Fatamorgana
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Cekak - Dibaca: 220 kali

Koran isih neng tangan nalika tilpun ing meja ngganter muni. Krasa wegah arep ngranggeh gagang tilpun kang dakanggep ngganggu keasyikanku maca.

“Halo,” ucapku tanpa gre­get.

“Halo, Witri?” keprungu swa­ra kakung saka sabrang kana.

“ He eh,  sapa iki?” pitakon­ku ngoko.

“Pangling, Witri?” kepru­ngu pitakone, diselingi guyu. Aku njengkerutake alis, nyoba ngeling-eling swarane sapa, nanging tetep ora bisa mba­dhe. “Witri mesthi lali, limang taun kepungkur awake dhewe ketemu.”

 Aku saya penasaran. Edan,  aku rumangsa dienggo dolanan. “Aja kurang ajar, ayo ngakuwa sapa?” ujarku wiwit aras-arasen ngladeni guyone.

“Witri, apa sliramu lali  ma­rang lagu Endless Love?” ucape kalem.

“Oh, Kristian? Ana ngendi kowe sa­iki?” aku njola kaworan bungah.”Aku lagi maca koran dina iki. Takjingglengi foto­mu. Hebat kowe, Kris.”

“Yen wis maca koran dina iki, ateges kowe kudu teka menyang pameranku, Wi­tri. Witri aku kangen lho. Kapan bisa ke­temu? Yen mengko bojomu Gutomo nesu, aku siyap tempur kok,” ujare karo nye­kakak.

“ Gendheng kowe Kris, guyonmu isih ajeg kaya biyen wae.”

Kristianto, tanpa rinasa lambeku nge­ja jeneng kuwi. Eling wewentehan yen paraga kuwi wis tau mampir ing atiku. Ning emane katresnan sing wis ngrem­baka kuwi diosak-asik wong tuwaku, ba­pak dalah ibu ora sarujuk aku sambung tresna klawan Kristian. Awit kala semana Kristian pancen isih rekasa, urip saparan-paran minangka seniman lukis sing du­rung duwe jeneng.

Bapak wis duwe pilihan kanggoku, Gu­tomo, sing saiki dadi sisihanku. Aku nger­ti yen Gutomo seneng karo aku. Mu­la dening bapak banjur dijodhokake pi­san, kathik Gutomo mono anak pejabat. Rabiku mung kanggo kapentingane ba­pak, supaya pro­yek-proyeke bapak  mulus.

Perih rasane ati iki nalika prakara mau dakcritakake Kristian. Dheweke na­ngis ke­lara-lara, nelangsa. Wekasane Kris­tian bisa nampa pawadane bapak ang­gone ora sarujuk aku gandheng klawan dheweke. Wiwit kuwi dheweke ngadoh, sesam­bunganku pedhot.

Sidane aku diningkahake entuk  Guto­mo. Wis limang taun iki aku omah-omah lan pinaringan momongan siji. Pancen ragaku takpasrahake marang Gutomo, ning ati lan tresnaku tetep kanggo Kris­tian. Aku isih eling nalika pepisahan bi­yen, Kristian kandha, “Sawitri, seksena­na,  aku bakal mbuktekake yen bisa dadi uwong merga lukisanku.”

 Saiki Kristian teka nggawa bukti iku. Dheweke teka ing kuthaku minangka pe­lukis kondhang kang wis nganglang do­nya. Eman, bapak lan ibuku wis seda, ora bisa mirsani Kristian sing wis sukses.

Dakwaca koran esuk kuwi nganti ta­pis. Ing kono ngemot fotone Kristian pi­nuju nggelar pameran. Uga riwayat uripe kang pait dicritakake tuntas. Dheweke mongkog merga wis kasil nggawa jene­nge negara liwat donyaning seni lukis ing njaban rangkah.

Kaya ana kembang megar ing atiku, rasa tentrem sumusup ing kono. Kabeh lelakon nalika pacaran karo Kristian bali kumledhang. Aku kepengin mbaleni, aku kepengin kasmaran maneh. Edan, edan te­nan, geneya aku……………

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang mbisu iku “luwih becik” katimbang wong kang guneman ala.

Klik

DOLANAN JAMAN KAWURI

Isih kelingan dolanan kaya ngene iki? Mesthine ing antarane para maos kang wis ‘yuswa’ isih padha kelingan ya. Balapan ban bekas mujudake dolanan jaman kawuri. Seru, murah lan nyenengake. Yuk nostalgia kanthi dolanan nyenengake ing jaman biyen iki yuk… (d/ist)***

Pethilan

E-dagang rame, ritel konvensional rontok

Blanja mung kari klik

Pelajar perlu diajak lunga menyang museum

Aja menyang mal wae…

Sumpah Pemuda dipengeti

Indonesia siji, dudu sing liyane