenani dinane kanggo nganakake tradhisi jebugan tekane seprene pancen ora ana aturan khusus kang dadi pathok­an. Biyasane saben sasi Sela kaya nge­ne iki, wong desa bakal golek wong se­puh kang pinter dina kanggo nemtokake kapan kagelare tradhisi jebugan,” ujare Musnan maneh.

Ing perangan liya Musnan nambah­ake, ana pathokan liya kanggo nindakake tradhisi jebugan ing desane. Manut ujare Musnan, tradhisi jebugan lagi oleh  dige­lar sawise tradhisi ulur-ulur ing telaga Buret wis kaleksanan. Yen tradhisi ulur-ulur durung ditindakake tradhisi jebugan uga ora bakal ditindakake.

“Sarampunge tradhisi ulur-ulur ing telaga Buret katindakake, para sesepuh ing desa Gedangan lagi ngetung lan go­lek dina sing dirasa paling apik kanggo nin­dakake tradhisi jebugan,” tambahe Musnan maneh.

Tradhisi jebugan kang dianakake de­ning masyarakat Gedhangan ing dina kuwi lagi rampung watara jam setengah telu sore. Tradhisi Jebugan dipungkasi kanthi rebutan jebugan lan dhahar am­be­ngan kang wis diujubake dening sese­puh kanthi bebarengan.

“Saliyane digunakake kanggo sarana ngucapake rasa syukur lan tolak balak. Tradhisi jebugan diajap bisa dadi sarana kanggo ngraketake sesambungan antar warga. Kanthi anane sesambungan kang rumaket iki ana pangajap bisa nyipatak­ake swasana ayem lan tentrem ing ka­lane kahanane negara kerep dumadi on­tran-ontran kaya wektu iki,” pungkase Musnan.

(Sinung S.)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)