Kembang Darmo kanggo Nyedhakake Jodho
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Rena-rena - Dibaca: 33 kali

Kanggone sapa wae sing wis ngancik diwasa lan rumangsa wis cukup ing babagan lair sarta batin. Mesthine nduweni pepinginan kanggo mbangun bale wisma klawan pawongan kang paling ditresnani. Nanging, akeh sing nganggep golek bojo ngono dudu perkara sepele lan gampang. Mulane ing dinane iki akeh priya lan wanita sing wis ngancik umur diwasa lan cekel gawe kanthi pengasilan kang murwat akeh sing isih urip legan.

Wong-wong sing kaya mangkene iki paling kerep entuk pitakonan, “Kapan rabi?” Yen wis entuk pitakon kaya mangkene wangsulane mung ana loro yaiku sing kapisan durung ketemu jodhone lan kapindhone durung wancine. Masia ketarane nyenengake, nanging suwening suwe urip legan ya ora ana penake. Apa maneh yen nyawang kanca sapantaran wis urip bagya bisa mbangun bale wisma. Yen wis kaya ngono wong sing isih bisane mung ngelus dhadha sinambi mbatin, “sabar…sabar lan sabar.”

Babagan jodho pancen klebu salah siji misteri paling gedhe sajroning uripe manungsa. Kahanan iki dituduhake saka anane manungsa sing bisa gampang anggone oleh jodho lan akeh uga sing kangelan nemokake jodhone. Kanggone sing kangelan nggoleki jodhone, akeh cara kang bisa ditindakake salah sijine yaiku lantaran srana-srana tartamtu, padatan yen ngomongake srana ana sambung rapete klawan ritual-ritual tartamtu.

Ing tlatah Banyuwangi ana sawijining upacara adat kang sinebut upacara Seblang. Upacara iki ditindakake mung pisan saben taune. Sejatine upacara kang ditindakake dening masyarakat Using kang mapan ing Desa Olehsari, Kecamatan Glagah, Kabupaten Banyuwangi iki ancase kanggo nguntabake rasa syukur marang sekabehane paringane Gusti Allah.

Nanging ing perangan liya, ana penganggep yen salah siji saka reroncene adicara kang ana ing  tradhisi iki bisa didadekake srana kanggo nyedhake jodho. Mulane saben-saben kagelar iki, akeh wong-wong sing isih legan padha nekani adicara iki kanthi pangajab bisa cedhak jodhone.

Sing diarani seblang sejatine mujudake sawijining beksan khas Banyuwangi. Senajan beksan iki mujudake kesenian khas Banyuwangi. Nanging sing nduweni yaiku masyarakat Using kang ana ing laladan Banyuwangi. Tradhisi iki anggene nggelar seminggu suwene. Lan saben dinane wong kang dipilih kanggo mbeksa, saora-orane kudu mbeksa suwene limang jam kanthi kondisi ora sadar utawa trans alias kesurupan. Ora kabeh wong bisa mbeksa Seblang, jalaran pambeksa beksan iki dipilih kanthi langsung dening sesepuh desa kang kasup-kasupan rohe leluhur desa. Padatan pambeksa seblang mujudake sawijining wanita sing isih prawan lan isih nduweni trah saka pambeksa seblang kang kawitan.

Kalane mbeksa seblang, pambeksa ora sadhar jalaran pambeksa ngalami ‘trans’ utawa kesurupan. Sadurunge miwiti anggone mbeksa, para pambeksa seblang iki awake luwih dhisik diwenehi atal, saemper lulur kang rupane kuning. Saliyane kuwi pambeksa seblang uga migunakake mahkota sing ginawe saka pupus gedhang.

Ing perangan liya, ana babagan kang bisa dipisahake klawan tradhisi seblang iki. Lan babagan sing dimaksud yaiku prosesi ngedum kembang darmo. Perangan iki mujudake salah siji puncak acara saka tradhisi seblang lan paling diantu dening para warga kang nekani tradhisi seblang, jalaran kembang darmo iki dipercaya bisa dadi sarana kanggo nyedhakake jodho. Anggepan sing kaya mangkene tuwuh lantaran kembang sing dirangke ing pring mau luwih dhisik dirituali kanthi khusus, saengga akeh sing percaya yen kembang darmo mau malih nduweni daya tartamtu tumrap sapa wae sing nduweni.

Anggepan sing kaya mangkene tuwuh lantaran akehe wong sing ngaku bisa nemokake jodhone sawise nduweni kembang darmo sing dipikolehi saka tradhisi seblang. Akehe crita-crita sing kaya ngene iki wis menehi sugesti marang liyan sing ngalami nasib kang padha. Kanthi anane sugesti sing kaya ngene lan ditambah bisa nduweni kembang darmo, ora lali tetep nindakake usaha sarta tetep ndedonga menyang sing Gawe Urip, mesthi wae apa sing dadi kajate kang nduwe kembang kasebut bisa kasembadan.

Kembang darmo dhewe mujudake salah siji ubarampe kang ora kena ditinggal saka tradisi seblang iki. Kembang iki mujudake rerangkene kembang kang digawe saka kembang kemuning, kembang mlathi, lan sawetara kembang liyane kang dipasang ing pring. Para pawongan kang ngepenginake kembang darmo bisa ngetokake mahar sing gedhene rong ewu nganti sepuluh ewu rupiyah.

Anggene ngetokake kembang darmo iki ing wayahe penutupan tradhisi Seblang. Ing wektu iku akeh banget pawongan kang kepengin nduweni kembang iki. Kahanan iki disebabake akeh kang percaya yen kembang darmo bisa didadekake sarana kanggo tolak bala, nglancarake rejeki, lan nyedhakake jodho.

Padatan, sawise ngedumake kembang darmo menyang sapa wae sing ngepinginake. Pambeksa Seblang nindakake ider bumi. Sing dimaksud ider bumi yaiku mlaku menyang pojok-pojok desa kanthi nerus mbeksa ing kahanan isih trans utawa kesurupan. Tradhisi seblang dhewe biyasane kagelar ing wulan Syawal. Adicara iki biyasane digelar bebarengan klawan tradhisi liyane kaya ta bersih desa.

P. Kusuma

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)