Pasiraman Dlepih, anggo Tapa Kungkum Leluhur Mataram
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Pasujarahan - Dibaca: 26 kali

Keraton Ngayogyakarta Hadiningrat, saben setaun pisan dipesthekake ngadani ritual labuhan.  Ritual labuhan sing diadani setaun pisan iki asring sinebut labuhan alit. Kejaba ngadani ritual labuhan alit, Keraton Nga­yogyakarta uga ngadani labuhan liya, yaiku labuhan ageng, sing diadani se­windu sepisan.

Menawa ing taun-taun tinamtu  dia­dani labuhan ageng, mula ing taun ka­sebut ritual labuhan alit ora diadani. Sing mbedakake antarane labuhan alit lan labuhan ageng yaiku ubarampe sing dila­buh lan panggonan kanggo ritual labuhan. Labuhan alit diadani ing telung pang­gonan, yaiku Pesisir Parangkusuma, Gu­nung Merapi, lan Gunung Lawu. Dene labuhan ageng diadani ing patang pang­gonan, yaiku Pesisir Parangkusuma, Gu­nung Merapi, Gunung Lawu, lan ditambah ing petilasan Dlepih Kahyangan, Wonogiri.

Lha, geneya kok papan sing sinebut pungkasan iki minangka papan ritual la­buhan ageng, mbok menawa crita lan sejarah ing ngisor iki bisa nambahi ka­wruh sethithik. Perlu kawuningan, Peti­lasan Dlepih Kahyangan iki nggembol sejarah mlgi, yaiku gegandhngan  klawan para leluhur Keraton Mataram. Menawa dirunut sejarahe, petilasn iki jaman biyen wis tau dadi papan semedine para leluhur Keraton Mataram, ing antarane yaiku papan semedine Panembahan Senopati, Sultan Agung, lan Pangeran Mangkubumi. 

Miturut crita sing dipercaya, nalika Panembahan Senopati arep madeg dadi Raja Mataram, panjenengane  satemene mangu-mangu, rumangsa ora pantes da­di raja. Mula, kanggo mantepake ati, ban­jur semedi ing Dlepih Kahyangan. Papan iki dipilih amarga Sunan Kalijaga uga tau nenepi ing kene.

Wusanane, nalika semedi, Panembah­an Senopati rumangsa ana suwara gaib sing ngandhakake, dheweke wis sames­thine dadi raja. Krungu suwara gaib mang­kono kuwi, atine dadi manteb. Wektu kuwi, Dlepih Kahyangan wujude isih alas gung liwang-liwung. Alas kuwi ing tengahe ana kaline, yaiku Kali Wiraka utawa kali Dlepih, lan ana  uga curuge.

Ing sisih kiwa lan tengen kali, akeh watu-watu gedhe sing sumebar ing sada­wane kali kasebut. Ing jero alas Dlepih Kahyangan iki, ana maneka petilasan sing saiki banget dikeramatake dening Kera­ton Kasunanan Surakarta lan Kasultanan Ngayogyakarta. Ing antarane yaiku Sela Gilang, Sela Payung, Sela Gapit, Sela Be­thek, lan Kedhung Pasiraman.

Miturut katrangane juru kunci Dlepih Kahyangan, Mas Ngabei Surakso Hargo, jeneng Kahyangan iki satemene wis ana suwe sadurunge Panembahan Senopati semedi ing kene. Sadurunge kuwi, Kah­yangan wis digunakake semedi dening para brahmana utawa begawan, klebu uga ksatria saka Majapahit. Mas Ngabei Surakso Hargo nambahake, peziarah sing teka biasane ngadani ritual ing papan-papan sing diantepi. Salah sijining papan sing paling disenengi peziarah yaiku Ke­dhung Pasiraman.

Kedhung Pasiraman wujude blum­bang gedhe, banyune sumbere saka tem­puran curug. Miturut juru kunci, Kedhung Pasiraman iki jaman biyen wis tau dadi papan kungkume Panembahan Senapati. Anggone kungkum nganti makaping-ka­ping, wusanane  Panembahan Senopati kasil nembus alam gaib lan andhon as­mara klawan Kanjeng Ratu Kidul. Ana­nging, nalika lagi andhon asmara kuwi, ora kanyana ana priya sekti sing tanpa sengaja teka. Priya kuwi asmane Kyai Puju sing lagi nggoleki garwane.

Rumangsa keganggu anggone an­dhon asmara, Kanjeng Ratu Kidul wu­sa­na­ne kesusu lunga, ananging tanpa sengaja tangane medhotake tali tasbeh sing ana ing gulune Panembahan Seno­pa­ti. Amarga taline pedhot, tasbeh-tas­beh kuwi padha kecemplung ing Kedhung Pasiraman.

Papan tibane tasbeh-tasbeh mau, tekan saiki isih ditekani peziarah sing mbu­ru kamulyan. Para peziarah lila tapa kungkum awan bengi kaya sing dilakoni Panembahan Senopati jaman biyen. Sapa ngerti, mangkono batine, menawa beja bisa nemu tasbeh sing keramat kuwi. Emane, karana kurang petung, ritual tapa kungkum ing Kedhung Pasiraman iki akeh njaluk nyawa.

Peziarah sing apes nasibe kasebut ke­gawa banyu nalika kaline banjir. Sok ngo­noa, senajan wis ana korbane, peziarah tetep ora kapok. Saben dina ana wae sing mburu kamulyan ing Dlepih Kahyangan iki. Kaya sing dialami peziarah loro warga Pacitan, Jawa Timur. Loro-lorne ditemok­ake wis tiwas sawise kungkum ing Ke­dhung Pasiraman.

Dicritakake, nalika peziarah saka Pa­citan kasebut kungkum, jerone banyu mung sakwudel. Ananging ora kanyana, iline banyu dadi banter, karana ing kali ndhuwure udan deres. Iline banyu kase­but banjur nyeret peziarah loro kasebut. Nyawane ora bisa diselametake. Sing siji keseret adohe 400 meter, lan sing sijine 1,5 kilometer saka Kedhung Pasiraman.

“Kita kudu waspada lan ora oleh sem­brana. Amarga, kabeh papan ing Dlepih Kahyangan iki angker, klebu uga Kedhung Pasiraman kuwi,’’ ujare Mas Ngabei Su­rakso Hargo wanti-wanti.

Kejaba peziarah loro ing ndhuwur, na­sib apes uga dialami dening salah siji­ning mahasiswa Universitas Negeri Se­marang. Prastawa iki kedadean kurang lu­wih 16 taun kepungkur. Embuh amarga apa, mahasiswa kasebut kepleset lan ke­cemplung ing Kedhung Pasiraman Kah­yangan. Mahasiswa asal Semarang ka­se­but satemene mung plesir. Ananging gandheng apes, nalika munggah ing kedhung, dheweke keplesed lan ke­cem­plung ing kedhung sing banyune banjir. Nyawane uga ora ketulungan.

Kejaba Kedhung Pasiraman sing wis njaluk korban kasebut, ing Dlepih Kahya­ngan uga isih ana maneka petilasan  liya sing ora kalah gawate. Mas Ngabei Surak­so Hargo njlentrehake, petilasan sing ana ing Kahyangan iki umume wujude watu utawa sela. Ing antarane yaiku sela gilang utawa asring sinebut Sela Pesalatan.

Sela Pesalatan iki wujude mung watu biasa, papane ing tengah alas sisih kidul. Miturut sejarahe, ing Sela Pesalatan iki Panembahan Senopati utawa Sultan Agung nglakoni salat saben teka ing Dle­pih Kahyangan. Sela Pesalatan uga diper­caya papan kanggo patemon antarane Panembahan Senapati lan Kanjeng Ratu Kidul.

Sabanjure yaiku Sela Payung utawa Pamelengan. Petilasan iki wujude watu sing sisih dhuwur amba kaya payung, sa­engga bisa kanggo ngeyup ing ngisore. Papan iki sepi banget, sing keprungu mung gumrojoge suwara banyu saka cu­rug. Ing Sela Payung iki dipercaya papan semedine Panembahan Senopati lan Sultan Agung. Sela Payung kondhang banget kuwat daya magise, amarga ing papan iki dumunung pesanggrahane Nyai Wi­dya­nangga, lelembut sing nguwasani Dlepih Kahyangan.

Kejaba Sela Pesalatan lan Sela Pa­yung, ing Kahyangan iki isih ana maneh sing sinebut Sela Gapit utawa Sela Pa­nangkep. Petilasan iki mapan ing sisih lor Sela Payung. Sela Gapit iki wujude arupa watu gedhe loro sing jejer. Panembahan Senopati lan Sultan Agung menawa arep semedi ing Sela Payung mesthi ngliwati Sela Gapit iki.

Dene petilasan sing pungkasan yaiku sing sinebut Sela Bethek. Sela Bethek iki mapan ing sisih lor dhewe saka papan-pa­pan wingit mau. Ing Sela Bethek iki dipercaya Pangeran Mangkubumi semedi. “Sing tunggu Sela Bethek iki lelembut jenenge Nyai Puju, yaiku garwane Kyai Puju sing wis dadi ruh,” kandhane juru kunci.

Nalika ditakoni ing dina-dina apa pe­ziarah padha teka, Mas Ngabei Surakso Hargo njlentrehake, malem Selasa Kli­won lan Jumat Kliwon dina sing paling akeh dipilih kanggo ritual. Apa maneh malem 1 Sura, peziarah sing teka bisa 500 luwih. Umume para peziarah kuwi teka saka jaba Wonogiri, utamane saka Yogja lan Solo. “Ananging saka Jawa Ti­mur uga akeh sing tirakat ing kene,” im­buhe Mas Ngabei Surakso Hargo.

Menawa para sutresna PS kepengin mangerteni petilasan iki, persise, Petila­san Dlepih dumunung ing Desa Dlepih, Ke­camatan Tirtomoyo, Wonogiri, Jawa Te­ngah. Cara gampange, Petilasan Dlepih iki mapan udakara 47 km ing sisih Kidul Kutha Wonogiri. *** (Agung Hartadi)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang mbisu iku “luwih becik” katimbang wong kang guneman ala.

Klik

DOLANAN JAMAN KAWURI

Isih kelingan dolanan kaya ngene iki? Mesthine ing antarane para maos kang wis ‘yuswa’ isih padha kelingan ya. Balapan ban bekas mujudake dolanan jaman kawuri. Seru, murah lan nyenengake. Yuk nostalgia kanthi dolanan nyenengake ing jaman biyen iki yuk… (d/ist)***

Pethilan

E-dagang rame, ritel konvensional rontok

Blanja mung kari klik

Pelajar perlu diajak lunga menyang museum

Aja menyang mal wae…

Sumpah Pemuda dipengeti

Indonesia siji, dudu sing liyane