Gathutkaca Rajah (4)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Padhalangan - Dibaca: 79 kali

Petruk nuli nembang Dhandhanggula: Mula nora gam­pang wong akrami, amiliha wanita kang bisa, ginawe rowang uripe, sarana ngudi tuwuh, lan ngupaya kang sandhang bukti, wewila­ngane ana, catur upameku, yogyane den kawruhana, pisan  bobot pindho bebet ping tri bibit, kaping pat tatariman.

Papat iku ya uga akanthi, dhingin war­na kapindhone brana, ping telu kawi­bawane, papat pambeganipun, endi ingkang sira senengi, aja amung anga­wang, wekasan kaduwung, mana­wa milih wanodya, datan kena den mu­pakatken sesami, wuru neng karsanira.

“Kang Gareng lan kowe thole Ba­gong, tembang Dhandhanggula pada kapisan mratelakake manawa wong jejodhowan mono kajaba sedyane golek rowang urip bebrayan lan golek rowang ngupaya sandhang pangan, uga ana paugerane kang kudu dietung. Yaiku sing disebut bobot, bebet, bibit, lan tatari­man. Tegese tatariman kuwi wong loro lanang wadon yen wis jejodhowan kudu padha trimane lan narimane, ana keku­rangane lan kaluwihane kudu didhadha lan ditampa sarta dilakoni kanthi rila legawa. Dene pada kapindho mengku teges, sawise dipetung nyukupi wewaton bobot, bebet lan bibit, terus isih ana tetimbangane iya iku ayuning rupa, ka­pin­dho ndarbeni brana utawa kadonyan, kaping telu kasampiran drajat kawiba­wan, kaping pat pambagane utawa watak wantune utama utawa ora. Kabeh mau bakal dadi tetimbangane Ndara Gathutkaca, katampa apa ora pasuwi­tane kenya iki, Kang.”

“Cocog Truk! Mula mangko yen Ndara Gathut kuwi ora kersa nampa pasuwi­tane den ayu Wasitarukmi iki amarga kakehan analisa lan pertimbangan, luwih becik tak rumatane dhewe wae, takda­dekake nyonya Gareng. Piye Gong, kowe rak ya seneng ta yen duwe mbakyu ipe ayu ngene iki?”

“Weleh-weleh Kang Gareng, Kang Gareng, wong kok olehe ora nyebut. Kowe kuwi nduwe drajat apa lan duwe pangkat apa. Bentuk mukamu kuwi ke­piye? Kathik wanuh wani ngrasani wong ayu barang. Wong mbakyu Garengwati sing aneng ngomah wae kapiran sarwa kekurangan kathik neka-neka. Lha yen kanggone aku, yen den ayu Wasitarukmi iki ditampik Ndara Gathut, becike takpeke mantu wae, takentukke anakku si Bagongatmaja kae. Kepiye Rama Semar, rak ya mangestoni ta Ma?”

“Wis-wis aja padha clometan ora genah, becike ayo melu jumurung pan­do­nga, muga-muga sedyane den ayu iki bisa kasembadan, Tholeee.”

Durung kongsi menyat saka paleng­gahan wau Raden Abimanyu miwah…….

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang mbisu iku “luwih becik” katimbang wong kang guneman ala.

Klik

DOLANAN JAMAN KAWURI

Isih kelingan dolanan kaya ngene iki? Mesthine ing antarane para maos kang wis ‘yuswa’ isih padha kelingan ya. Balapan ban bekas mujudake dolanan jaman kawuri. Seru, murah lan nyenengake. Yuk nostalgia kanthi dolanan nyenengake ing jaman biyen iki yuk… (d/ist)***

Pethilan

E-dagang rame, ritel konvensional rontok

Blanja mung kari klik

Pelajar perlu diajak lunga menyang museum

Aja menyang mal wae…

Sumpah Pemuda dipengeti

Indonesia siji, dudu sing liyane