Sambel Gula Jawa
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Apa Tumon - Dibaca: 33 kali

Sambel Gula Jawa

 

Kedadeyan iki wis suwe, sing ngalami kancaku/tangga adoh, omahe ana dhusun. Ning yen ke­lingan isih kudu ngguyu dhewe. Critane ngene:

Kira-kira jam 11 awan, wayahe wong lautan/ngaso olehe mergawe neng sawah. Lik Pono ngenteni, kok durung teka kirimane. Adate jam semono bo­jone wis teka nusul nang sawah, nggawa kiriman sega lawuhan lan banyu ngombe. Lik Pono agek nyengkakake nggarap sawah, ang­kler selak ditanduri pari, sikil lan awake gupak-gupak endhut.

Dienteni sak watara bojone kok ora teka-teka, dheweke ngalahi mulih sik mbok menawa sing wedok durung nelpon? matengan. Tekan omah lawang ngarep tutupan, ning lawang pawon menga lan mambu wong goreng-goreng. Lik Pono bablas nang pawon nginguk bojone olehe masak. “Urung rampungan ta, mbokmu kok urung ngirim nang sawah.” Bojone Lik Pono semaur, “Ya, ngapurane pakmu rada telat, la dadak meceli kayu lan nggusahi pitik sing nyekeri jagung jero omah. Mula lawang ngarep dak tutup, pitike ndak dha mlebu ngomah maneh.” “Jane wis rampungan kok, kari ngentas gorengan rong entasan wae. Sega, kluban lan lawuh wis dak cepakake nang meja. Banyu putih barang wis dak wadhahi ceret, dak gawekke kluban senenganmu.”

“Ya wis ra apa-apa, wong jenenge kowe nyambut gawe nyambi werna-werna. Dak wisuh dhisik neng kolah isih gupak endhut”. Sak durunge mangkat wisuh, Lik Pono nginguk meja isi rampadan, wah! Segane isih anget, ana kluban krokot lan kembang turi senengane. Sambele gula jawa sak layah morah-morah, rupane abang semu ireng. Tambah gorengan timpleng, jan nikmat tenan iki ngko.

Bubar wisuh jupuk piring ngedhuk sega karo jumput kluban, terus di leropke nang sambel sing ana layah, di emplok, jan! seger tenan, nikmat tenan, senajan menu sederhana. Olehe nglerop sambel nganti dha kecret ana meja. Saking nikmate mangan kluban mau, bola-bali jumput kluban lan dileropke maneh nang layah. Sambel gula jawa diwenehi asem sithik, rupane abang semu ireng dha kecret nang meja. Krasa eman, sambel sing dha kecret mau ditutul kluban terus di emplok.

Ndilalah ana sambel sing kecret ana kursi, ya ditutul terus diemplok. Ning! Lho rasane kok beda, rada pait lan badheg, kok beda karo mau, apa iki! Bareng di tliti jebul telek pitik lencung nang kursi wujud bunderan cilik. Kontan Lik Pono ngamuk, sega sak piring di banting, sega lan rampadan sing ana meja di ocar-acir.

Weruh kaya ngono sing wedok nangis ngglolo, wis direkasani kok saiki di awut-awut. Karo isih nangis melung-melung, sing wedok ngukuti barang-barang sing diocar-acir Lik Pono mau.

Tangga-tangga dha nututi ana apa! Bareng ngerti larah-larahane malah dha ngguyu kepingkel-pingkel. Lha piye hara! Ora ngguyu, tembelek lencung dianggep sambel dupeh padha abang irenge. Tur ya salahe dhewe, wis dicepaki nang meja, lha kok ndadak njupuki sing kecer.

Sidane wurung ora mangan kabeh, tanggane sing jenenge Lik Din usul, “Wis ngene wae, pitike cekel dibeleh nggo ijol leh wurung mangan kluban.” Lik Pono ora semaur mung nyethathut wae.  (Suparti-Bringin)

 

Bunda Maria Ora Kersa Dipoto?

 

Durung suwe mungguh jangkepe, dina Minggu. Nalikane penulis menyang greja, kaya adat saben yen kebaktian. Karana isih ana wektu longgar, watara 20 menit sadurunge kebaktian kawiwitan. Penulis merlokake klintong-klintong tilik guwa Maria. “pengantar segala rahmat”, kang papane sawetane greja. Ing kono ana sawetara umat kang lagi khusuk ndedonga. Penulis sengaja arep motret Reca Bunda Maria.

Supaya antuk posisi kang rada caket, penulis rada maju maneh. Dirasa wis cukup, camera hp wiwit aktion. Tan kocapa posisi gambar wis mapan lan pas, nanging ana keanehan kang dumadi. Gambar kang sekawit cetha (tajem), selot mbaka sethithik ilang. Dadi sing kari gambar pondhasi papan dununge reca mengadeg.

Nyumurupi kahanan kasebut, penulis murungake rancangane arep motret. Kamangka sawetara taun kepungkur, penulis motret kok ya ora ana masalah. Dudutan penulis mbok menawa, Bunda Mari prihatin sawise midhanget anane pawarta “Papa minta saham”. Dadine panjenengane ora kersa dipotret. Apa tumon, kedadeyan iki aneh ning nyata. Percaya lan orane, nyumanggakake panjenengan sami, miturut kapitayan lan keimanan sowang-sowang. (Ki Rangan-Prapatan,Tumpang)

 

 

Kartune Kentun

 

Sing bakal tak critakake iki kadadeyan wis suwe, udakara 5 tahun kepungkur. Mbah Jojo pensiunan guru SD yuswane wis 76 tahun ning isih bisa ngepit lan nyadhong dhit pensiun menyang kantor pos. Rikala semana Simbah mau diterke Anung putune lanang. Biyasa yen tanggal 5 simbah njur akon putune ya Anung ngeterke menyang kantor Pos Godean.

Sing padha antri wis akeh, simbah oleh nomer 32 ateges sakjam lagi oleh giliran. Sawise sak jam, simbah maju merga asmane wis diceluk petugas. “Mbah Jojo” mangkono pangundange si petugas.

Gage simbah maju, arep nampani dhuwit pensiunan.

“Kertune pundhi mbah”

Simbah kruwel kruwel njupuk kartu banjur diathungke.

“Sanes mbah, niki KTP. Sing kartu Pensiun Mbah”

Mbah Jojo bingung ayakke kartune kari nyang omah. Merga kartu keri dina iku Mbah Jojo wurung nampa pensiun. Lagi dina esuke dheweke bisa njupuk dhuwit pensiune.

Mbah Mbah suk ki yen arep menyang Kantor Pos Kertune dicepakke, ngono kadhane putune Anung. (Sumaryati-Godean Yogyakarta)

 

 

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang mbisu iku “luwih becik” katimbang wong kang guneman ala.

Klik

DOLANAN JAMAN KAWURI

Isih kelingan dolanan kaya ngene iki? Mesthine ing antarane para maos kang wis ‘yuswa’ isih padha kelingan ya. Balapan ban bekas mujudake dolanan jaman kawuri. Seru, murah lan nyenengake. Yuk nostalgia kanthi dolanan nyenengake ing jaman biyen iki yuk… (d/ist)***

Pethilan

E-dagang rame, ritel konvensional rontok

Blanja mung kari klik

Pelajar perlu diajak lunga menyang museum

Aja menyang mal wae…

Sumpah Pemuda dipengeti

Indonesia siji, dudu sing liyane