Saben malem Slasa lan Jemuwah Kliwon
apadene saben wulan Sura, meh saben bengi komplek Pasareyan Kotagede,
Yogyakarta, ora tau kendhat ditekani wong para tirakat utawa ziarah. Racake
wong sing tirakat mung padha wungon utawa lelungguhan ana sakia tengene masjid
gedhe utawa pasareyan Agung Kotagede. Nanging uga ora kurang kurang ing wanci
tengah wengi banjur padha merlokake adus ana Sendhang Seliran (Siliran) kang
mapan ana sakidule pasareyan, utawa siram ing Sendhang Kemuning kang dumunung
ana pojok lor kulon cepuri pasareyan sisih njaba.
Miturut ature Mbah Pujo
(76) kang wis puluhan taun njaga Pasareyane Panembahan Senopati ing Kotagede
Yogyakarta, sendhang Saliran iku wis ana nalika Panembahan Senopati ngasta
pusaranning praja Mataram. Papan iki kabangun ancase kinarya ngenggar-enggar
penggalihe. Ana dongeng sing ngandhakake menawa Panembahan Senopati kelangan
lenga Jayengkaton, musna ora karuwan ana ngendhi dununge. Sawijining dina
sang nata priksa ana bulus putih ing Sendhang Seliran. Kewan iki banjur
diparingi jeneng Kyai Dhudha. Minangka jodhone Kangjeng Panembahan senopati
paring dhawuh marang para abdi dalem supaya diparingi bulus wadon siji maneh.
Bulus iki banjur diwenehi jeneng Nyai
Mbok Lara Kuning. Kabeh bulus iki saiki mung kari jenenge, wis padha mati.
Beda karo sendhang
Kemuning kang dumunung ing Dusun Sayangan, Kelurahan Jagalan, Kecamatan
Banguntapan, Kabupaten Bantul. Miturut critane masyarakat kang manggon ana
sakulone sumber banyu iki, sing yasa sendhang Kemuning iki Kangjeng Sunan
Kalijaga. Sendhang iki biyene alas gung liwang liwung kang aran alas Mentaok,
kala semana Kangjeng Panembahan senopati semedi ing alas iku saperlu nitik
lemah kang bakal kanggo adheg negara. Kangjeng Panembahan Senopati kerawuhan
Kangjeng Sunan Kalijaga. Panjenengane kraos ngorong banget nuli lemah kang ana
kono banjur dijojoh nganggo cis. Sanalika metu banyune kang wening banget.
Ing tembe papan iki
didadekake sumber. Saka kersane Kangjeng Panembahan tuk utawa sumber banyu
bening kimplah kimplah iki diparingi jeneng Sumber Kemuning, jalaran ing
salore sendhang ana wit-e kemuning (murraya paniculata) tuwa banget
nanging ora cetha wit iki tandhuran anyar apa asli wiwit jaman semana. Mung wae
masyarakat sakiwa tengene papan kono padha percaya menawa wit kemuning kuwi
minangka papan padunungane para lelembut
kang mbaureksa alas Menthaok.
Miturut critane Subarjo
Gembil (65), juru kunci Sendhang Kemuning nalika Kantor Suaka Peninggalan Sejarah
lan Purbakala nganakake rehabilitasi tembok pager pasareyane Panembahan
Senopati, wit iki wis ora ana. Papane banjur diratakake pisan. Papan kono iku
biyene kanggo ngobong dupa utawa menyan dening para pawongan kang padha
ngalap berkah.
Udakara selawe taun
kepungkur, sakupenge sendhang Kemuning iki dening Tom Silver sawijine
perusahaan kerajinan perak ing Kotagede diyasakake singgetan saka beton.
Singgetan iki kanggo pemisah antarane papane priya lan wanita kang arep siram.
Ing sakidule sendhang uga diyasakake papan kanggo WC mligi kanggo priya lan
wanita.
Sendhang Kemuning iki
senadyan mangsa ketiga ngerak banyune ora tau asat, mung radha angok. Yen ing
mangsa ketiga jerone banyu sendhang mung udakara 20 cm, nanging yen pinuju mangsa
rendheng jerone bias nganthi nggayuh 100 sentimeter. Mula yen mangsa ketiga
ngerak anggone njupuk banyu kudu nganggo timba. Kayadene sendhang Seliran
sumber banyu iki uga diingoni iwak lele lan iwak banyu jinis liyane. Biyen karo
Pak Bardjo uga nate diingoni bulus putih cacahe loro, nanging kabeh mati meh
tunggal mangsa karo matine bulus Sendhang Seliran taun 1987.
Miturut ature Subardjo,
pawongan kang kepengin ngalap berkah ing sendhang iki biyasane sawise siram
ing wanci tengah wengi banjur tafakur ana angkur, yaiku papan mluwa
(suwung/kothong) antarane tembok tuwak (penyangga) pager pesareyan. Yen
ketrima panyuwune kang kawogan bakal diimpeni weuh macan putih. Ana kang
nyebut macan putih iki jenenge Kyai Kopek, klangenane Panembahan Senopati. Ana
maneh paseksen kang nyritakake yen ana impene ditekani ula putih kang gedhe
banget. Miturut Pak Bardjo, kabeh ngalamat kang becik, janji panyuwune tenanan
ora mangro tingal.
Sukarno (70) warga
Pleret kandha sejatine Sendhang Kemuning iki becik kanggo lantaran panuwunan
apa wae, nanging miturut pengalamane sing paling akeh kasile kanggo panyuwunan
jodho lan pangkat. Sarate sing kawogan kudu wani pasa 3 dina neptu 40 nganti
ping pitu. Anggone siram tengah wengi ana Sendhang Kemuning ditibakake dina
kang pungkasan. Upamane pasa Selasa Kliwon, Rebo legi, Kemis Paing, sirame
malem Jemuwah Pon, terus sare ana angkur sewengi. Padhatane wong padha gagal
ing perangan pungkasan iki Akeh pengalaman aneh lan ora ketemu akal kang
dialami dening para peziarah sing padha tirakat ana papan kono. Kayata kerep
diweruhi macan kang ulese putih memplak. Padhatane macan iku teka nalika
peziarah lagi semedhi. Macan iku mung ngetoki wong sing lagi tirakat, ora
ngganggu gawe apamaneh nganti natoni peziarah kang lagi semedi. Sebab macan
putih iku sing nunggu pasareyane Panembahan senopati Kotagede. “Akeh sing
padha percaya menawa nalika semedi diparani macan putih iku, tegese bakal
kabul apa sing dadi panuwune. Nanging yen kaweden lan kamigilanen mesthi wae
ora kabul sing dadi panuwunane,” critane Mbah Pujo
Mula tumrap
para peziarah sing wis pengalaman menawa ana sing diparani wewujudan macan
putih, sing tirakat ora banjur padha mlayu, nanging mung padha meneng wae. (Isti Nugroho).
Akeh wong
kang nindakake bab kang padha ing nalikane kowe ora. Kuwi ora ateges kowe salah.
GROJOGAN PEDHUT-
Yen grojogan umume sing mili yakuwi banyu, nanging grojogan ing Islandia iki sing mili pedhut. Pedhut ksb mbentuk pola kaya banyu kang nggrojog saka gunung menyang segara. Pranyata uga ana suwarane banyu gembrojog ing segara mau, saengga kaya banyu kang nggrojok temenan ing laut. (d/ist)***
Nangkis hoaks, publik perlu ndhi-sikake rasionalitas
Benci
nganti tekan unyeng-unyeng kuwi mutawatiri
DPR ora kesusu ngrembug RUU HP
Ora
kaya RUU MD3 ya?
Partai Demokrat njaluk syarat kanggo nyengkuyung Jokowi
Ora
ana mangan awan gratis pancen…