Sesuker Kantor Anyar (2)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Alaming Lelembut - Dibaca: 175 kali

KIRA-kira siji setengah wulan sawise dheweke pindhah me­nyang kantor anyar lan nan­dhang lara panas ing kentol lan gegere, sawijining awan nalika  rampung dhahar, Dhok­tor Mirah kaget. Sawenehe priya pawakan gagah pideksa sing ndhisik tau mampir ing atine ujug-ujug mara me­nyang kantore. Mirah rada ke­cipuhan. Priya iku aran Ro­bertus Bagus Kalbuadi sing saiki manggon ana Singapur. Dheweke njabat manajer senior ing perusahaan multina­sio­nal babagan ekspor-impor.

Sakwise bage-binage, Ba­gus Kalbuadi pitakon, “Apa wis suwe geger lan sikilmu krasa panas, Bu Dhoktor?”

Mirah njondhil krungu pita­kon kuwi. Saka ngendi Bagus ngerti? Sebab asuwene iki Mi­rah ora tau sambung karo dhe­weke. Nomer telpune wae ora ngerti. Ma­taun-taun ora kabar kinabaran. Bagus Kal­buadi sing rupane pancen bagus iku wis kesilep dening wektu. Lha kok ujug-ujug dheweke teka lan nakokake larane? Aneh.

“Kok siramu ngerti, Gus?” pitakone pe­nasaran.

“Apa siramu lali nek aku diparingi in­dera keenam dening Gusti?”

Mirah unjal ambegan. Pancen bener kan­dhane Bagus. Nalika jaman kuliyah S-1, Bagus populer banget merga naluri­ne sing tajem. Kejaba kuwi utege uga en­cer. Emane, Bagus ora ketarik dadi il­mu­wan. Mangka upama gelem, Bagus mesthi wis dadi ilmuwan kondhang.

“Seminggu sawise aku pindhah ing kan­tor iki, wis luwih saka sewulan,” saure Mi­rah.

“Tak kandhani aja kaget ya?”

Doktor Mirah nratab, nunggu tembu­nge priya kuwi sabanjure.

“Ing sikilmu  ana klabang lima gedhe-gedhe. Mula sikilmu tansah panas rasa­ne. Ewadene ing gegermu, ana atusan uler cilik.”

Mirah mlenggong karo nyawang Ba­gus. Ah, mokal. Ngayawara. Wong dhok­ter spesialis cacah loro sing ditekani ora nemokake apa-apa. Asile rontgen uga ne­gatif. Yen saiki Bagus kandha kaya mengkono banjur dhasare apa?.

“Siramu ora percaya karo kandhaku ora apa-apa. Ora kudu percaya. Nanging kewan-kewan kuwi sing takdeleng ing njero awakmu.  Aku bisa njupuk klabang saka sikilmu lan uler ing gegermu, na­nging ora saiki. Aku sesuk takbali mrene maneh. Aku kudu sembahyang kanthi ati wening bengi iki supaya bisa njupuk se­suker ing awakmu. Mas Anton jaken mre­ne sesuk. Aku ora penak nek ora ana garwamu. Saiki aku takpamit dhisik.”

Sapungkure Bagus Kalbuadi,  Mirah thenger-thenger. Dheweke ora bisa mikir. Wening Graita sing krungu caturane wong loro mau  bisane mung ndlongop. Tekan ngomah Mirah crita marang kaku­nge yen Bagus mara menyang kantore lan njelentrehake apa sing dadi sumbe­ring lelarane. Antonius Wisnugroho uga sawijining dhoktor, nanging tetep perca­ya marang alam sing ora katon. Mirah dirangkul, kandhane, “Ya sesuk aku dak­ijin saka kantor, supaya bisa teka neng kantormu.”

Dina candhake, Bagus teka maneh ing wayah………………

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saupamane wae kabagyan iku bisa dituku, mesthi wong-wong sugih bakal nuku kabagyan mau. Lan kita bakal kangelan oleh kabagyan ksb merga wis diborong wong kang sugih mau. Nanging tujune ka­bagyan kuwi anane mung ing njero  ati lan pikiran. Ka­bagyan iku mung bisa didu­weni dening wong kang pin­ter nindakake sukur.

Klik

ARIF WICAKSANA

Grengsenge mbabat alas kanggo kabutuhan pembangunan kanthi ngurbanake sakehing warna-warna ijo ing alam, pranyata isih ana uga kang gelem ngalah lan ngajeni banget marang ‘pabrik’ oksigen ksb. Iki salah siji contone, dimen nylametake wit siji-sijine, panggawene dalan nasional lila dienggokake. Dadi, ayo ndadekake wit-witan minangka karib kita, ing ngendi wae. (d/ist)***

Pethilan

Amandemen gumantung keputusan politik

Gumantung kepentingane uga

Koalisi padhadene ngenteni capres cawapres

Intip-intipan rupa lawas

Lobi-lobi politik saya kerep

Kasak kusuk, nyang-nyangan…