Kasudibyane kang Namur Laku (1)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Rakyat - Dibaca: 58 kali

“Sapa ta kang manggon ing gubug ngene iki, gek ditinggal menyang ngendi dening sing duwe gubug kok sepi suwung gam-brung. Gek iki desa ngendi, pomahan ya arang, tur pinggir alas. Ning kae kok katon pesawahan kang ijo riyo-riyo, sajak bubar matun ayake. Apa gu­bug mencil pinggir alas ngene iki pancen dening sing duwe mung kanggo ngaso? Nyatane iki ana tilase tela ba­kar. Walah, ya mbuhlah. Sing wigati aku bisa ngaso sedhela ana kene. Kok iki kebeneran ana lincak, kena dak­enggo ngasokne awak kang wis krasa kesel temenan.”

Kuwi mau grenenge pawongan kang pawakane gagah pidegsa, pe­nganggone lumrah kaya wong pade­san umume. Nanging katon manjila awit sorot mripate kang tajem kebak kawibawan genah yen dheweke dudu wong padesan kaya lumrahe. Apama­neh yen diwaspadakake premati, se­najan sandhangane kaya satataning wong ndesa nanging katon menawa pawongan mau nduweni kawibawan kang gedhe.

Merga saking kesele pirang-pirang dina mlaku mlebu metu padesan, nya­brang bengawan lan nyasak alas,  mu­la tanpa mikir akeh-akeh dheweke nge­brukake awake ing lincak kanthi  miring ngiwa. Tangan sing siji kanggo bantalan, dene sijine dianggo nekep sikil. Katerak dening sumilire angin, mak les pawongan mau keturon sajak kepenak lan krasa nikmat banget.

Saking kepenake anggone turu, ngan­ti ora migatekake sakiwa tengene apa ana wong liwat, apa ana kewan uber-uberan mlebu metu saka alas, ba­barpisan ora dingerteni dening pawong­an kang lagi turu nglengger iku.

Dumadakan pawongan mau njenggi­rat kaget, merga gegere kena dugang dening sikil dhempal tur dibarengi swara santak ngeget-egeti, “Heee…begajul bang­sat laknat. Iki anggitmu dhangkane kakrokanmu ya, kok inak-inuk men nuroni lincakku. Gek ndang minggata saka pa­ngarepanku sadurunge modar dhapur­mu takdugang maneh.”

Ana panyaruwe saka rowange, sa­jake ora setuju karo sikepe kang kasar cengkiling. “He Begog, geneya kowe lalar gawe. Togna wae, wong ya mung nunut turu dhela, wis ben kono ditutugne. Awake dhewe iki jik akeh sing ditandangi lo, hayo gek cekat-ceket gawanmu kaya biasane kono gek ndang budhal maneh. Kaselak diarep-arep Den Bei, ikune ka­selak didum.”

Senajan ta isih kaget, sedhela wae pa­wongan kuwi wis bisa nguwasani ka­hanan. Tur kagawa panggraitane kang landhep sarta pikirane lantip, pawongan kuwi wis bisa mbadhe sapa sejatine kang duwe gubug kuwi. Malah kebeneran, ke­pengin ngerteni apa sejatine kang ditin­dakake dening wong loro kang sijine je­nenge Begog, sijine embuh sapa mau. Mula kanthi rewa-rewa ngasorake dhiri, pawongan mau setengah ngrerepa re­wa-rewa kaya wong kang lagi ndu­weni masalah ana omah.

“Den, ngapunten nggih kula niki wau rak badhe teng sedherek kula ler wana mrika amargi bojo kula saweg sakit. Badhe pados tamba dhateng ti­yang pinter wonten celake dhusune sedherek kula mrika. Kula saking dhu­sun tebih saking mriki, pun mlampah sedinten, punika wau nunut ngaso sekedhap.”

Diajeni kaya ngono dhadhane wong kang kasar briga-brigi mau sa­kala……………..

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang mbisu iku “luwih becik” katimbang wong kang guneman ala.

Klik

DOLANAN JAMAN KAWURI

Isih kelingan dolanan kaya ngene iki? Mesthine ing antarane para maos kang wis ‘yuswa’ isih padha kelingan ya. Balapan ban bekas mujudake dolanan jaman kawuri. Seru, murah lan nyenengake. Yuk nostalgia kanthi dolanan nyenengake ing jaman biyen iki yuk… (d/ist)***

Pethilan

E-dagang rame, ritel konvensional rontok

Blanja mung kari klik

Pelajar perlu diajak lunga menyang museum

Aja menyang mal wae…

Sumpah Pemuda dipengeti

Indonesia siji, dudu sing liyane