Dyah Kartikani (24)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Rakyat - Dibaca: 78 kali

Nanging bareng sang nata wis rumangsa eca ing sarira, niyate sumedya nggelar  andrawina amrih saora-orane sa­gung gotrah kraton sumrambahe te­kan para kawula padha sesukan. Pur­na ngandharake sedyane mau ma­rang para kang kawogan, sang nata nuli jengkar niyat bali ngasokake sa­rira murih sangsaya santosane raga. Nanging kadadak sinowanan dening tabib kraton Ra Tanca.

“Kowe arep nindakake apa kagem panjenengan ingsun?” pandangune sang nata.

“Kejawi badhe metegi sarira dalem, kula ugi ngaturaken jampi racikan ing­kang supados sarira dalem langkung sekeca, Sinuwun.”

“Yen ngono ayo sisan dherekna ing­sun manjing tilamsari,” pangajake sang nata.

Ing tilamsari sang nata nuli lukar busana kanarendran, banjur mapan sare mengkureb. Saka prigel anggone metegi Tanca, njalari sang nata ora mung kepenak ing awak nanging uga katrem anggone ngrasakake enaking pijetane, temah wola-wali keturon.

“Nyata sira pinter mijeti Tanca,” pa­ngalembanane sang prabu.

“Langkung sekeca malih sarira da­lem menawi sabibaripun kula petegi la­jeng ngunjuk jampi racikan kula,” ujare Tanca.

“Yen ngono prayogane menawa wis rampung anggonmu mijeti, ingsun dak­ngunjuk jamu racikanmu.”

Sawise ngrasa cukup olehe mijeti, Tanca ngaturake jamu racikane marang sang nata. Temah krana majasing jamu racikan iku, sang nata langsung seng­gar-senggur keturon. Mung wae lamun kasetitekake olehe senggar-senggur ngorok iku ora merga anglere sare, na­nging kena prabawaning racun kang mandine kagila-gila. Jalaran kawistara saka padoning lathine sang nata ndle­wer unthuk putih.

Nyumurupi kahananing Prabu Ja­ya­negara, Ra Tanca gugup. Dhe­weke nedya gita-gita oncad saka sanje­roning patunggon.

“He, ngapa kowe arep mlayu saka tilamsarine Sang Prabu?”

Tanca kaget. Tanpa dingerteni asale ujug-ujug Gajah Mada nga­dhang lakune. “Atur ketiwasan, Sang Senapati.”

“Ketiwasan kepriye?”

“Sinuwun Jayanegara….seda.”

“Hah, seda?” Gajahmada nggeret tangane Tanca ginawa mbalik man­jing tilamsari. Gajah Mada njegreg. Prabu Jayanegara pancen wis tume­keng lalis. Gajahmada banjur matah abdi kinen ngundang Dyah Kartikani.

“Wonten wigatos menapa nimbali kula, Sang Senapati?” ujare Dyah Kartikani satekane ing papan kono.

“Ora usah ndadak kumbi marang kajatening tumindakmu!”

“Kersanipun sang Mahasenapati kados pundi?” Dyah Kartikani ora mu­dheng dene dheweke dadi paran tu­tuhane Gajah Mada.

“Kowe kandha yen Sang Prabu wis uwal saka tenung merga kok usa­dani saka kadohan. Ning lha kok saiki panjenengane seda? Kok pateni, iya?”

Dyah Kartikani njola. Dheweke age-age………………

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang mbisu iku “luwih becik” katimbang wong kang guneman ala.

Klik

DOLANAN JAMAN KAWURI

Isih kelingan dolanan kaya ngene iki? Mesthine ing antarane para maos kang wis ‘yuswa’ isih padha kelingan ya. Balapan ban bekas mujudake dolanan jaman kawuri. Seru, murah lan nyenengake. Yuk nostalgia kanthi dolanan nyenengake ing jaman biyen iki yuk… (d/ist)***

Pethilan

E-dagang rame, ritel konvensional rontok

Blanja mung kari klik

Pelajar perlu diajak lunga menyang museum

Aja menyang mal wae…

Sumpah Pemuda dipengeti

Indonesia siji, dudu sing liyane