Klambiku
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Apa Tumon - Dibaca: 145 kali

Klambiku

 

Kabupaten Jombang biyen ana pitulas kecamatan, saiki luwih saka pitulas. Merga ana kecamatan sing dipecah dadi loro kayata keca­matan Peterongan di­pecah dadi Kec. Pe­terongan karo Kec. Jogoroto termasuk Kec. Perak dipecah dadi loro karo Kec. Bandarkedung­mulyo. Sekolah-sekolah yen sasi Agustus padha ngadani kegiyatan-kegiyatan kanggo ma­ngayubagya dina ka­mardikan. Biyen Kec. Bandar sadurunge ma­deg dhewe, murid-murid Bandar yen lomba ya nyang Perak. Nalika semana gerak-jalan SD, dilaksanakake ing Perak. Biyasa yen gerak jalan, bocah-bocah dilatih kabeh. Banjur dipilihi sing apik sak pleton (bocah pitulas), cadhangane bocah loro. Bareng wis kurang rong dina tata-tata sragam (klambi lan sepatu) sing ora duwe sragam disilihne bocah sing duwe sragam tapi ora melu/ora katut gerak jalan. Ing kene bocah wadon aran W duwe sragam tapi ora melu gerak jalan. Banjur disilihne F. nalika ditembung gurune oleh disilih, ya diaturne gurune, diijoli klambine F minangka gantine, bareng dina pelaksanaan gerak-jalan, ora ana sing ngerti yen W ngetut barisan karo nangis,” endi klambiku. Laporan yen ana murid nangis neng mburi barisan, banjur bu P ngeneng-eneng W, diajak ngalih dipundhutne es lan jajan. Apa tumon klambi disilih, ditutne karo nangis. (Umi Harini-Bandar, Jombang)

 

 

Jeneng Desa Marahi Gendra

 

Sing arep dak critakake ing kene, kedadeyan kang dialami dening tangga desaku kang saben ana pertandhingan tingkat Kecamatan khususe sepak bola mesthi penontone padha ribut awit underaning perkara sebab penontone padha alok-alokan lan malah nganti pasulayan.

Dene sebabe pawongan sing jeneng desane dialokna lan diendah-endahake wong Semaya ditagih ora tau tepat karo janjine. Pancen desa kuwi jenenge desa Semaya, awit saka kuwi banjur pihak Kecamatan terus nganakake keputusan supaya jeneng desa Semaya diganti karo jeneng anyar ya kuwi jenenge desa Leksana. Nganti saiki wis ora ana maneh pawongan kang padha regejegan jeneng desa kuwi mau.

Bareng kedadeyan iki dicritakake ing kumpulan malah banjur dadi guyon ger-geran. Apa tumon? Jeneng desa kok marahi dadi gendra. (Taryono-Singomerto, Sigaluh, Banjarnegara)

 

 

Suguhan

 

Salah siji ing antarane tugase pengawas yaiku nyepeksi guru-guru sing arep maju tingkat, mula ana kalane ana pengawas sing remen ‘disuguhi’ mula anggone nyepeksi banjur semayanan. Ning uga ana kalane, ana pengawas sing ora remen disuguhi, mula budhale nyepeksi banjur sangu ‘suguhan’.

Kaya kedadeyan ing SD-ku dhek dina Rebo kepungkur, wektu iku sing arep maju tingkat Pak K. sarehne ‘ora semayanan’ sing rawuh dhisik banjur pengawase, dudu gurune. Mula nalika dina iku aku weruh pengawase wis rawuh, banjur enggal-enggal mbagekake. “Mangga Pak, pinarak dhateng kantor!” aturku.

“Inggih, Pak!” tumanggape.

Niyatku sakawit sawise mbagekake arep utusan murid tuku tahu goreng utawa semangka menyang warunge Bu M. Ning bareng weruh ana meja kantor wis ana tahu goreng lan semangka, niyatku banjur dakwurungake. Apa maneh bareng ora let suwe ana guru sing mlebu kamar, aku banjur ngira yen sing mundhut tahu goreng lan semangka ya guru kasebut. Mula anggonku jagongan karo pengawas ya banjur gayeng, wiwit ngrembug bab putra nganti bab suguhan ana nggunung.

Saking gayenge nganti lali yen suguhan kang arupa tahu goreng lan semangka mau sing mundhut sapa. Tambah gayeng maneh sawise guru-guru liyane (kejaba Pak K), ya wis padha rawuh. Mula banjur ana sing nyuwun pirsa, “Tahu nggunung kaih tahu ngrata eca pundi, Pak?”

Sarehe diwangsuli ya enak tahu nggunung, guru-guru kang rawuh esuk iku klebu aku banjur ora ngerti babar pisan yen sejatine tahu lan semangka kasebut anggone ngasta pengawas. Ya krana rawuhe Pak K kang keri dhewe, gek persiapan sing arep dinggo maju tingkat uga durung siap lan alasane Pak K kang ora masuk akal, swasana sing maune gayeng malih tegang. Ya untunge anggone nyepeksi ora nganti suwe (krana persiapan sing arep dispeksi pancen ora ana), pengawas kasebut banjur enggal pamitan.

Sarehne pengawase wis kondur, swasana sing tegang mau banjur malih gayeng maneh. Lha sing dirembug dudu babagan persiapan, ning babagan suguhan. Ya krana ora ana guru siji-sijia sing ngaku ngasta tahu goreng lan semangka, aku banjur nggenahake menyang warunge Bu M. Ning saiba kagetku bareng dikandhani yen ora ana wong (pengawas) utawa murid sing diutus tuku tahu goreng lan semangka ing warunge.

Krana isih penasaran, aku banjur nggawa tahu goreng siji lan semangka sairis. Karepku ngono arek dakcocogake karo tahu goreng lan semangka sing ana kantor. Bareng dak cocogake, pranyata irisane tahu lan semangka ora padha. Mula kanggo mbuktekake yen sejatine pancen ora padha, banjur dakrasakake (maksude dakpangan). E…pranyata bener tenan yen sing ngasta tahu goreng lan semangka kasebut pengawas. Apa tumon, kudune disugihi kok malah ngasta suguhan! (Langkung-Pucanglaban, Tulungagung)


Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saupamane wae kabagyan iku bisa dituku, mesthi wong-wong sugih bakal nuku kabagyan mau. Lan kita bakal kangelan oleh kabagyan ksb merga wis diborong wong kang sugih mau. Nanging tujune ka­bagyan kuwi anane mung ing njero  ati lan pikiran. Ka­bagyan iku mung bisa didu­weni dening wong kang pin­ter nindakake sukur.

Klik

ARIF WICAKSANA

Grengsenge mbabat alas kanggo kabutuhan pembangunan kanthi ngurbanake sakehing warna-warna ijo ing alam, pranyata isih ana uga kang gelem ngalah lan ngajeni banget marang ‘pabrik’ oksigen ksb. Iki salah siji contone, dimen nylametake wit siji-sijine, panggawene dalan nasional lila dienggokake. Dadi, ayo ndadekake wit-witan minangka karib kita, ing ngendi wae. (d/ist)***

Pethilan

Amandemen gumantung keputusan politik

Gumantung kepentingane uga

Koalisi padhadene ngenteni capres cawapres

Intip-intipan rupa lawas

Lobi-lobi politik saya kerep

Kasak kusuk, nyang-nyangan…