Surabaya Jaman kepungkur (2)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Sejarah - Dibaca: 9 kali

Dadi tolken

Mula VDMB mbutuhake juru bahasa, tolken, utawa interrogator (mata-mata, intel, agen) sing bisa ngerteni lan ndeleng kahanan ing Su­rabaya lan sakiwa tengene. Nonoman No­lan sing berbakat mencla-mencle nanging cerdhas, kebak inisiatif lan duwe kepinteran intelejen, uga ngaweruhi psikologi massa, melu ndhaftar. Kredensial jenenge (Nolan, Indo) lan sabotasene ing jaman Jepang mbantu oleh panggonan minangka “tolk”.

Dheweke kapilih ngepalani seksi interrogator, nanging sawayah-wayah uga bisa utawa kudu, menyang front kanggo nde­teksi rencana gerak “Extremisien utawa Terroris” (Kurang ajar. Dheweke nyebut TNI utawa Gerakan Pemuda kanthi sebu­tan sing degrading ngono iku). Dheweke dadi anggota Mariner, sing mengkone dimelokake nyerang Pasirputih waktu Clash I 21-07-1947. ing kene Nolan (lan uga ang­gota Mariner liyane) dadi “tuan” marga Badan Perjuangan lan TNI durung kuwat lan durung terkoordinasi temenan. Nolan nderbala merga oleh kapitayan saka ndhu­wurane sing totok kanggo tumindak apa wae sing dianggep gegandhengan karo intelejen (pirsanana kaca 2 316 et subs). Dheweke sing manut anggepanku “gedhe ndhase”, duwe kesenengan nembak jarak dekat (ora kurang saka wong 100 ditem­bak “tultis”, saka cedhakan. Ing antarane ana “kiyai”, petani, pegawe pabrik lsp). Saka cathetane katon yen dheweke uga oleh bantuan saka warga Indonesia sing kena diarani dadi kolaborator. Sabenere ora kurang pentinge kanggo dicathet lan di­tlusuri jenenge, “TNI” utawa “pemimpin agama” sing berkolaborasi. Kedadeyane cetha kanthi acuan panggonan lan tanggal dening Nolan, mula sejarawan Indonesia (yen ora ewuh pekewuh) bisa nulis sejarah kanthi luwih rinci demi pengungkapan fakta perang kasebut. Ora kok kanggo nggoleki kesalahane uwong merga latar belakang kondhisi nyata uga kudu disadhari. mesthi wae perlu dielingi yen bisa uga akeh saka wong-wong mau wis seda, nanging manut cathetane Nolan, rata-rata umure wong-wong mau nalika diinterogasi isih kira-kira umur 20 . Yen ora salah van Pagee (Warta­wati Landa, taun 2015 artikele tak duweni, BHt) kasil wawan rembug peserta perang kasebut sing isih umur 76 taun, kanthi pi­kiran sing wening. Kabukten akeh ing an­tarane, demi pangan lan keamanan melu-melu dadi kolaborators Landa. Ironise, wong-wong iku mbesuke uga nyekel atri­but veteran RI. Iki uga bisa ditlusuri. Ma­salahe, manut pikirane para Mariner, sing diadhepi yaiku konflik kekerasan senjata, ora mung sekedhar perang.

Alasane Nolan ndhaftar marang mariner ing Surabaya, manut pengakuane “ik ga wraak nemen voor wat zijmij en vele auderen hebben aan gedaan (nyebut pe­ju­ang kamardikan kanthi sebutan “barbaar” iku salah lan kejem. Nanging ing awal perang kamardikan iku akeh Landa totok, Indo, diprajaya, prawan Landa diperkosa. Mula nganti drajat tinamtu sebutan “bar­baarse pelopor” mung kena diucapake secara diskriminatif, mung ditujokake marang sing salah, ora kabeh pejuang tumindak kasar lan salah). Sateruse, soke Nolan, “ Ik ga opofferen voor Vosrtin (wek­tu iku Wilhelmina, sing gambare tansah gumantung ing kamar omahe ibune) en vaderland (lucu, merga dheweke sejatine lair lan digedhekake ing Indonesia, dudu ing negara adhem kana). Dheweke mateni tentara Jepang akeh (kanggo balas dhen­dham) sing melu berjuang ing pihak RI  (pir­sanana upama kaca 327). Jasa-jasane sing memverhoor (menginterogasi) TNI, nganti akeh rencana TNI gagal, njalari entuk ja­batan (ing umur 22 taun)minangka Mariner kinormat lan didadekake  Kepala Bagian van de afdeling Verhoor van Gevangenen. Kesuksesane dibantu karo rupane (rada kecina-cinaan) lan pintere basa Indonesia, Jawa, Madura lan nguwasani psikologi massa wong Jawa.

Dheweke ngakoni (kaca 334) “wij tol­ken, die inhet land waren geboren en ge­togen en dus de mentaliteit van de Indo­nesiers door en door kenden, de talen en hun gewoontes kenden, waren inde troe­ven in de handen van de Marine brigade.... wist ik vrij nauwkeurig de verdachte perso­nen uit dan nijverige volkje te halen. Pa­ngertene iki njalari dheweke kuwawa na­han mbok-mbok sing dodolan nang pasar nanging dikongkon nggawa granat lan senjata dening TNI, supaya dipasrahake marang kanca ing kutha. Ing pasar utawa ing panggonane wong tani dheweke kasil nangkep sing nggawa senjata, sing sabe­nere mung kongkonan, berkat intelegen­siane. Kanggo cathetan taun 2017 saka penulis iki, ketajaman olah pikir kaya para “tolk” iki perlu dikuwasani dening anggota Detasemen 88 lan para intel POLRI supaya bisa nahan pesuruh-pesuruh, sing dudu kabeh anggota teroris. Wong-wong mau mbokmenawa mung “ketitipan” kanggo nylundhupake bahan peledak. Contone, ketangkepe penyelundhup saka pitiduhe sawijining kepala desa (kaca 362) ing desa Ardjasa, mesthi kanthi gampang wong bisa nggoleki lurah taun 1947 iku kanggo dida­dekake bahan “sejarah”. Kebutuhan dhu­wit lan kalodhangan sajake sok nyawiji ngun­tungake para “tolk” iku merga keku­rangan fasilitas ing pedhalaman RI meksa para opportunis nggunakake sawernane kalodhangan kanggo dadi kolaborator lan nguntungake dheweke.

 

Pengalaman-pengalaman

Pengalaman lucu : sawise kasil nangkep akeh penyelundhup senjata lan ngobrak-abrik wewadine perjuangan (RI), Nolan bebarengan karo sawetara Mariner totok, diwenehi cuti kanggo berlibur ing Pulo De­wata (bali), kanggo rekreasi. Wektu sema­na pancen surga dunia. Lucune, sawise bali saka berlibur, kabeh milisien kudu mlebu “Puskesmas” kanggo disuntik tenaga medis supaya “spuit injeksi 606” siap nyubles bokonge totok-totok mau lan diwenehi sal­versaan utawa pil liyane. Para dokter dike­rigake (ing Surabaya) kanggo ndeteksi ana­ne penyakit kelamin sing mbokmenawa katut merga pergaulan bebas ing Bali. Sapa wae sing wis ketaman langsung mlebu rumah sakit. Pancen ngguyokake, aweh pelajaran semono ngati-atine tentara iku njaga kasarasan anak buahe sing kudu perang. Ing Denpasar kedadeyan insiden. Marine sinyo totok (umur 19 taun) keme­cer weruh payudarane prawan Bali sing endah lan isih bukaan) lan pengin ngremes. Nanging priya Bali pidegsa ing jejere lan nggawa golok ora ngolehi. Bejane si Mariner mudha mau ora sida kena bacok merga diayomi Nolan sing nggawa senjata MI.

Pengalaman unik liyane, kalebu per­siapan aksi militer Clash I, bisa dipirsani ing kaca 346 et subs. Ing dhaerah Jember, cedhak perkebunane mbah kuwalone, dhe­weke ngendhus anane apus-apus. Ana sa­wetara “kiyai” ngandhakake “ora tedhas tapak paluning pandhe”. Dheweke bisa mbukak pengkhianatan iku lan diakhiri kanthi penyelametan saweneh pemudha sing tanpa mikir dawa ndherek dhawuhe tanpa logika, kejaba suci uga ora bisa dipa­teni nganggo bedhil. Saweneh “kiyai” lan sawetara “pengkhianat” sing diinterogasi bisa diwaca ing kaca 377 et subs.

Aku ora arep ngulas luwih akeh maneh. Roman iki menarik kanggo sing melu ber­juang ing Jawa Timur, apamaneh wong-wong sing wis nggagapi bakal anane se­rangan militer II, 25 Desember 1948. Ing perang iku kabukten tenan kesiapan pejuang RI, senajan diganggu dening para pengambil bebathen (Sabarudin, upa­mane) lan TNI, sing berdhisiplin mbelani tanah wutah getihe. Nolan dhewe, wong sing yakin temenan yen uripe sateruse mbesuk ora ing dhaerah tropis iki (maklum, akeh kelakuane sing ora apik), nanging ing Nederland. Dheweke beja oleh surat bebas tugas sing nyenengake lan njurung apli­kasine kanggo ngolehake kewarga nega­raan Landa. Nyedhaki Clash II status “Ne­derlands Onderdaan” ditampa bebarengan karo pembubaran Brigade Marine (ing kene digambarake kanthi gamblang, akeh Landa totok sing nangis). Ing awal 1950, dhe­weke wis ngidak ing “tanah wutah getihe” sing anyar (kaca 467, lst), kamangka akeh para pemudha nggoleki Nolan ing omahe ibune ing Surabaya. Sadurunge budhal dheweke ngucapake sugeng pepisahan marang ibu lan mbakyune kanthi nre­nyuhake (kaca 45). Akeh sing dikandhak­ake ibune kanggo sangune uripe sing bener (kerja sregep lan irit kanggo urip tembe mburine ing negarane “uwong”). Nanging sawijing pesen sing ora disarujuki penulis yaiku “aja ngrabi wong Indo, sebab ora bisa dipercaya” ( dikandhakake ibune bola-bali, kaca 349, lan diambali maneh nalika pepisahan). Bisa uga adhedhasar pengalaman ibu Sie Swan Nio pesen :”om nooit een Indisch meisje te trouwen, omdat die Ini en ontrouw waren ? Maca iki aku kandha “bull shit”

Nolan uga nyekseni penurunan gendera merah putih biru, ing ndhuwur Hotel Ora­nje, lan ngrasa eram karo kekendelane Pe­mudha Indonesia sing ngerek Sang merah Putih nggenteni si tiga warna. Dhe­weke uga seksi urip saka “kereta maut” Bon­dowoso, sing ndadekake pejuang 46 mati kekurung jroning gerbong ketutup (pirsa­nana Ad van Liempt 1995 : dde Lij­ken­trein). Ana bab siji sing dheweke protes (pe­nulis sarujuk) nalika ketemu karo van Mook, karo van der Plas lan Jendral Spoor, ing bengi sadurunge pe­ngadilan Militer ing Surabaya: ”als militair ben je slechts instrument van politici”. Ban­dung medio Juli 2017.*

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)