Mangerteni Dhodhok Selehe Takdir Miturut Syar’I (13)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 14 kali

(Ananging mugi ngupadasa Akhirat kalayan kamulyan (kebahagiaan) ingkang sampun kaparingaken dening Allah dhumateng sampeyan. Ewa semanten sampun nilar ing bageyan sampeyan ing donya ……” (Q.S. Qashash (28):77).

Dadi gemblenge, kita bisa paham lan mangerteni maksud kekarone ayat Ali Imran kasebut ing ndhuwur, pancen uru­san mati lan nguripake manungsa iku, hak muthlaqe Allah. Nanging sepisan ma­neh aja lali, manungsa (dhawuhe Allah) kudu ngupaya utawa usaha sak pantoge, kanthi pangajap muga=muga Allah kepareng paring takdir kang luwih becik (utama).

Nyimak keterangan kasebut ing ndhu­wur, isih ana gandheng cenenge karo babagan (masalah) takdir, ing ngi­sor iki bakal diaturake asil panalitian Ba­bagan Bio Molekuler, sing naliti (mage­pokan) marang kapasitas umure ma­nung­sa. Iki mujudake landhesan (pija­kan) mirunggan (utama), manawa umu­re manungsa iku diwatesi dening gen (keturunan), sing ndarbeni jejibahan (berfunsi) minangka pewaktu (urutaning wektu). Dene TELOME, piranti liyane ndar­beni jejibahan kadi dene (pindha) stop watch, sing ngendhaleni umure ma­nungsa. Dene gen pewaktu iku miwiti dhe­nyut (berdetak) nalika sel telur ibu kita ketemu karo spermane bapak. Iki sanepane pindha stop watch sing dipen­cet tombol wiwitane (start). Lha ing sa­jerone rante genetika dumunung mayu­ta-yuta sipat sing ana ing sajerone rante genetika. Dene  gen iki khusus ndarbeni jejibahan (berfungsi) ngendhaleni seka­behing gerakan bio mulekuler kang du­madi lelandhesan karo urutaning wektu. Supaya luwih gamblang mangkene con­tone: Janin iku  ing wektu seminggu awal, ngrembaka beda karo usia nalika­ne arep lair. Pembelahan sel-sel lumaku kanthi cepet banget, sarta ngrembaka utawa tuwuhe organe uga diawasi (ter­kontrol) kanthi ngedab-edabi (nggumun­ake). Ana sing dadi jantung, dadi  uteg, dadi mripat, dadi kuping, dadi tangan, dadi sikil, dadi balung, dadi saraf lan liya-liyane. Lha nalika nedheng-nedhenge arep lair, kecepetan kaya kang katur ing ndhuwur dadi mudhun ora kaya maune (ndhisik cepet banget). Apa sebabe? Sing njalari, yaiku krana organ-organ  awake wus dumadi (terbentuk) kanthi  sampur­na. Kanthi mangkono janin kari nunggu wektune lair. Lha hiya, yen dinalar, genea prosese kok bisa lumaku manut urutan wektu sarta lumaku kanthi  tertib. Iku ora liya krana (disebabake) dening  gen pewaktu (sing ngatur urutaning wektu).

Glethek pethele, hiya gen pewaktu iku sing dadi acuan (rujukan) lumakune Pe­rintah-perintah dumadine janin ing saje­rone rahim. Malah diterusake nganti bayi mau lair ing donya, napaki uripe, pung­kasane tumekeng palastra, tilar donya.

Kabeh kang lumaku mau diatur de­ning stop watch genetika iku. Supaya lu­wih cetha diaturake maneh conto kang sa­madya: Rambut ireng owah dadi uwa­nen (putih), rujukane (acuane) hiya gen mau. Kulit dadi kriput, acuane hiya saka gen. Ana pitakonan, kapan jantung dadi ngambeg?. Iku uga diatur dening gen. Uga ana pitakonan, banjur kapan ogan-organ iku ngalami kerusakan sing nge­dab-edabi? Sing ngendhaleni uga saka gen pewaktu (sing  ngatur urutaning wek­tu).

Dadine, genahe mono, pranyata Allah iku  wus kepareng matesi  marang umure manungsa liwat rerentengane ge­netika sing dumunung ana ing sanjerone intine (underane) sel iku dhewe. Upama­ne pawongan iku pinaringan umur. 80 taun stop watch (telemore) iku uga bakal aktif (makarya) sasuwene 80 taun,

Diwiwiti kapisan saka umur bocah nganti bisa mlaku, terus dadi akil balig, dadi diwasa, dadi tuwa terus nganti umur 80 taun, organe wiwit owah (peru­ba­han), rambute dadi uwanen, dheng­kule gemeter, tangane semuten, mripate blawur, kupinge dadi tuna rungu. Organ-organe wiwit ora normal. Nuli tumekeng pa­lastra (mati). Cetha banget, manawa kabeh dikendhaleni dening gen pewaktu (sing darbe jejibaham ngatur urutaning wektu). Mangkono sapiturute.

 

(14). WERDINE REJEKI.

Ing ndhuwur wus diaturake sing ma­gepokan karo pati (kematian). Sateruse bakal diaturake werdine rejeki, sing gega­yutan karo panguripane manungsa., kewan lan thethukulan. Rejeki tumraping kewan sarta thethukulan iku  ditanggung dening Allah. Beda karo manungsa. Allah kepareng nunggu, Allah karsa nga­wuningani apa sing ditindakake dening manungsa ing dalem (sajerone) ngupadi rejeki. Tumuli sawuse iku Allah lagi ke­pareng netepake takdire. Trep karo dha­wuhe Allah, mangkene maksude:

(a). “Ora ana sawijining gegremetan kang urip ana ing bumi, kajaba rejekine ditanggung dening Allah. Lan Panje­nenganE ngawuningani ing panggonan titipe kanggo urip lan panggonan tumi­tipe sawuse mati. Kabeh mau wus katulis ana ing Kitab kang nyata (Lauhul Mah­fudz).” (QS. Hud (11):6).

(b). “Lan akeh sato kewan kang gu­mre­met ing bumi kang ora nggawa re­jeki, lan ora bisa nyimpen kaya dene ma­nuk. Allah kang kepareng paring rejeki ma­rang sato kewan iku, lan semono uga marang sira. Lan Panjenengane kang Maha Miarsa lan Maha Uninga.” (QS. Al-Ankabut (29):60).

Mangkono Allah kang wus kepareng paring pituduh ngupadi rejeki tumraping makhlukE, utamane marang sato kewan. Allah wus kepareng nanggung (menja­min) rejekine sato kewan mau, sasuwe­ne kahanan alame ideal (ngikuti) Sunna­tullah, ora rusak.

Emane, kaya manungsa sing wus nin­dakake pengrusakan sing ora lumrah,  marang lingkungan, saengga akeh ke­wan sing mati kaliren. Sumber-sumber pa­ngan ludhes, wusana njalari ekosis­tem ora lumaku seimbang. Rusaking dha­ratan lan lautan (segara) iku krana polah lan tingkahe manungsa kang srakah. Trep karo dhawuhe Allah, mangkene maksude:

(c). “Wus nyata lair (tuwuh) kerusa­kan-kerusakan ana ing dhratan lan ana ing lautan, kagawa saka barang (kaha­nan) kang padha ditindakake dening tangan tanganing manungsa. Jalaran Allah karsa ngicipake marang wong-wong mau sawenehing siksa (adzab), sa­bab dosa kang wus padha ditindakake. Muga-muga wog-wong mau padha bali menyang dalan kang bener.”  (QS. Rum (30):41)

Kerusakan alam kang kaya mangkono mau, wusanane ora njalari rusake habitat (papan urip) sato kewan, nanging uga tumapak marang sumber-sumber reje­kine manungsa.

 (d). “Lan Allah wus kepareng ndamel sanepa ing sawiining negara, kang kaha­nane biyen aman lan tata tentrem, ahline tetep, rejekine jembar, maprah-maprah tekane  marang negara iku saka ngendi-endi panggonan, nanging para warga negara iku banjur nyelaki kanikmatane Allah. Allah nuli kepareng ngicipake ma­rang wong-wong mau rasa ngelih (pa­ceklik turu alu) lan rasa wedi, jalaran perkara kang wus padha ditindakake.” (QS. An-Nahl (16):112).

Lelandhesan karo ayat kasebut, sa­temene Allah wus kepareng nyediyakake rejeki kanggo nyukupi panguripan makh­lukE ana ing lumahing bumi.

(e). “Allah wus kepareng nitahake isen-isening bumi kabeh kanggo sira, nuli Allah (kepareng) nyampurnakake la­ngit dadi pitung shap. Lan Allah iku Maha Wikan ing sekabehing barang.” (QS. Al-Baqarah (2):29). (Ana Candhake)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)