Buku Ian Bramantya
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Roman Remaja - Dibaca: 20 kali

Awan iki aku lagi ibut nginventarisasi buku kang lagi wae teka ing perpustakaan kampus panggonanku kerja. Aku    ngguyu dhewe. Ngelingi mula bukane aku isa dadi wong kaya saiki ya amarga patheng maca. Maca buku, maca kahanan, uga blajar saka wacan.

“Mbiyen, jaman cilikanmu, wow… buku bekas laris manis. Bathine turah-turah. Aja nyawang saiki,” ngendikane bapak nang aku sing ngglibet mbaturi nata buku. 

Ana maneh bocah sing ngglibet neng kiose bapak sakliyane aku. Yakuwi Bram! Bramantya. Kanca sinarawediku. Omahe sandhing omah, bapake dadi pilot, lan ibune pegawe bank.

Nang ngendi-endi bareng. Sekolah bareng. Bram sing meneng, Bram sing angel ngguyu. Tapi uga Bram sing seneng melu nata buku neng kios, lan maca buku apa bae sing disenengi. Beda nang aku. Senengku ya mung melok nata utawa ngedoli wong tuku. Nek maca, ya kala-kala. Macaku milih sing ana gambare gedhe-gedhe, hehehe...

Saya gedhe, Bram tambah sregep ngrewangi senajan mung dina Minggu. Hla dina liyane Bram repot les, kursus olahraga, lan maneka kegiyatan ekskul maneh.

“Bram, sampeyan ki wis pinter. Samubarang nduwe, kok ijik melok kegiyatan ngono-ngene. Gak payah, ta?” clulukku sawijining dina.

“Ya payah, ning aku seneng, kok!” jawabe entheng. “Aku pengin dadi pilot koyok ayah. Sampeyan pengin dadi apa, Gil?”

Aku pengin dadi apa? Apa sing takpengini? Aku malah durung nduwe cita-cita Bram.

“Pantes kowe pengin dadi pilot, senenganmu maca,” alokku nalika nyawang Bram nggethu maca bab antariksa.

“Pilot pancen kudu pinter maca. Maca tanda-tanda, maca kahanan...” jawabe karo manther nyawang buku. Tangane kemlawe nggusah aku. Prei wis nek ngono, gak isa nggodha maneh!

Dina-dina lumaku ngetutna garise. Kit cilik aku ora nate ngerti yen status sosial kuwi isa uga dadi pambeda.

Nganti dina kuwi nalika aku lagi mlaku karo Bram, Resti, kanca saksekolahan uga jik sedulure Bram, alok..., ”Gil, aja ngetut Bram wae. Ora level...

Dumadakan Bram sing neng sandhingku semaur. “Res, sing kanca karo Ragil iku aku, kok gampang men lambemu ngomong koyok ngono?”

“Bram, Bram... Ragil iku mek nggolek bathi teka awakmu. Nginthil ae, koyok sapi dikeluhi.”

Gak kuwat kupingku ngrungokna. Tanganku nutup lambeku, kepengin nangis rasane.

“Wis, cukup. Gak onok apike tukaran. Res,...tulung, ojok ngomong ngono maneh.” Bram mbacutna mlaku karo ngerih-erih aku.

Dina-dina sakbanjure aku ngedoh saka Bram. Mbuh kok aku malih ngerti isin. Malah sakdawane preian munggah kelas loro SMP, aku nang omahe mbakyuku Surabaya lan ngrewangi neng tokone. Engga sore kuwi Bapak nelpon.

“Gil, mau Bram mrene saklu-wargane pamitan. Sore iki boyongan pindhah nang Mataram,”

Lambeku geter gak isa semaur. Gegancangan aku njaluk diterna mulih. Nanging omahe Bram wis suwung. Mung lampu njaba sing isih murub.

Ah, uripku kaya kelangan sunare sakwise kuwi. Mung sekolah lan mbaturi bapak ibu dodolan. Sakjeg prastawa Resti ngilokna, lan pindhahe Bram, aku malih meneng koyok Bram. 

Ana sms sing tansah takelingi seprene... Ragil, nek eling aku, macaa. Nek kangen aku, macaa. Mbuh suk kapan, aku kepengin nyawang Ragil, kancaku kang percaya diri lan sukses”.

Isin rasane saben ngelingi ukara-ukarane Bram. Dudu dheweke kang ngedoh. Aku dhewe sing ngedohne awak amarga rumangsa minder.

Alon-alon waton kelakon. Aku sinau saka urip. Ora ana rekasa yen tinampa kanthi sadar lan pangrasa jembar. Mbokmenawa pangrasa ngene iki uga kang dirasakna bapak lan ibuku, engga tansah sukur pira wae pepayone saben dina.

Sakwise lulus SMU aku nemokna gegayuhan kang takanggep jumbuh karo kasenenganku. Aku pengin dadi pustakawan.

——

Pangeling-elingku kandheg. Ana email mlebu.

“Gil, buku antologi cerkak iki karanganmu, ya? Adhuh, kok tokohe nganggo jenengku kabeh? Isa mateni pasaranku lho...aku tuku bukumu sakwise browsing nggoleki jenengmu” pesen mlebu saka...Bramantya Pamungkas@gmail.com karo ana foto dheweke nyekel buku kumcerku. Wehhh...

“Tibake saiki wis dadi penulis, ya? Awas, aku njaluk royalti saka pencatutan jenengku. Tenan lo...” bacute email mau.

Jik dawa maneh email saka Bram. Aku mung isa kamitenggengen maca. Atiku sakkal kaya nembangake pangrasa seneng tan kinira!  n Cuthel

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)