Desa Abad Anyar (21)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Sambung - Dibaca: 69 kali

Nek aku setuju, Mbak, ning aku ora yakin Mas Mursid gelem.”

            Krungu guneme Sukesi meng­-ko­no, Mursid lagi ngomong, “Dhik Sindhi, niyatku mulih ndesa iki arep ngleksanani amanate leluhurku, berjuwang kanggo ndandani panguripane masarakat. Yen aku dadi kepala desa, aku mengko malah ora kober mikir lan tumandang kanggo ndan­dani panguripane bebrayan merga wis abot mikul tugas pemerintahan, adminis­trasi, rapat-rapat. Cekake: ora kober nya­-wi­ji karo rakyat. Kajaba iku, aku mengko rak digeguyu pak cilik ing Jakarta. Dikon dadi dhirektur ora gelem, malah mung trima dadi lurah desa.”

Satemene ing batin Sindhi rumangsa gumun lan ngregani marang tekade Mur­sid. Nanging ing sisih liya, dheweke ru­mang­sa ora rila yen sing dadi lurah Jumari. Kawetu rembuge maneh, “Lekasmu iku pancen luhur lan pinuji, Mas. Nanging apa kowe rila rakyat sing arep kok belani iku dilurahi wong candhala kaya Jumari. Kowe keraya-raya ndandani, nanging dheweke sing ngrusak tanpa rasa welas, tanpa rasa salah.”

“Dheweke tumindak ngono iku mung saiki ngadhepi pilihan lurah, merga kuwatir yen kalah karo aku. Mengko yen dheweke ngerti aku ora maju pilihan, mesthi dhe­weke sadhar lan nggetuni tumindake dhe­we. Malah sawise kelakon dadi lurah, dhe­weke mesthi njur nyedhaki aku, sabab ru­mangsa dakbantu ndandani rakyate, ndan­dani dhaerahe.”

Krungu tembunge Mursid, Sindhisari mbrabak mripate. Tembunge atos, “Iya Mas, mengko kowe dienggo sapi grobo­gan. Kowe sing kerja keras ndandani panguripane rakyat, kok rewangi ngurban­ake jabatan dhirektur, kelangan dhuwit kanggo tombok, dheweke sing enak-enak nemu. Kari ngaku lan lapur nyang ndhu­wure: iki lho kerja kerasku, iki lho perju­wanganku, terus nampa penghargaan iku-iku, kena nggo pancadan nyalon bupati mbe­suk. Sebab aku ngerti, arah-arahane Jumari mrono kuwi. Dadi genahe kowe mengko arep dienggo theklek lam­baran sikil, kanggo pan­ca­dan golek kamukten dening Jumari.

Kowe pancen wong apik, Mas, kapara kapi­ken, bisa uga kowe eklas wae diiles-iles kanggo pan­cadan dening Jumari. Emane, aku iki isih kalah apik karo kowe. Yen kate­mahan kaya sing dakkan­dakake mau atiku bakal lara banget, wong sing banget daktresnani, mer­ga saka apike atine, kok diiles-iles dening wong candhala ing budi kanggo golek mblendhuke wete­nge dhewe. Lan ngerte­nana, Mas, yen kelakon ngono tenan, sacara ora langsung kowe wis gawe larane atiku, Maas.”

Sindhi ora kuwat ngam­pet, nangis mingseg-mingseg. Ora mentala nyawang, tanpa sadhar Mursid ngrangkul dheweke, ngelus-elus rambute karo ngarih-arih, “Sst, aja nangis. Apura­nen aku, pemikiranku ora tekan kono para­ne. Ya wis, disarehake, ayo dirembug sing laras.”

Sajake Sindhi rada lega rasane krungu tembunge Mursid. Mursid dhewe dadi sa­dhar, jebul iki mau wis…………….

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang mbisu iku “luwih becik” katimbang wong kang guneman ala.

Klik

DOLANAN JAMAN KAWURI

Isih kelingan dolanan kaya ngene iki? Mesthine ing antarane para maos kang wis ‘yuswa’ isih padha kelingan ya. Balapan ban bekas mujudake dolanan jaman kawuri. Seru, murah lan nyenengake. Yuk nostalgia kanthi dolanan nyenengake ing jaman biyen iki yuk… (d/ist)***

Pethilan

E-dagang rame, ritel konvensional rontok

Blanja mung kari klik

Pelajar perlu diajak lunga menyang museum

Aja menyang mal wae…

Sumpah Pemuda dipengeti

Indonesia siji, dudu sing liyane