Mangerteni Dhodhok Selehe Takdir Miturut Syar’I (14)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 9 kali

(Ananging mugi ngupadasa Akhirat kalayan kamulyan (kebahagiaan) ingkang sampun kaparingaken dening Allah dhumateng sampeyan. Ewa semanten sampun nilar ing bageyan sampeyan ing donya ……” (Q.S. Qashash (28):77).

Makna kang kinandhut ana ing ayat kasebut nuduhake, manawa satemene Allah wus kepareng paring rejeki kang mubra-mubru ana ing lumahing bumi. Lha yen manungsa ora srakah (tamak), rejeki kang mangkono akehe iku, wus cetha cukup kanggo nguripi manungsa sekabehane. Nanging kasunyatane ora mangkono. Ana manungsa sing srakah, sing kepengin nguwasani sumber-sum­ber rejeki kasebut. Wusanane banjur tu­wuh sawenehing kerusakan sing njalari ora seimbange alam.

Yen dinalar, manungsa mono ora nyipta rejeki, nanging mung ngupadi ne­mokake rejeki Allah kang  wus sumebar ana ing lumahing bumi. Lha saupama pakarti lan tumindake manungsa mau bener lan pener, kita bakal nemokake rejeki paringing Allah iku, ora nganti tu­wuh kerusakaning alam sakiwa tengene.

Ora mung alam sakiwa tengene sing rusak, nanging uga ngrusak tatanan sosial. Mula saka iku, ing babagan rejeki takdir Allah cetha banget. Allah wus kepareng nyedhiyakake sekabehing jinis rejeki kanggo sanguning urip manungsa ana ing bumi iki. Kari gelem apa ora ngupadi (berusaha). Trep karo dhawuh­ing Allah, mangkene maksude :

(a). “Allah kang wus kepareng nitah­ake pirang-pirang langit lan bumi sarta Allah, Panjenengane (kepareng) nurun­ake banyu saka langit, nuli ngetokake woh-wohan kalawan banyu iku, dadi re­jeki tumraping sira kabeh. Allah, Pan­jenengane nundhukake perahu supaya layar ana ing segara kalawan dhawuhe. Lan PanjenenganE nundhukake kali-kali kanggo kemanfaatane”. (QS. Ibrahim (14):32).

(b). “Lan uga wus ndadekake pangu­ripan kanggo sira kabeh, ana ing kono, sarta kewan-kewan kang babar pisan dudu sira kabeh sing menehi rejeki”. (QS. Al-Hijr (15)20).

Dadi gemblenge, yen kita makarya (beusaha), Allah remen marang usaha kita. Wusana banjur kepareng paring re­jeki sing kita karepake. Allah kepareng paring pituduh kanggo nggayuh rejeki. Lha yen kita kesed alias lumuh nyambut gawe, Allah ora dhemen marang pawo­ngan kang kesed, sarta ora kepareng nu­duhake marga kanggo nggayuh rejeki. Allah wus kepareng paring dhawuh su­paya kita masigra, enggal-enggal sume­bar ana ing bumi, makarya sawuse kita rampung nindakake shalat. Trep karo dhawuhe Allah, mangkene maksude:

Dene manawa wus rampung nindak­ake shalat Jum’at, sira (enggal-enggal) padha sumebara ana ing bumi, padha ngupayoa kanugrahaning Allah, lan padha ngakeh-akehna eling (dzikir) ma­rang Allah ing pamrih supaya sira pikoleh kabegjan jati.” (QS. Jum’at (62):10).

Kajaba saka iku, Allah kepareng nger­sakake kesimbangan antarane iba­dah tinamtu (khusus) lan ngupadi rejeki, minangka ibadah ing dalem makna kang bawera (luas). Lha yen kita bisa nidak­ake kekarone kanthi seimbang, Allah ba­kal kepareng paring rejeki tanpa winates marang kawulanE. Trep karo dhawuhe  Allah mangkene maksude:

“Pangarep-arepe wong kang padha nindakake mangkono mau, supaya Allah paring pinwales marang dheweke sarana ganjaran kang luwih becik, ti­nimbang barang kang wus padha dila­koni, lan paring tambah ganjaran ma­rang dheweke muhung saka kanugrah­ane. Awit Allah mau kang paring rejeki tanpa kira-kira, marang wong kang dipa­rengake.” (QS. An-Nuur (24):38).”

Nyimak makna kang kinandhut ana ing ayat -ayat kasebut, keseimbangan kekarone iku, Allah bakal kepareng paring energi (kekuatan) kang ngedab-edabi, marang pawongan ing dalem nem­tokake takdir sing paling becik (ba­gus). Dadine pawongan kang wus ram­pung nindakake shalat, supaya masigra, engal-enggal sumebar ing tengahing bumi, ngupadi rejeki Allah. Dheweke iku kalebu ewoning wong kag begja. Semo­no uga suwalike, tumraping pawongan sing mung ngudi salah sijine, dheweke kalebu wong kang rugi, krana dheweke mung ngupadi kabegjan ing donya. Ka­mangka kabegjan satemene, yaiku pa­nguripan Akhirat.

Uga suwalike, pawongan kang mung ngupadi Akhirat, lan ora ndarbeni kawi­ga­ten marang panguripan donya, uga kalebu ewoning wong kang rugi, amarga ora bisa nggayuh kanikmatan Allah kang sumebar ing lumahing bumi.

Mangkene maksud dhawuhe Allah.:

(a). “Sok sapa wonge kang ngarep­ake ganjaran donya, mangertia, mana­wa Allah iku kang kagungan ganjaran donya lan akirat. Lan Allah iku kang Ma­ha Midhanget lan Maha Priksa.” (QS. An-Nisaa (4):134).

(b). “Lan mugi-mugi ngupadosa ing akirat kalayan kasugihan ingkang sam­pun kaparingaken dhumateng sampe­yan. Ewa semanten sampun nilar ing ba­geyan sampeyan wonten ing donya. Lan mugi nindakna ing kasaenan kados dene Allah sampun ndamel kasaenan tumrap sampeyan, tuwin sampun ngantos pados karisakan wonten ing bumi. Jalaran sa­es­tunipun Allah punika mboten rena dhateng tetiyang ingkang damel risak.” (QS. Qashash (28):77).

Makna kang kinandhut  ana ing ayat kasebut, nerangake, supaya manungsa ngu­padi (urip) kabegjan ing akhirat, na­nging aja nganti nglirwakake ngupadi (urip) kabegjan  ing donya. Sebabe yen nganti kita nglirwakake, iku ateges ora nyukuri marang kanikmatane Allah, kang sumebar ing lumahing bumi.

Sanajan ta mangkono, kita aja nganti ngluwihi wates (wa laa tusrifuu, innalla­ha laa yuhibbul musrifiin). Lha sing pra­yoga kita ngupadi kekarone, hiya donya hiya akhirate. Trep karo dhawwuhe Allah mangkene maksude:

(a). “Sok sapa wong sing ngarepake ganjaran ing donya, mangertia, manawa Allah iku kang kagungan ganjaran ana donya lan akhirat. Lan Allah iku Maha Midhanget  sarta Maha Priksa.” (QS. An-Nisaa (4): 134).

(b). “Nanging mugi ngupadosa ing Akhirat… al’ayaat. Priksanana QS. Al-Qa­shash (28):77 kang wus katur ing ndhu­wur.”

Mula saka iku, ing babagan takdir rejeki, kita ora dikeparengake tumindak ngluwihi wates (tamak, srakah). Rejeki mono apa sing Allah keparengake. Allah wus kepareng paring rejeki kang wus sumebar ana ing lumahing bumi, padha diudi, nanging aja ngluwihi wates. Kawe­ruhana sira kabeh, manawa satemene kanikmatan donya, iku sipate samar (se­mu) lan mbujuki. Kahanan kang kaya mangkono mau trep karo dhawuhe Allah, mangkene maksude:

“Manawa panguripan ana ing donya iku sipate mung dolanan lan pepaesan (lah­wun wa langibun) lan unggul-unggu­lan, lan akeh-akehan bandha lan anak .........” (QS. Al-Hadid (57):20).

Sepisan maneh diaturake, manawa ke­seimbangan antarane kekarone (do­nya lan ahirat) iku bakal nuwuhake takdir kang luwih becik.

(Ana Candhake)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)