Nyegah Polusi sarta Pencemaran Segara lan Lingkungan
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Pangudarasa - Dibaca: 28 kali

Saben uwong, ing kutha, ing karang padésan, sugih utawa mlarat, kabèh mesthi ngasilaké uwuh, larahan utawa sampah. Ing padésan, sampah organik bisa dadi pupuk, senajan ana uga sing banjur diobong, nanging uga akèh sing dibuwang ing kali. Ing kutha, sampah padha dikumpulaké lan dibuwang déning petugas, akhiré dibuwang ing TPA (Tempat Pembuangan Akhir). Nanging tetep waé ana uwuh sing dibuwang sembarangan ing kali, lan tundhoné ndadèkaké masalah: bumpeté saluran banyu, banjir lan sing paling akhi: kèli menyang laut, dadi polusi laut. Sampah, barang buwangan sing wis ora kanggo, nanging dadi masalah gedhé sing bisa mbebayani.

Kepungkur, wong blanja padinan ing pasar tradhisional, bu­dhalé nggawa kranjang kothong. Barang blanjanné dibungkus godhong jati, godhong gedhang lan kertas. Saiki, wong budhal blanja tanpa nggawa kranjang. Mulihé nggawa tas kreseg gedhé isi barang sing diwadhahi tas kreseg cilik-cilik. Asil sampahé: tas kreseg plastik lan bungkus barang weton pabrik sing racaké di-gawé saka plastik manéka warna lan regané sok malah luwih larang timbang isiné. Sawetara wektu kepungkur, naté ramé dirembug bab tas kreseg iki, nanging saiki wis kita lalèkaké tan­pa tilas.

Sing saiki dadi perkara, segara lan lingkungan urip kita wis ter­cemar saka polusi plastik lan logam berat, sing lingkup lan dham­paké nggawé miris. Logam berat mau, yaiku merkuri, mligi­né sing asalé saka tambang emas skala cilik. Polutan iki sawisé mlebu segara, dipangan mikroba laut, saterusé makhluk cilik-cilik iku dikonsumsi déning kerang, urang lan iwak cilik, te­rus dipangan iwak segara sing luwih gedhé manut ranté pa­nganan, akhiré tekan pangané manungsa.

Susi Pudjiastuti, salah sijiné mentri ing kabinèt kerja sing pa­ling onjo lan kasil ngopèni iwak laut kita wis kanthi tegas ngu­sir lan ngèremaké kapal-kapal nelayan manca sing nékad nyolong iwak-iwak segara kita. Akibaté positif, tangkepan iwaké para nelayan kita mundhak akèh. Warga Nuswantara dioyak-oyak supaya dhahar iwak laut kanggo nambahi asupan gizi. Nanging ironisé, warga diajak dhahar iwak segara sing terkon­taminasi polutan laut. Yayasan Mediscus nyebutaké, merkuri sing mencemari segara terakumulasi nganti tikel ping 10.000-né ing iwak predator sing luwih gedhé. Yèn kita dhahar sing ngandhut merkuri, zat mbebayani iki bakal terakumulasi ing badan. Pengaruh èlèké lagi muncul 5 – 10 taun candhaké, bisa wujud gangguan emosional nganti system syaraf lan dhampak-dhampak liyané.

Kejaba merkuri, laut kita uga tercemari plastik, wiwit ukuran gedhé, cilik nganti cilik banget. Indonesia dadi negara nomer loro sawisé China minangka pembuwang sampah plastik paling gedhé. Kaya merkuri, plastik uga mlebu ing rante makanan. Bab iki bisa katon saka anané plastik jroning iwak lan kerang sing didol ing tempat pelélangan paling gedhé ing Makasar. Temuan iki wis terpapar ing komunitas internasional werga wis dimuat ing jurnal ilmiah Inggris, Nature.

Plastik saliyané ngeculaké senyawa bencana, uga gampang ngiket bahan pencemar beracun sing bisa njalari kanker (kar­si­-no­genik), mutasi genetik lan rusaké embrio. Bab iki njalari rugi-né ekspor kita, awit akèh sing ditulak negara-negara Uni Ero­pa lan AS, merga anané cemaran logam berat, mikroba pato-gen, residu histamin lan obat hewan. Kejaba secara ekonomi, kita uga rugi merga ana prabéya kasarasan minangka akibat ngonsumsi iwak sing wis terkontaminasi.

Masalah sing uga nrenyuhaké, polutan laut logam berat lan plastik uga ngrusak lingkungan. Mula kita ora kena nglirwakaké polutan laut iki. Ora mung negara, masyarakat lan indhustri kudu berperan lan nduwé tanggung jawab gedhé. Yèn indhustri lan tambang emas kena disebut dadi urusané pemerintah; masyarakat beciké aja mbuwang sampah plastik sembarangan. Becik banget yèn kita bali marang pola lawas, nggunakaké godhong jati, kertas lan godhong gedhang dadi pembungkus blanjan; gampang bosok lan ora dadi polutan ing segara. Se-najan porsiné saben uwong iku mung cilik, nanging yèn sanega-ra ya bakal dadi gedhé lan akèh, ndadèkaké polusi sing mbeba-yani, ngeres-eresi lan mrihatinaké.

(MW)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)