Mangerteni Dhodhok Selehe Takdir Miturut Syar’I (12)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 14 kali

(Ananging mugi ngupadasa Akhirat kalayan kamulyan (kebahagiaan) ingkang sampun kaparingaken dening Allah dhumateng sampeyan. Ewa semanten sampun nilar ing bageyan sampeyan ing donya ……” (Q.S. Qashash (28):77).

(13). WERDINE TUMEKENG PATI

Tumekeng palastra (mati) iku mu­judake samubarang kang sinandi (ghaib), Sing paling agung ing dalem panguripane manungsa. Kita, cetha ora mangerteni kapan bakal tumekeng ing pati (mati) lan maneh ana ing kahanan kang kepriye. Sing cetha kita bakal nga­lami mati. Saliyane iku, mati iku mu­judake samubarang kang durung  mes­thi, kalebu kepriye carane mati lan kapan tumapaking pati iku. Dadi sing cinathet ana ing Lauhul Mahfudz iku, carane kita bakal mati. Saben-saben jiwa bakal na­paki kematian (kullu nafsin dzaiqatul maut…), embuh kapan wektune lan ka­lawan cara apa. Kematian bisa wujud apa bae, sing bakal kelakon. Upamane krana lara jantung koroner, penyakit kan­ker, kacilakan, lampus dhiri lan liya-liya­ne. Tuwuh pitakonan, apa Kitab Lauhul Mahfudz iku uga wus nyathet wektu lan­caran kita tumekeng pati wiwit dhisik? Upamane mati gantung nalika umur 25 taun, mati kacilakan lan liya-liyane. Ka­beh mau kathi cara apa bae lan wektu kapan bae. Wektu lan cara tumapaking pati iku bisa kita pilih mawa (kanthi cara) upaya (usaha) sing kita tindakake sasu­wene urip. Arep mati lampus diri, kacila­kan, dihukum gantung lan liya-liyane. Sanajan ta asile sing  mesthi  Allah sing netepake.

Yen dipikir, kematian mono mujudake dalan sidhatan (resultante) saka ma­yuta-yuta kang bakal dumadi. Wusanane ditetepake dening Allah, lelandhesan karo sipat Qudrat lan Iradat (kekuwasa­an lan kehendak) Allah. Supaya luwih ce­tha, ing ngisor iki diaturake ayat-ayat sing ana gandheng cenenge karo tuma­paking pati, mangkene maksud dhawuhe Allah:

“Sira padha manggon ana ngendi bae, mesthi sira bakal kecandhak dening pati, sanajan sira ana ing sajerroning gedong kang santosa. Manawa wong-wong mau pikoleh kebecikan, padha ngu­cap “Iki kebecikan tekane saka ngarsa­ning Allah.” Dene manawa dheweke iku kataman ala, dheweke padha ngucap “Dene ala iku saka sira Muhammad. Dha­wuhe sira Muhammad! Kabeh-kabeh iku terang saka ngarsaning Allah. Apa se­babe, dene wong-wong mau meh padha ora ngerti cacaritan (nasehat sarta pite­dahing agami) dhawuhing Al-Qur’an.” (Q.S. An-Nisaa (4):78).

Ana ing ayat liya uga diterangake, ma­nawa ora ana wong siji-sijia sing ngerti ana ing papan ngendi bakal tuma­paking pati. Malah upaya sing ditin­dakake sarta kedadeyan apa bae sing bakal dumadi dina sesuk, kita uga ora mangerteni. Dhawuhe Allah mangkene maksude:

“Sanyata mung Allah  piyambak sing kagungan ilmu dina Qiyamat. Lan Panje­nenganE kang nurunake udan (saka langit). Lan PanjenenganE iku Nguni­ngani (Ngawuningani) apa kang ana ing sajeroning (rahim) wong wadon. Lan (ora ana) sawijining badan kang sumu­rup apa kang dilakone sesuk, lan sawiji­ning badan ora sumurup ana ing bumi ngendi dheweke bakal tumekeng ing pati. Sanyata Allah iku Nupiksani.” (Q.S. Lukman (31):34).

Kanthi mangkono bisa diaturake wek­tu tumekaning pati iku ditetepake dening Allah binarung  (seiring) karo lumakune wektu iku. Iki bisa dipriksani ana ing sawatara ayat kang katur ing ngisor iki:

(a). “Bareng Ingsun wus mutusake marang Sulaiman, ora ana kang nuduh­ake patine Sulaiman, marang para jin, kajaba rayap kang ngrikiti tekene, yaiku nalika Sulaiman ambruk, jalaran tekene gropok dipangan dening rayap. Para jin mau lagi padha sumurup, yen tetela sa­upama padha ngerti marang barang ghaib, mesthi dheweke jin ora padha te­tep ana ing siksa kang abot. (QS. Saba (34):14).

Maksud kang kinandhut ing ayat ka­sebut ndhuwur, manawa wektu pene­tepan kematian iku, binarung (seiring) karo lumakune wektu sarta (uga) bina­rung karo panguripane Nabi Sulaiman. Tegese, ora krana ditetepake wiwit Nabi Sulaiman durung lair. Trep karo dhawuhe Allah, mangkene maksude:

(b). “Allah mundhut nyawane awak, nalika awak iku mati lan ngasta nyawane awak kang durung mati, nalika turu. Pan­jenenganE nahan nyawa kang wus pinasthi mati. Sarta nglepasake nyawa liyane nganti tumeka ing wektu kang wus katemtokake. Satemene kang mangkono iku dadi tandha yekti kanggo wong-wong kang gelem mikir.” (QS. Az-Zumar (39):42).

Makna ayat ing ndhuwur, Allah wus kepareng nyandhet (nahan) jiwane wong-wong sing wus ditetepake ajale. Tegese, sing wus tumapak nalika saka­ratul maut, amarga kahanane wus ba­nget ringkihe (ora tahan urip), wus titi mangsane, wus tumapak ajale. Hiya nalika wus ora duwe daya maneh kang­go usaha nylametake nyawane. Kadi dene sing kaemot ana ing ayat ngisor iki:

(c). “Lan Allah ora bakal paring inah marang wong-wong kang manawa wus teka (tumapak) mangsa patine. Allah iku Maha Waspada marang kang sira padha lakoni.” (QS. Al-Munafiquun (63):11). Sa­banjure ayat ing ngisor iki uga nuduh­ake, manawa Allah kepareng netepake ajal alias kematian iku binarung (seiring) karo upaya lan wektu. Priksanana ayat ing ngisor iki, mangkene maksude:

(d). “Panjenengane Allah iku wus ni­tahake ing sira kabeh saka lemah, tumuli PanjenganE (karsa) nemtokake wektu­ning matinira. Lan wektu siji maneh, ya­iku rusaking jagad raya, uga wus katem­tokake ana ing ngarsaning Allah, nanging ora kabeh teka (kok) isih padha ma­mang.” (QS. Al-An’Aam (6):2).

Nanging pituduh babagan kematian iku, migunakake tembung Qadar, krana mung nuduhake cara (modus) kematian. Tegese, Allah netepake kematian sawijining pawongan iku kalawan kapasitas umur tinamtu. Upamane pawongan iku mesthi ngalami kematian (pantog) umur 70 taun, tanpa nerangake urutan wektu lan cara. Dhawuhe Allah mangkene maksude:

(a). “Ingsun wus (kepareng) nemtokake patinira kabeh, lan Ingsun ora bakal kekilapan.” (QS. Al-Waqi’ah (56):60).

(b). “Ingsun banjur nurunake marang sira katentreman sawuse kesusahan, yaiku marang segolongan saka sira, padha liyep-liyep ngantuk. Dene segolongan liyane padha katungkul (mentingake) marang awake dhewe). Lan padha nduweni panyana kang ora sabenere marang Allah, kaya pangirane wong jahiliyah. Dheweke padha ngucap: “Tumrap kita ora diparingi wewenang nemtokake bab perkara iki (kalah menang ing palagan). Dhawuha sira Muhammad! Kabeh perkara iki ana ing ngarsanE. Dheweke padha nyidhem ana ing sajerone atine, barang kang ora dilairake marang sira. Dhweke padha celathu “Saupama kita iku padha nduweni wewenang bab perkara mau, mesthi kita ora bakal dipateni ana ing palagan kene iki. Dhawuha sira Muhammad! Sanajan ta saupama kowe kabeh iku ana ing omahira dhewe, wong kang wus tinakdirake mati saka ing antaranira, dheweke mesthi metu marani papan patine.” Lan maneh Allah karsa neter barang kang ana ing sajerone atinira (bab ikhlas lan orane), lan uga karsa mijekake barang kang ana ing atinira. Allah iku ngawuningani apa bae kang ana ing sajeroning ati.” (QS. Ali Imran (3): 154).

Ayat ing ndhuwur iku kalebu ayat sing kerep dipahami sebagean-sebagean, manawa ketemtuan pinaten (terbunuh) iku ditemtokake tanpa sebab akibat, amarga Allah (kepareng) paring dhawuh, sanajan ta ana ing sajeroning omah. Lha yen wong iku ditetepake pinaten (terbunuh) dheweke iku bakal mati  uga ing papan matine. Kabeh mau mujudake urusan utawa wewenange Allah, krana Qodrat lan Iradat (kehendake) Allah.

Supaya dimangerteni, ayat iki diterusake ing ayat candhake, manawa kekalahan lan pinaten (terbunuhnya) kaum ana ing palagan Uhud, iku kabeh krana kesalahan umat Islam dhewe, kang binujuk (tergoda) dening trekahe (paekane) setan. Krana pasukan  nalika semana ora manut (ta’at) marang dhawuhe Njeng Rasul (Rasulullah). Dhawuhe Allah, mangkne maksude: “Ana dene wong kang padha mlayu saka sira, ana ing campuhing palagan antarane golongan loro iku, padha diplesetake dening setan kalawan sawenehing barang kang wus padha ditindakake. Allah wus kepareng paring pangapura marang wong-wong mau. Sanyata Allah iku Maha Ngapura sarta Maha Aris.” (Q.S. Ali-Imran (3): 155).

(Ana Candhake)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)