Kasudibyane kang Namur Laku (2)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Rakyat - Dibaca: 69 kali

Bata luwengan kuwi, siji mbaka siji dibrengkali. Nalurine pancen kepengin kanthi adreng enggal meruhi sakabehane. Ana rasa gela, dene meh tekan bata keri dhewe sing dibrengkal ewadene durung nemokake bab kang nyalawa­di. Nanging bareng arep menyat saka anggone ndhodhok, dumadakan mri­pate nyumurupi menawa sangisore ba­ta luwengan mau ana lemeke wu­jud seng. Nadyan rada teyengen na­nging seng iku isih wutuh, durung gri­pis utawa bolong. Anggone arep me­nyat diwurungake, tangane nedya mbu­kak seng mau amrih ngerti apa sing sumimpen ing walike.

Sajake seng mau mung diseleh ngono bae, mula gampang anggone mbukak. Sanalika mripate mlolo ba­reng weruh barang kang ditutupi seng mau. Senajan dheweke wong kang ora tau gumun meruhi semba­rang kalir, nanging wektu meruhi apa kang ana sangisore luwengan kuwi ati­ne meksa kumesar.

Pancen menawa disetitekake ngo­no bae ora bakal ana kang ngerteni bab dhingkel kuwi mau. Ya dianggep mung dhingkel, luwengan utawa pa­wonan lumrah kanggo mbakar apa ta apa  kanggo suguhan nyamikan wong-wong kang padha jagongan. Uga kang­go nggodhog wedang tamba ngan­tuk.

Dheweke ora ngira menawa dhing­kel sing katone ora mingsra kuwi pra­nyata kanggo nyimpen rajabrana kang ajine ora bisa kinira mungguh gung­gunge. Rajabrana iku winadhahan kan­thongan cacah lima. Tangane pawongan kuwi ngemek-emek isining kanthongan. Dheweke bisa ngerteni apa isine kan­thongan kuwi mau.

Pawongan neneka kuwi bali menga­rep, lungguh karo nata pikirane. Ba­rang-barang kang ana sangisore luwe­ngan mau dijarake dhisik, malah ditutup maneh kaya maune. Sebab yen sing duwe gubug mau dadakan mulih banjur meruhi dheweke isih ana kono mesthi bakal dicubriyani. Upama nerusake laku, dheweke wis nggraita yen rajabrana iku cetha barang rampogan, kok rumangsa eman yen dadi darbeke sing duwe gubug.

Nanging yen dicolong, banjur diso­dakohake marang wong mlarat, bisa-bisa dheweke kang didakwa rampog uta­wa mbrandhal donya brana mau. Wong-wong bakal sujana, saka ngendi dheweke nggawa rajabrana semono akehe mau. Kanggo sawetara, dhe­weke malah kagu­bet dening angen-ange­ne sadurunge budhal ngayahi jeji­bahan luhur kang dipercayakake marang dheweke.

“Sakehing ngelmuku wis dakperes kabeh kanggo kowe, siswaku liyane ora ana kang dakpercaya kaya kowe. Aku wis bisa mbiji sakabehing apa kang mbok tindakake minangka andhahanku, uga minangka siswaku. Mula apa kang dak­percayakake marang kowe kabeh iki tindakna kanthi tekad kang gilig, ora mangro tingal, ora waswas sarta perca­ya marang dhiri pribadimu dhewe.  Ana ngendi bae dunungmu, apa kang mbok temoni sadurunge tekan tuju­wanmu, tansaha gawe kabecikan, te­tulung marang pawongan kang mbu­tuhake mligine kang kahanane ringkih. Bengkasen kang gawe sengsara lan kapitunaning liyan, apamaneh ma­rang kang seneng gawe dolanan nyawa.

Dakrungok-rungokake, saka ujar­ing mbok bakul sinambi wara, akhir-akhir iki kadurjanan begal kecu wis tansaya………………

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang mbisu iku “luwih becik” katimbang wong kang guneman ala.

Klik

DOLANAN JAMAN KAWURI

Isih kelingan dolanan kaya ngene iki? Mesthine ing antarane para maos kang wis ‘yuswa’ isih padha kelingan ya. Balapan ban bekas mujudake dolanan jaman kawuri. Seru, murah lan nyenengake. Yuk nostalgia kanthi dolanan nyenengake ing jaman biyen iki yuk… (d/ist)***

Pethilan

E-dagang rame, ritel konvensional rontok

Blanja mung kari klik

Pelajar perlu diajak lunga menyang museum

Aja menyang mal wae…

Sumpah Pemuda dipengeti

Indonesia siji, dudu sing liyane