Joko Budheg
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Wacan Bocah - Dibaca: 27 kali

“Bocah-bocah, dina Rebo wingi, bapak nerangake bab akehe crita rakyat lan legendha sing ana ing Indonesia iki,” Pak Tantowi miwiti mulang esuk kuwi bab legendha:

“Awakmu kabeh ngerti artine tembung legendha mau?” imbuhe guru sing ngrangkep dadi penulis majalah anak-anak terbitan Jakarta iki.

“Crita ingkang magepokan kaliyan kawontenanipun panggenan tinamtu,” Agus njawab kanthi banter.

“Legendha kuwi kedadeyan sabenere apa sok-sok mung kangge pitutur?”

“Kadhangkala leres, saged ugi namung dipun pendhet “maknanipun” kemawon, Pak,” saiki Akbar sing njawab iki.

“Apal sebageyan legendha sing tau bapak critakake?”

“Insya Allah, Pak,” jawabe murid-murid klas telu SD Sanggrahan mau semangat, nganti swarane kaya arep ngrubuhake tembok ruangan.

“Coba Danuri, arep crita apa?”

“Malin Kundang, Pak.”

“Bagus. Terangna sabisamu,” prentahe Pak Tamtowi sinambi nyedhaki bocah kulit putih rada kuning, putrane ustadz Zulkarnain sing biasa ngisi acara agama ana Madu TV kuwi.

“Wosipun, wonten lare ingkang dipun openi kebak katresnan dening Ibunipun nanging malah durhaka dhateng tiyang sepuhipun. Pungkasane lare nem wau—Malin Kundang—lajeng dipunsedakaken dados sela.”

“Ya. Saiki awakmu, Nikmah, crita apa?” Pak Tantowi nuding bocah wadon rambut ngombak banyu ketel kuwi.

Nikmah banjur crita ngenani Jaka Budheg. Legendha asli Tulungagung sing nyritakake sawijining bocah rada bodho sing manggon salore gunung Budheg.

Jaka Budheg nyenengi Rara Kembangsore, tapi sing ditresnani nampik. Jaka Budheg susah atine, mula banjur niyat tapa, nyenyuwun marang Kang Akarya Jagad amrih ngabulake pengarep-arepe.

Jaka Budheg nylingker mburi omah, sila methekel sangisore wit gedhe. Saking “khusuk”anggone tapabrata, nalika ditimbali Ibune bola-bali ora enggal semaur. Ibune rumangsa jengkel.

“Diceluk kok mbudheg kaya reca wae,” kandhane si Ibu banter, nganti swarane mantul nabrak watu-watu gunung. Sanalika iku uga Jaka Budheg malih dadi reca sing manggone ana sisih kulone gunung klebu wilayah kecamatan Campurdarat Tulungagung.

Saka isine kabeh crita mau bisa dijupuk maksude, yen anak kuwi kudu manut lan urmat marang wongtuwa kekarone. Kabeh wongtuwa mesthi pengin apik marang putra-putrane. Ora ana wongtuwa pengin anake nemoni cilaka.

“Salah sijine penggaweyan becik sing bisa ditandangi kanggo urmat marang wong tuwa yakuwi nalika budhal sekolah, budhal dolan, budhal ngaji, pamit Bapak-Ibu, salaman lan ngesun tangane. Bali saka kegiatan nyang njaba omah, uga uluk salam, isuh sikil lan tangan sadurunge mlebu njero omah. Aja lali latihan mandhiri, ora mung njagakake kerjane Bapak-Ibu thok,” Bu Rohmawati sing uga nunggoni bocah-bocah mau, melu nandhesake. (DW)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)