Pasugihan Budheng Dhingklang
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Alaming Lelembut - Dibaca: 154 kali

Kahanan mangsa wektu iki pancen angel diramal. Jaman rusak, jaman bubrah, jaman sing wis nyebal saka garis. Mangsa ketiga, nyatane udane ora leren. Among tani kerepotan njumbuhake owah-owahaning mangsa. Bubar gadhu karepe nandur palawija. Se­bab karo ngenteni tibane udan sasi No­pember, isih cukup yen kanggo nuwekake jagung, dhele, timun, semangka lan sa­bangsane.

Seminggu winih disebar, lha kok udan nggrojog ora leren-leren. Jagung, dhele, ti­mun lan semangka keblebeg banyu. Arep nyulami sing anyar wedi menawa diplung­keri ula banyu. Akhire lemah ditogake ngang­gur, bera ora ngasilake apa-apa. Wong tani ngaplo. Ana sing nekad nandur pari maneh. Ning yen nandure ora kaya tangga kiwa-tengene adhakane diserang ama, tikus, manuk lan liyane.

Petani ora ngrasakake asile ngolah sa­wah-tegal. Pasar minangka panggonan dol tinuku asil bumi melu sepi. Sepine pasar nda­dekake aku sakanca petugas retribusi alias tukang nyuwek karcis malih kerepo­tan netepi target pendapatan asli daerah.

Ngubengi kanca-kanca bakul kanthi klambi, clana, sepatu teles kebes, najan wis payungan. Bakul-bakul padha nggrundel ditarik retribusi merga daga­ngane ora payu. Satemah retribusi ora ndang dibayarake, kepara diutang dhisik merga dagangane durung kepayon.

Angele dhuwit mlebu kas dhaerah nja­lari kepala dinas kang kawogan cuwa. Tun­dhone asring muring-muring merga target kang diwenehake bupati mlesed. Petu­gas nyuwek karcis kaya aku ngene iki katut during-uring.

“Mas, kok nglamun, ana apa?”

Aku njenggirat merga pun­dhakku dicablek saka mburi. Pak Ponijan, kanca nyuwek kar­cis, wis ana sandhingku tan­pa dakweruhi tekane.

“Mboten nglamun, Pak,” wangsulanku rada nggragap.

“Kok kaya wong linglung, ana apa?”

“Jawah ngaten niki rak nam­bahi mboten sekeca ing manah.”

“Ora oleh dhuwit maksu­de?”

“Lha nggih, ta Pak.”

“Kuwatir diundamana ju­ragan?”

“Lha nggih niku ingkang marahi senep, Pak”

“Halah, Mas, Mas. Ngono wae dipikir, nyante wae.”

“Njenengan saged, Pak. Menawi kula, sekedhik kema­won juragan gemremeng, dalunipun kebekta tilem je.”

“Ra sah ngono. Mundhak ndang tuwa, gampang nekakake penyakit. Anak buwah kaya awake dhewe iki wis lumrah menawa disrengeni juragan. Yen ora gelem digre­neng, becike sampeyan ganti dadi juragan wae. Setuju?”

Aku ora semaur. Taksaurana ya ora ana guna paedahe, wong pancen………..

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saupamane wae kabagyan iku bisa dituku, mesthi wong-wong sugih bakal nuku kabagyan mau. Lan kita bakal kangelan oleh kabagyan ksb merga wis diborong wong kang sugih mau. Nanging tujune ka­bagyan kuwi anane mung ing njero  ati lan pikiran. Ka­bagyan iku mung bisa didu­weni dening wong kang pin­ter nindakake sukur.

Klik

ARIF WICAKSANA

Grengsenge mbabat alas kanggo kabutuhan pembangunan kanthi ngurbanake sakehing warna-warna ijo ing alam, pranyata isih ana uga kang gelem ngalah lan ngajeni banget marang ‘pabrik’ oksigen ksb. Iki salah siji contone, dimen nylametake wit siji-sijine, panggawene dalan nasional lila dienggokake. Dadi, ayo ndadekake wit-witan minangka karib kita, ing ngendi wae. (d/ist)***

Pethilan

Amandemen gumantung keputusan politik

Gumantung kepentingane uga

Koalisi padhadene ngenteni capres cawapres

Intip-intipan rupa lawas

Lobi-lobi politik saya kerep

Kasak kusuk, nyang-nyangan…