Sri Maha Punggung (1)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Padhalangan - Dibaca: 62 kali

Swuh rep data pitana, ane­nggih nagari pundi ta ingkang kaeka adi dasa purwa. Eka sawiji, adi linuwih, dasa sepuluh purwa wiwitan. Sanadyan akeh titahing jawata ingkang kasongan ing akasa, sinangga pratiwi, kaapit ing samo­dra, kathah ingkang anggana raras. Na­nging datan kadi  Negara Purwacarita ya  Medhangkamolan. Mula kinarya bebu­kaning kandha awit  ngupaya nagari satus datan antuk kalih, sanadyan sewu tan jangkep sedasa.

Dhasar nagari panjang punjung, pasir wukir, loh jinawi, gemah aripah tata lan raharja. Panjang dawa pocapane, punjung luhur kawibawane, pasir samodra, wukir gunung, dene negara ngungkurake pa­gunungan nengenake pasabinan, ngeri­ngake pategalan, ngayunake bandaran gedhe. Loh tulus kang sarwa tinandur, jinawi murah kang sarwa tinuku. Gemah lampahe para nangkoda, surya ratri datan ana pedhote, labet datan ana sangsyaning marga.

Aripah janma manca kang sami beba­dra, jejel apipit aben cukit tepung taritis, papan wiyar katingal rupak awit saking raharjaning nagari. Ingon-ingon kebo sapi, pitik iwen datan ana kang cinancangan, yen rina padha aglar ing pangonan yen sore padha mulih mring kandhange dhewe-dhewe. Para mantri bupati sapenekere padha sami bijak limpading kawruh, tan­sah ambudi raharjaning praja. Sanadyan para nara kisma padha tentrem atine nung­kul pangolahing tetanen. Dhasar nagari gedhe obore, padhang jagade, dhuwur kukuse adoh kuncarane.

Sapa jejuluke narendra ing Purwa­carita, wenang den ucapake jejuluk Prabu Sri Maha Punggung, Dermamikukuhan ya Maharaja Kano. Sayekti sang narendra  titising Bathara Wisnu. Nuju ing ari Respati sang nata miyos tinangkil ing sitinggil binatu rata, lenggah dhampar denta pina­lipit ing kencana pinatik ing nawa retna. Lemek babut prang wedani ginanda ing jebat kasturi, sinebaran sari-sari. Kine­butan lar badak kanan kering, kongas gandaning sang nata angebaki pasewakan.

Kang wus sowan ngabyantara lah puniku warangkanata ing Purwacarita  awasta Patih Jakapuring. Kasambetan sowane sang nujum   Purwacarita, sawi­jining brahmana kang peparab Resi Raddhi. Rep sirep sabawaning walang alisik, ron-ronan datan obah, samirana datan lumampah. Kang kapiyarsa amung suwaraning pradangga, anganyut-anyut binarung ocehing kukila kang menclok ing waringin miwah sabawaning abdi kriya gemblak kemasan lan pandhe kang samya nambut karya. Karengyan saking pase­wakan pating carengking imbal gantya lir madyaraga, teka amewahi asri rengseping panangkilan.

Mangkana, dupi wus antara lama de­nira lenggah tinangkil sang nata asasmita dhateng rekyana patih nedya paring…………

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang mbisu iku “luwih becik” katimbang wong kang guneman ala.

Klik

DOLANAN JAMAN KAWURI

Isih kelingan dolanan kaya ngene iki? Mesthine ing antarane para maos kang wis ‘yuswa’ isih padha kelingan ya. Balapan ban bekas mujudake dolanan jaman kawuri. Seru, murah lan nyenengake. Yuk nostalgia kanthi dolanan nyenengake ing jaman biyen iki yuk… (d/ist)***

Pethilan

E-dagang rame, ritel konvensional rontok

Blanja mung kari klik

Pelajar perlu diajak lunga menyang museum

Aja menyang mal wae…

Sumpah Pemuda dipengeti

Indonesia siji, dudu sing liyane