Misteri Dalem Kusumobratan (1)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Rena-rena - Dibaca: 12 kali

Akeh wangunan tuwa jroning komplek tembok Kraton Surakarta, Jateng sing isih dianggep wi­ngit. Salah sijine yaiku Dalem Kusumo­bratan. Wangunan kuwi mapane ing sisih kulone Alun-alun Kidul Kraton Surakarta. Saben wayah wengi, akeh kedadeyan mis­tik sing dumadi ing njero komplek wa­ngunan kasebut. Ujare kandha isih akeh lelembut sing diprecaya njaga wangunan kuwi. Kaya apa wujude?

Dalem Kusumobratan wektu saiki luwih pas diarani tilas wangunan. Bab iki ngelingi kahanan fisike sing wis ora wujud wutuh maneh. Malah akeh perangan wa­ngunan sing wis rusak utawa bobrok. Ka­hanan iki sajake pancen disengaja, mbuh jalarane apa. Ora nggumunake, becik wa­yah awan utawa wayah wengi, wangunan omah kuwi katon angker. Malah akeh warga sing ngaku, kerep weruh memedi ing njero komplek wangunan kuwi.

“Memedi sing kerep gentayangan, lan sing paling kondhang minangka sing njaga omah kuwi yakuwi buto pekok,” ujare Fendi (42), sawijining warga sing omahe ing sisihe Dalem Kusumobratan.

Diarani Buto Pekok, jalaran memedi kuwi wujude buto, utawa raseksa kanthi siung gedhe sing landhep. Anehe, nalika nglambrang kerep nabraki uwit-uwit ge­dhe ing pekarangan Dalem Kusumobra­tan. Jalaran kuwi, njur diarani dening warga kanthi jeneng buto pekok, utawa buto bodho. Kerep uga diarani buto picek, jalaran ora ngerti dalan, lan waton na­braki uwit wae nalika mlaku.

 “Nalika mlaku-mlaku ing wayah we­ngi, kerep diprangguli pirang-pirang uwit gogrok, lan godhonge padha ceblok kaya ana lindu. Biasane wektu kedadeyan kuwi, uwit kasebut dinuga lagi wae ditabrak dening buto pekok utawa buto picek kuwi,” sambunge Sartono (45), sawijining warga liyane sing omahe uga sacedhake papan wingit kuwi. Dheweke kerep ngeterake tamu sing pengen nindakake ritual uji nyali jroning komplek Dalem Kusumobratan.

Wangunan kuwi darbene sawijining krabat kraton. Yakuwi keluwarga gedhe KGPH (Kanjeng Gusti Pangeran Haryo) Koesoemobroto. Ujare kandha, dibangun ing jaman pamerintahane Sinuwun Paku Buwono X. Mbok menawa jalaran kaha­nan wangunan omah sing morat-marit, sing duwe omah njur milih urip ing njaba komplek omah kasebut. Warga sakiwa-tengene uga ora ngerti, kenapa omah sing jan-jane gedhe lan endah kuwi bisa ora kopen tekan saiki.

Sanajan ngono, omah kuwi isih tetep dijaga dening sawijining krabat saka kra­ton. Pirang-pirang dina sepisan, ana siji-loro pawongan sing katon nekani lan mle­bu omah kasebut. Ujare kandha, saka crita­ne warga sakupenge, pawongan sing teka kuwi, pancen mligi arep nindakake ritual spiritual utawa olah kanuragan. Saben dina, lawang utama mlebu omah ajeg digembok. Mung krabat utawa tamu sing wis nduwe idin mligi, sing entuk mlebu jroning omah kasebut.

Wingite wangunan kuwi wis kabukten saka pirang-pirang kedadeyan sing nje­dhul. Lan saperangan kedadeyan-keda­deyan kuwi tekan saiki isih kerep dadi kem­bang lambene warga. Kayata keda­de­yan ilange sawijining bakul siomay. Ilange malah nganti tekan telung dina telung wengi. Wiwitan ilange, wektu bakul kuwi leren ana ing ngarepe la­wang mlebu utama wangunan. Keda­de­yan sing wis rong taun kepungkur kasebut pancen nggegerake warga sa­kupenge. Lumrah wae, jalaran kedade­yane kasebut ing wayah awan pa­dhang ndrandhang.

Nalika bakul siomay kuwi lagi ngaso ing ngarep lawang gerbang, dadakan njur ilang ngono wae. Jan ilang tanpa tilas babar blas. Mung gerobak siomay da­gangane wae sing isih katon ing ngarep gerbang. Wektu kuwi pancen ana tem­busan dalan dianggo warga umum ing sisih ngarep gerbang omah. Dalan kuwi ngliwati lawang cilik loro ing sisih kulon lan wetan omah. Dalan perangan kulon nerak tembok pagere latar omah Dalem Kusumobratan. Lan perangan sisih we­tan, nerak pagere Kraton, utawa watese Alun-alun Kidul Kraton Kasunanan Su­rakarta.

“Wektu kuwi wis lumrah kabeh warga umum, lan bakul-bakul panganan ideran liwat ngarep gerbang. Malah nganti tekan wayah wengi,” ujare  Sartono maneh sing uga diiyani dening Fendi.

 Dalan ing ngarep wangunan kasebut dianggep warga minangka dalan sidhatan. Yakuwi nyambungake antarane alun-alun Kidul menyang kampunge warga sing mlebu kelurahan Gajahan. Apamaneh tumrap bakul panganan sing dodolan ing alun-alun. Kanthi lewat dalan kasebut bisa ngirit wektu lan tenaga, jalaran da­lane lumayan apik lan mesthine uga luwih cedhak. Malah bocah-bocah uga kerep dolanan ing saurute dalan sidhatan kuwi.

 Saurute dalan kuwi, ing sisih lor mung wujud tembok dhuwur lan tumpukan watu bata lawas saka jugrugane tembok. Ing sisih Kidule yakuwi kebon sing isine uwit gedhe-gedhe utawa umure wis tu­wa-tuwa. Kaya ta sawo kecik, sukun, kam­bil, lan tanduran liar. Sawo kecik pancen minangka uwit klangenane krabat kraton kawit biyen tekan saiki.

Sawijining dina, kaya padatane sawiji­ning bakul siomay lewat. Biasane tekan ngarep gerbang utama, dheweke ngaso sedhela. Ing kana, kadhangkala ana war­ga sakupenge sing nukoni dodolane. Na­nging mbuh jalaran apa, nalika kuwi de­ngaren kahanan sepi nyenyet. Babar blas ora ana siji-sijia warga sing nyedhak. Ka­hanan sorote srengenge sing panas ngenthang-ngenthang, njalari dheweke pengen ngeyup. Lan uga pengen turu sauntara wektu. Njur keturon tenan ing kono.

“Nganti pungkasane dadakan warga geger. Jalaran bakul siomai kuwi nganti wayah sore ora mulih-mulih. Kulawarga­ne uga nggoleki. Wayah sore padatane do­dolane wis entek lan mulih,” critane Sartono.

Dibantu dening warga liyane, njur  padha nggoleki ing ngendi jan-jane bakul siomai kuwi. Pungkasane njur ketemu ing ngarep gerbang dalem Kusumobratan. Anehe, sing katon mung gerobak dodo­lane. Lan uwong utawa bakule dhewe ora katon. Digoleki menyang ngendi-ngendi ora ketemu. Malah dening palilah sing jaga wangunan dalem Kusumobratan, uga digoleki menyang njerone. Nanging meksa ora ketemu. Saben pojok pelataran lan pojok ruwangan tembok dipetani. Tetep wae bakule siomai sing ilang ora ketemu.

 Nganti pungkasane war­ga pasrah. Tekan telung dina suwene, si bakul siomai dika­barake ilang. Lan grobage di­gawa mulih dening kulawar­gane. Kajurung rasa pengen ngertine, keluwargane bakal nindakake upacara ritual nye­luk, utawa nemokake maneh jejake si bakul siomai mau. Anehe, durung wae ritual ditindakake, dadakan bakul mau wis njedhul dhewe.

 “Nalika ditemokake dening warga, isih jroning kahanan mapan turu ing ngarep gerbang wangunan iki,” critane sinambi nuding ngener menyang papan ngarep gerbang.

Sawise tangi, dheweke kaget sete­ngah mati. Jalaran grobage wis ilang, lan akeh wong-wong padha kemruyuk ngru­bung dheweke. Luwih kaget maneh wektu nyawang klambi sing dianggo malih anyar. Yakuwi malih dadi wujud klambi bathik. Warga lan keluwargane banjur crita bab sing wis dumadi. Dheweke mes­thi wae kaget krungu bab sing dicritakake kasebut. Miturut dheweke, ngakune mung keturon sedhela. Utawa kira-kira mung jroning setengah jam-an. Lan nalika ta­ngi, kok dadakan wis akeh warga sing padha ngrubung dheweke.

(Ana Candhake)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)