Wayang Cina Gaya Yogyakarta
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Kawruh Sapala - Dibaca: 14 kali

Wayang Cina gaya Yogyakarta muncul taun 1925. Wayang kasebut asil karyane Gan Thwan Sing, pe­ranakan Tionghoa warga saka kampung Beskalan Yogyakarta. Jinis wayang kasebut nyritakake lakon-lakon saka crita jaman kuna ing Tiongkok, nanging kabeber kanthi manut tatacara pakeliran wayang purwa gaya Mataraman. Manut panlesihe B. Soelarto lan S. Ilmi Albi­la­diyah kaya kang kamot ing buku “Wa­yang Cina Jawa Yogyakarta” (Depdikbud, Jakarta, taun 1980/1981), antarane taun 1930 tekan 1967 wayang iki tau ngalami jaman kamonceran.

Wayang Cina Jawa Yogyakarta iku saindhenging jagad mung ana rong set (2 unit). Sing saset (1 unit) dadi duweke Dr. Walter Angst ing Uberlingen, Bodensee, Jerman, dene sing saset (1 unit) maneh sumimpen ing Museum Sonobudoyo Yogyakarta. Cathetan: 1). Wayang asil karyane Gant Thwan sing (1885-1966) iku sakawit dituku Dr. F. Seltmann dhuk nalika manggon ing Yogyakarta taun 1964/1965. 2). Dr. Walter Angst ing Jerman, duweni saset wayang gunggung 300 iji, anggone tuku saka Nyonya Dr. F. Seltman dhek taun 1998 (setaun sawise Dr. F. Seltmann tilar donya), dumadi wayang golongan manungsa, kewan, gunungan, gegaman, lsp.

Sapa ta Gan Thwan Sing Kuwi?

Gan Thwan Sing lair taun 1885 ing Jatinom (Klaten) lan tilar donya taun 1966 ing Yogyakarta. Kawit cilik Gan Thwan Sing melu engkonge (simbahe) ing Klaten. Saka engkonge iku Gan Thwan Sing tampa sesurupan bab basa lan aksara Cina, sarta crita lan dongeng Cina. Gan Thwan Sing uga apal karo arane tokoh-tokoh dongeng Cina kaya ing buku dongeng Cina kasebut.

Gan Thwan Sing uga seneng nonton wayangkulit lan srawung karo pendhu­dhuk kampung, saengga raket karo cara uripe wong Jawa. Ngancik dhiwasa Gan Thwan Sing pindhah menyang Beskalan, Yogyakarta, sarta sinau seni pedhala­ngan lan karawitan. Natkala kawruh pedhalangan wis disawang cukup, Gan Thwan Sing nuli yasa bentuk anyar tumraping kagunan wayang. Crita rakyat Cina minangka materine, dene pagelaran wayang kulit minangka sranane.

Sabanjure, Gan Thwan Sing wiwit nulis teks-teks kanggo lakon wayange kang digubah saka crita rakyt Cina. Panulise mawa basa lan aksara Jawa (latin). Gan Thwan Sing uga nggambar rancangan tokoh-tokoh wayang kaya ing buku crita rakyat Cina kasebut. Ing antarane buku lawas kang mawa irah-irahan “Thig Jing Nga Ha Ping She” (Rabine Raja Thig Jing).

 

Pagelaran Wayang Cina Jawa Yogyakarta

 

Miturut F Seltmann, wayang Cina Jawa Yogyakarta iku bahane digawe saka lulang kebo, banjur ditatah lan disung­ging cocog karo tokoh lan karakter kang dibutuhake. Nalika jaman Perang Dunia II lan akeh reregan mundhak, Gan Thwan Sing tetep gawe wayang. Na­nging bahan saka lulang kebo diganti kerdhus, tetela wayang saka kerdhus iku tetep duwe mutu kang ora kalah becike karo wayang saka kulit kebo. Wayang iku saiki dadi koleksine Dr. Walter Angst ing Jerman.

Pagelaran wayang Cina gaya Yogya­karta duweni fungsi kang saemper pa­gelaran wayang Purwa. Yaiku minangka bentuk hiburan, sarana pendidikan lan informasi, uga minangka sarana ritual marang para dewa lan arwah leluhure bangsa Cina. Mula pagelaran wayang iki bisa mapan ing ngendi bae, ing klen­theng utawa ing omah-omah pendhu­dhuk kang duwe gawe mantu, lsp.

Dhalang wayang Cina gaya Yogyakar­ta uga darbe ketrampilan kaya dhalang wayang Purwa sacara umum. Sebab teknik lan gaya pagelaran ing wayang iki ngenut marang gaya pakeliran wa­yang purwa, kayata ngucap japa mantra sadurunge ndhalang. Dhalang wayang kasebut uga nguwasani babagan gendhing lan tembang Jawa.

Ubarampe ing page­laran wayang Cina gaya Yogyakarta uga ora beda adoh karo ubarampe ing pakeliran wayang Purwa. Kayata kelir, kothak wa­yang, cempala, kepyak, blencong, sapit blencong, gedebog, lsp. Piranti kelir ing wayang iku kanthi ukur­an 130x390 centi­me­ter, kajereng ing cagak, diwuwuhi tulisan ing basa Melayu kang unine: “Terbikin oleh Gan Thwan Sing-Djogja, 27 Novem­ber 1942”.

Pakeliran Wayang Cina Gaya Yogyakarta di­adani ing wanci ndalu, wiwit jam 21.30 nganti jam 04.30 esuk. Pengi­ringe migunakake game­lan sepangkon laras slendro lan pelog. Tatacara pakeliran kaperang dadi telung adegan, yaiku: Babak Purwaka, Babak Madya lan Babak Wasana.

1). Babak Purwaka, kairingan gendhing-gendhing pathet nem. 2). Babak Madya. Dhalang aweh tandha marang niyaga, njaluk gendhing Lindur nuli disusul gendhing Pathet Sanga. 3). Babak Wasana, kairingan gendhing Pathet Manyura, minangka gendhing penutup, iringan gamelan nyuguhake gendhing Ayak-Ayakan Pamungkas.

Pakeliran wayang Cina gaya Yogya­karta awale ora tepung karo adegan gara-gara kaya ing wayang purwa, sebab ing tradhisi Cina ora kenal marang tokoh-tokoh punakawan. Kango ijole, nalika wayang kabeber. Dhalang ngen­dheng lakune pakeliran lan aweh wektu sedhela kanggo ngaso para niyaga, wektu ngaso iku ditengeri kanthi katan­cebe tokoh wayang nganggo sandha­ngan kaya petugas keamanan kang nggawa eblek ngemot tulisan kang muni “Istirahat 10 menit.”

Ing segi fisik, tokoh-tokoh wayang Cina Jawa iku banget beda karo pe­nam­pilan ing padhalangan wayang kulit Purwa. Racake tokoh-tokoh wa­­yang  kulit iku cendhek dhuwure lan dedeg piadege udakara 60 ingga 70 cm. Manut Dr. F. Seltmann, tokoh-tokoh wayang iku dumadi saka tokoh dewa, dewi, siluman, pendheta, raja, prameswari, bangsa­wan, kasim, pembantu raja, mentri, pra­jurit, putri, dhayang (emban, inya), perampok, sato kewan (macan, singa, naga, kuda).

Antarane taun 1925 tekan 1966 Gan Thwan Sing kasil ndhidhik paraga papat minangka dhalang wayang Cina gaya Yogyakarta. Ing antarane: Kho Thian Sign utawa Mbah Menang (saka golo­ngan pranakan Cina-Jawa), RM Pardon Gondomastuti (saka golongan nigrat), Ki Megarsemu (abdidalem Kraton Yogya­karta), lan Pawiro Buwang (saka pen­dhudhuk kampung salumrah). Emane, dhalang papat iku wis ndhisiki tilar donya sadurunge Gan Thwan Sing puput yuswa.

 

Naskah Wayang Cina Jawa Yogyakarta

 

Wayang Cina Jawa gaya Yogyakarta uga diganepi setumpuk naskah lakon wayang, gunggung 40 naskah kang saiki sumimpen ing Museum Sonobudoyo Yogyakarta ana saben­dhel, dene ing Perpus­takaan Berlin Jerman ana 39 bendhel. Naskah-naskah kasebut kabeh ditulis mawa basa lan aksara Jawa. (Ca­thetan: ing taun 1995, 39 naskah wayang koleksine Dr. F Seltmann iku didol marang pehak Perpustakaan Berlin).

Naskah Wayang Ci­na Jawa Yogyakarta ditulis ing bentuk gan­caran. Nyebutake arane para tokohe, asal-usule, basa, aksara lan critane. Naskah kang nyebutake jenenge para tokoh-tokoh wa­yange lan saka ngendi asale, kabeh ditulis manut jeneng asline ing basa Cina/Hokkian. Dene bab istilah pang­kat, jabatan, gelar, ditulis manut istilah ing basa Jawa. Kayata tembung: narendra, pangeran, patih, adipati, bupati, senapati, tumenggung, pandhita, brahmana, raden, dyah, abdi, prajurit, lsp.

Dhaftar-dhaftar 39 naskah wayang Cina Jawa Yogyakarta koleksi Berlin, ing antarane sesirah: “Pakem Hwang Kang Nomer 1 tekan 4”, “Laire Li Than Dugi Shik Kong Wuru”, “Rabine Sik Kyang, Tha Di, Nga Lyong Shan”. “Pecahe Kutha Yang Cyu”, “Hong Kya Ngenger, Ha Hwat dugi ing Li Cyu emut saka kantaka,” “Hong Kya nglalu ing bengawan”, “Shik Jin Kwi teka ing kutha Ong Ong Kwan”, “Pakem Lo Dong Cing Sha Pan”, lan liya-liyane.

Penulis lakon crita wayang iku iya Gan Thwan Sing pribadi minangka pe­nganggit lan dhalang wayang Cina gaya Yogyakarta. Miturut B. Soelarto lan S. Ilmi Albiladiyah, cuplikan tulisan kang nuduhake yen teks Wayang Cina Jawa iku tulisane Gan Thwan Sing, bisa katitik saka saweneh ukara ing naskah “Wayang Cina Jawa Yogyakarta” kang muni: “Gan Thwan Sing kasil ngram­pungake sawetara judhul buku lakon kang ing istilah pedhalangan disebut pakem kang ngenut marang pola baku ing lakon wayang kulit Jawa gaya Mataraman, lan ditulis ing basa lan aksara Jawa.”

 

Migunakake Basa Jawa Kang Prasaja

 

Naskah wayang Cina Jawa Yogyakarta migunakake basa Jawa minangka basa pengantar. Dene basa tulisane Gan Thwan Sing iku dudu basa kang edi peni, nanging basa kang lugas, lugu, cekak-aos, lan prasaja. Bisa diarani basa ka­sebut mujudake basa Jawa mligi kanggo golongan Tionghoa ing Yogyakarta (Jawa) kang sesurupane bab basa Jawa banget winates.

Contone kayata sawatara pethikan ukara ing pakeliran Wayang Cina gaya Yogyakarta kaya sing katur ign ngandhap iki:

1). “Prang rame. Shik Thing Shan Sha Po Thong, mangumpah-umpah. Dyong Kong Kim langkung benter ing manah. Dadi prang campuh, Tha Shyan Thong kalih Thyong Lyang Shing, lan Shik Kim Lyan kalih Kim Shyu Shi” lan sateruse

2). “Dyang Ko Kim dhateng acingak dene sang putri wus ngrumiyini. Malah-malah wus ngrampungi karya, gya kadhapukane saperlu. Sang temanten manjing ing pura, para satriya andrawina. Shik Ing Lyong sakelangkung bingah, sedya ngabekti caos pakurmatan dhateng rama ibu kang anembe dhaup”. Lan sateruse.

Mangkono bab wayang Cina gaya Yogyakarta sakeplasan, sigeg. (Ismadi K)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)