Desa Abad Anyar (22)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Sambung - Dibaca: 140 kali

Ing dina candake, jam wolu esuk Sindhi wis nampa telpun saka Sukesi, ngabari supaya kumpul ing kantor Utama. Enggal-enggal dheweke nguripake Honda Varione, let sedhela wis nggleser nrabas dalan aspal tengah sa­wah mangidul parane.

Nalika tekan ing kantor Utama, Sindhi rada gumun sing tekan mrono tambah. Ana Pardi lan kakangne ipe, Mas Mar­wan. Mung kapinujon mrono apa pancen diundang? Yen nonton ing ndhuwur meja wis ana gelas lan pacitan cumawis jang­kep lima, sajake Pardi lan Marwan pan­cen sengaja diundang.

Sawise padha lungguh, ngombe lan mangan sawetara, Mursid miwiti gune­man, “Mas Marwan, Pardi, Dhik Sindhi, Dhik Kesi, awake dhewe kumpul ana ke­ne perlu ngrembug pilihan kepala desa sing bakal diadani ing desane dhewe. Nganti seprene, mung ana wong siji sing dhaptar dadi calon lurah desa, yaiku Mas Jumari. Yen calone tetep mung siji iku, meh bisa dipesthekake sing dadi mengko ya dheweke kuwi. Kowe kabeh trima ora? Yen wis trima, ya uwis.”

“Ora,” jawabe wong papat bareng.

“Dadi kudu ana wong liya sing dadi pilihan liyane. Miturut panemumu, sapa sing pantes maju nandhingi Jumari? Dhik Sindhi?”

“Mas Mursid,” jawabe Sindhi.

“Dhik Pardi?”

“Mas Mursid,” jawabe Pardi.

“Mas Marwan?”

“Dhik Mursid,” jawabe Marwan.

“Dhik Kesi, cah ayu?”

“Aku pancen ayu wiwit biyen,” jawabe slenca.

“Kowe arep njagokake sapa?”

“Aku manut Mas Mursid wae.”

“Sing bener Dhik Kesi,” ucape Mursid. “Sing nandhingi Jumari ora kudu aku, mengko yen aku kelakon kepilih, dadi,  perjuwanganku ningkatake panguripane masyarakat malah gagal. Sebab wektu, tenaga lan pikiranku entek kanggo nga­yahi tugas kepala desa.”

“Nanging sing bisa babag tandhing lawan Jumari iku mung Mas Mur­sid,” ujare Sindhi. “Li­yane kowe genah ka­lah, Mas.”

“Bener, Dhik,” sam­bunge Marwan.

“Bener, Mas,” Pardi melu nguwatake.

Mursid ngguyu, ke­pru­ngu tuture kaya……………..

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saupamane wae kabagyan iku bisa dituku, mesthi wong-wong sugih bakal nuku kabagyan mau. Lan kita bakal kangelan oleh kabagyan ksb merga wis diborong wong kang sugih mau. Nanging tujune ka­bagyan kuwi anane mung ing njero  ati lan pikiran. Ka­bagyan iku mung bisa didu­weni dening wong kang pin­ter nindakake sukur.

Klik

ARIF WICAKSANA

Grengsenge mbabat alas kanggo kabutuhan pembangunan kanthi ngurbanake sakehing warna-warna ijo ing alam, pranyata isih ana uga kang gelem ngalah lan ngajeni banget marang ‘pabrik’ oksigen ksb. Iki salah siji contone, dimen nylametake wit siji-sijine, panggawene dalan nasional lila dienggokake. Dadi, ayo ndadekake wit-witan minangka karib kita, ing ngendi wae. (d/ist)***

Pethilan

Amandemen gumantung keputusan politik

Gumantung kepentingane uga

Koalisi padhadene ngenteni capres cawapres

Intip-intipan rupa lawas

Lobi-lobi politik saya kerep

Kasak kusuk, nyang-nyangan…